Gedhe Rumangsa:

IKI dudu wecaning surasane Ranggawarsita. Iki mung unine ramalan Buku Kerangka Dasar Visi 2030, sing wis dibyawarakake ing Istana Negara dening Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) piyambak. Diumumake, 2030 mengko, Indonesia bakal dadi negara sugih lan makmur. Pendhak taun, saben sirah pengasilane 18.000 dolar AS. Lan 200 perusahaan ing Indonesia bakal kagolongake ing urutaning 500 perusahaan sing klebu paling gedhe lan sukses ing jagad internasional.

Ndhak iya? Mengkono panarimane wong-wong, nalika mireng kabar kabungahan mau. Lire, akeh wong kang mangu-mangu, kepara padha gumuyu mergo nganggep kabar iku mung wewatonan sing lucu. Pancen, mbarengi wara-wara mau, Presiden SBY paring sesorah, “Bangsa sing arep maju, kudu ndarbeni impen sing gedhe.” Bener, ngimpi ya ngimpi, ning apa dudu jeneng keladhuk kurang duga yen aku wani ngimpi, menawa 2030 negaraku bakal nglungguhi urutan nomer lima, ing mburine negara China, USA, lan India, sing saiki sugihe wis nyata-nyata saya mbrewa, tan bisa tinandhingake karo negaraku, sing isih sarwa cingkrang lan miskin. Apa impen mau wis adedhasar kanyatan, apa mung mrenthul merga saka aku sing kegedhen rumangsan?

Wiwit mbiyen, para sesepuh Jawi iki tansah paring piweling, muga-muga anak putune ingedohake saka cacading manungsa sing diarani gedhe rumangsa. Aja dhemen gedhe rumangsa. Merga rumangsa sing kegedhen ora bakal klebu ing apa wae. Rumangsa sing kegedhen iku dadi sarwa sesak. Dilebokake nalaring liyan, sesak, mula banjur tinulak. Dilebokake atining liyan, ya sesak, mula mbanjur digeguyu. Kosok baline, aja nganti rumangsane awake dhewe iki banjur dadi keciliken. Mergo yen keciliken ya dadi sarwa logro. Lire, pijer mbrojol meta-metu, ora klebu. Manungsa dadi cilik aten, clingas-clingus, kaya bocah sing ilang wanine lan sirna anteping tekade.

Mula, ngelmu Jawi ngelingake, apa sing kebangetan kuwi mesthi ora trep kanggo panguripan. Tegese, aja nganti aku ginodha dening rasa arep mbanget-mbangetake. Dadi mbangetake anggonku gedhe iku kliru, nanging mbangetake anggonku cilik iku uga ora bener. Kebangetan anggone gedhe malah mung murugake sesak. Ning kebangetan anggonku cilik ya murugake aku logro. Sesak, ora bisa mlebu. Logro, ya mung meta-metu.

Amrih bisaa ingedohake saka rasa arep mbanget-mbangetake, aku kudu eling wewarah sing kerep kepireng iki: Ngono ya ngono, ning aja ngono! Saka reroncening tembung, wewarah iku pancen mung prasaja. Nanging wewarah mau sejatine ngemot surasa sing jero. Lire, wewarah mau ngandarake bab dunungne kasampurnan. Kasampurnan mau dununge ora ana ing kiwa utawa tengen, gedhe utawa cilik, sugih utawa miskin, mulia utawa nista, bener utawa luput, ning ana ing tengah-tengahing kiwa lan tengen, gedhe lan cilik, sugih lan miskin, mulia lan nista, sarta bener lan luput. Kebangetan anggonku rumangsa gedhe, sugih, mulia lan bener, iku bakal njlomprongake aku ing rasa sumengah sesongaran. Tundhone, aku ya mung bakal rubuh. Kosok baline, kebangetan anggonku rumangsa cilik, miskin, nista lan luput, iku ya mung murugake aku dadi pinidhak-pidhak tanpa aji, pribasane, luwih aji cacing tinimbang dhiri pribadiku.

Mula aku kudu tansah ngupadi dalan tengah. Tegese aku prelu tansah ndunungake awakku, amrih aku ora kegawa mrana-mrena, kintir ing kana-kene, nganti aku ora dhong babar pisan marang awakku dhewe. Sejatine, dalan tengah, lan dunungake dhiri amrih aku dhewe sing dadi pancer lan punjering uripku, yaiku mau sing dadi wosing wewarah para lelehur Jawi: Ngono ya ngono, ning aja ngono. Wewarah mau prelu dak ugemi, supaya aku ora rumangsa sugih-sugiha dhewe, bener-benera dhewe, lan kajen-kajena dhewe. Aja kebangetan anggonmu mbanget-mbangetake dhirimu, yaiku sari patine wewarah Ngono ya ngono, ning aja ngono!

Gegandhengan karo rembug ing dhuwur, saiki aku pancen duwe impen sing banget dhuwure mungguhing Indonesia taun 2030. Ning tumrape wong cilik, impen mau rasane mung ngaya wara, penggayuh sing kegedhen rumangsa. Penggayuh mau ora bakal lumebu