Milang-miling, Milah lan Milih: Lan Nglegena lan Taling-Tarung:

Milang-miling, Milah lan Milih:
SABEN-SABEN nonton televisi, ngrungakna radhio, mbuka internet isine wong-wong sing padha nggunggung dhiri, sugih kendel bandha wani, rumangsa bisa bakal kuwawa mrantasi bot-repot lan rubedane negari. Maneka warna tetembungan dipantha-pantha, intine mung, Aku sing pantes. Piliha aku!

Kita kamitenggengen, ngelus dhadha. Wit-witan sing maune endah disawang saiki kebak gambare wong-wong sing kepengin dipilih lan lambang-lambang partai. Jaman dhisik wong tuwa wanti-wanti aja ngganggu wit gedhe jalaran ana sing nunggu, nanging ora katon (dhanyang, dhemit, lan sapanunggalane), saiki sing nunggu pating prenges, gemagus, lan kementhus.

Sanajan katone mung milih, sejatine milih kuwi ora gampang. Apa maneh yen sing kudu dipilih pirang-pirang. Wong Jawa kandha, milang-miling milih tebu, malah entuk tebu bongkeng. Milih siji ing antarane loro wae kadhang-kadhang mumet, prelu ati wegig lan penggalih wening.

Ana crita sing bisa dadi kaca benggala bab angele milih. Nalika ngadhepi Harya Penangsang lan Hadiwijaya, Sunan Kudus bingung. Kekarone duwe keluwihan lan kekurangan. Kamangka sikape sunan sing uga katelah Jafar Sodik kuwi bisa ngowahi lakune sejarah. Penangsang duwe hak dipilih jalaran dhewekke minangka turasing kusuma rembesing madu, lajer cer turasing sultan Demak. Dhewekke putune Sultan Fatah. Penangsang uga kendel, wani, teges, lan sekti, tegese kuwawa nyepeng pusaraning adil praja Demak. Nanging, tumrap para sepuh lan pinisepuh, Penangsang kabiji abang: brangasan! Yen basa saiki kritis, kadhang-kadhang kaanggep ora bisa ngajeni wong tuwa, nerak susila.

Sewalike, Hadiwijaya iku mung putra mantune Sultan Trenggana. Yen manut pranatan pancen hake kalah karo Penangsang. Nanging, dhewekke uga sekti, limpat, lan pinter maca kahanan. Solah-bawane gawe sengsem para sesepuh myang pinisepuh sing ngelak sinungkeman.

Nimbang;
Jroning ati milih Penangsang. Kasunyatane, dhewan wali minangka saka gurune kasultanan luwih sreg yen Hadiwijaya sing dadi panguwasa. Kamangka, Sunan Kudus klebu anggota dhewan wali. Kajaba kuwi, sang sunan wis nate janji marang Kebo Kenanga (wong tuwane Hadiwijaya) nalika gawe ontran-ontran lan ora ana prajurit Demak sing kuwawa nadhingi kridhane. Merga pambujuke Sunan Kudus, Kebo Kenanga gelem mati yen ana jaminan anake bisa dadi sultan. Sunan Kudus nyanggupi.

Lakune wektu, wis titi wanci kudu milih. Mula nalika kudu milih, sing dikemas kanthi arep mbabar aji pamungkas, Sunan Kudus mung aweh sandhi, teka-teki, sing Arya Penangsang ora gampang ngudhari. Pilihan ora sida, prekara dadi dawa!

Crita kuwi gambaran, yen arep milih samubarang kudu nimbang lan nglimbang. Yen kepentok kudu selak karo batin merga kahanan, kudu bisa golek cara sing paling wicaksana. Apa maneh magepokan karo urusan lan nasibe negara. Aja nganti kita dadi perangane sejarah sing salah. Sejarah bubrah. Sejarah sing gawe kahanan ora saya apik nanging malah carut-marut.

Saiki sing dipilih ora mung loro nanging pirang-pirang. Ana sing cetha remuk, nanging tetep nekad lan golek rekadaya piye carane rakyat (kawula) ora mudheng. Adol tembung kaya adol jamu. Tembung sing kawetu saka lambene diumbar nemtokake nasibe dhewe. Ora isin. Ora nglenggana babar pisan!

Ana uga sing durung katon remuke, kepengin nyecep madune panguwasa, nglungguhi empuke kursi petinggi. Wong mau ora tidha-tidha nyerang bobroke lawan, miyak wadine liyan, dimen dhirine katon apik, pangajape bisa kapilih. Tetembungane ndakik-ndakik lan gedhe-gedhe. Tokek wae ngguyu. Mendhing jujur ngene:Tulung dhukung aku. Ben uripku ora rekasa terus. Ben aku bisa melu bancakan rotine negari. Mosok wong-wong kuwi terus. Gantian, dong.

Sing remuk lan sing durung remuk, kabeh kepengin menang. Kabeh nganggep yen dadi panguwasa kuwi enak-kepenak lan gampang. Wong-wong mau padha adol jamu, mrane-mrene kandha jamune paling kondhang. Jamune wong liya ora manjur, malah kepara mambu lan mbebayani. Yen prelu, nggasangi lawan dimen mlebu jurang kanisthan.

Sindhir-sindhiran, rasan-rasanan, jegal-jegalan, plirik-plirikan, plorok-plorokan, pinter-pinteran, edan-edanan, kuwat-kuwatan, kongas-kongasan, lan mbuh tembung apa maneh sing saya tambah gawe mumet malah kanggo guyonan (parodi).

Rakyat mlarat diiming-imingi uripe bakal kepenak besuk yen dhewekke kapilih. Tembung-tembung manis diobral. Kyai lan para pengarep agama liyane sing pabawane gedhe disowani kanthi matur nyuwun donga pangestu. Dimen dongane dianggep mujarab, kiaine ngangkon santrine milih wong sing sowan mau. Santrine ora ngerti wong sing sowan mau nyeseli apa marang kyaine.

Paham lan gegebengan dibentur-benturake. Kanggo ngrogoh ati, kadhang-kandhang kuntul dikandhakke dandang, dandang dikandhakke kuntul. Gawe dikotomi-dikotomi sing ora nalar, jungkir balik ora karuan. Jare ana golongan religius, ana golongan nasionalis. Apa wong sing tansah mituhu marang agamane, gegebengane, ora mesthi nasionalis? Apa sing diarani nasionalis kuwi sing gelem apa wae: mendem, dhemenan, agamane mung dadi sampiran, ora cetha?

Sing saiki lungguh kursi (incumbent) nepuk dhadha rumangsa wis bisa ngukir prestasi. Rekadaya lan rekasane rakyat ora dianggep blas. Rumangsane kabeh merga dhewekke. Jare rumangsa sukses nywasembadaake pangan, nanging pating plinthut nalika para kadang tani padha adu bathuk rebutan pupuk.

Ora Pengin;
Yen disawang nganggo kacamata Jawa, kudune sing padha tawa dhiri kuwi ora pantes dipilih. Katone pancen pinter-pinter, peng-pengan tenan, nanging durung mesthi bisa tulus akaya sing diomongake. Pinter kuwi ora mung intelektuale, ilmune (IQ), nanging uga rasane, emosine (EQ), lan gegebengane, agamane (SQ). Wong bodho sing ngaku pinter tansah anggung gumunggung, ugungan sadina-dina. Mongkog atine, rumangsa gedhe lamun dikeploki, disanjung, dibopong para andhahane.

Yen pancen pinter tenan, wong kuwi ora bakal ngatone kepinterane. Bodhone dinokok ngayun. Nanging, kuwi ora teges wong pinter kudu ndhelik ning kamar, semedi, banjur wong-wong teka repepeh-rerepeh njaluk nasihat, suwuk, banjur diwenehi banyu putih (apa bedane karo Ponari?).

Nyilih pamawase Chambers, wong pinter sing bisa mrantasi gawe, yaiku sing bisa mangsuli lan ngejawantahake pitakon iki: kepriye anggonku tumandang supaya bisa ngajak wong-wong kere gumregah, apa aku kudu lan bisa ngubah nasibe wong-wong kuwi, apa maneh sing bisa daktandangi, kepriye carane aku bisa nulung wong liya luwih akeh maneh.

Yen wong-wong sing kepengin dipilih mau bisa wangsulan lan nglakoni wangsulane, pantes yen dipilih. Yen pancen pengin ngowahi kahanan ora prelu ngenteni besuk yen dadi petinggi. Bandha-bandhu mubra-mubru cukup kanggo wong cilik gumuyu.

Ah, dadi pangarep pancen ora gampang. Ewasemono, wong-wong rebut-ducung, salang-tunjang, rebutan. Uga ora gampang milih calon petinggi sing bisa ngugemi piwelinge Sunan Drajat: wenehana mangan marang wong kang luwe, wenehana rasukan marang wong kang wuda, wenehana payung marang wong kang kudanan.

Saiki malah ora mung payung, entasna wong-wong sing kebanjiran! . … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Nglegena lan Taling-Tarung:
TUMRAPING aksara Jawa, nglegena iku tegese tanpa sandhangan: tanpa suku, tanpa wulu, tanpa pepet, tanpa taling-tarung. Tembung-tembung ing abjad Jawa (hanacaraka) kabeh nglegena. Dhene aksara kang kaapit ing taling-tarung, wis ora nglegena maneh diwaca kadidene konsonan lan vocal o, upamane soto, loro. Dadi ing basa Jawa aksara nglegena lan aksarasing nganggo taling-tarung ku ora padha tegese: lara beda karo loro, cara beda karo coro.

Ing basa Indonesia swara nlegena iku ora ana, sing ing basa Jawa iku nglegena ing basa Indonesia dadi a, contone bata (basa Jawa) bata (basa Indonesia), rata (basa Jawa) rata (basa Indonesia). Swara nglegena ing basa Indonesia mung tinemu ing tembung sono ing tetembungan sejak dari sononya.

Tembung-tembung basa Jawa kang nganggo aksara nglegena ing basa Indonesia ditulis nganggo o, upamane jeneng-jeneng kaya Soekarno, Soeharto, Susilo. Aksara o ing tembung tembung mau ora diwaca kadedene taling-tarung, nanging kaya aksara nglegena.

Jenenge kutha-kutha ing basa Jawa diindonesiake upamane Surabaya (Jawa) dadi Surabaya, Ngayogjakarta (Jawa) dadi Yogyakarta (Indonesia). Sing ucapane dadi salah yaiku Solo, rehning ing basa Indonesia nganggo o banjur diwaca Solo (taling-tarung), kamangka sing bener nglegena.

Ing basa Indonesia ora ana vokal a (nglegena), kosokbaline ing basa Jawa vokal a iku sing akeh-akeh mung mujudake owah-owahan saka aksara a (nglegena). Vokal a nglegena iku yen dumunung ana wanda sigeg banjur dadi a, upamane: ana-anane, rasa-rasane. Dhene a (nglegena) sing ana wanda kapisan uga katut dadi a. Miturut ilmu basa (linguistik) a iku sing akeh-akeh mung mujudake alofon saka vokal a (nglegena) sing distribusine komplementer (padha-padha ngganepi). Nanging a iku uga mujudake fonem dhewe, amarga amba (saya) iku bedaha karo amba (luas). Malah saiki jeneng-jeneng Jawa iku akeh kanh nganggo vokal a, kayata: Farida, Aditya, Denada, Alda, lan sapanunggalane.

Sing kerep salah olehe ngucapake iku yen ana jeneng utawa tembung sing ngangoo vokal o lan a (nglegena), umpamane Santoso, Saroso, prayogo, amarga ing basa Indoesia a (nglegena) lan o (taling-tarung) ora dibedakake.

Nalika upacara pengukuhane Prof Dr dr Hardhono Susanto, PAK (K) dadi Guru Besar Fakultas Kedokteran Undip para tamu oleh suvenir sing ana tulisane nganggo aksara Jawa. Bab iku perlu oleh pakurmatan awit Guru Besar Fakultas Kedokteran mau wis aweh kawigeten mirunggan marang aksara Jawa sing umume wis padha dilalekake. Ya mung rehning kabiasaan nulis jeneng Jawa ing basa Indonesia aksara a (nglegena) ditulis nganggo o mula panulise jeneng nganggo aksara Jawa mau rada kurang trep. Ha-layar + dha-taling-tarung + na-taling tarung. Taling-tarung iku yen ing basa Jawa mujudake sandhangan sing mbedakake karo aksara nglegeno upamane: lara (nglegena) sakit karo loro (taling tarung) dua, sata (nglegena) tembakau karo soto (taling tarung) soto. Dadi sing bener ha-layar + dha-nglegena + na nglegena; Dene sing nulis kolom Blencong iki sa-suku + ja-layar + wa-nglegena. . … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s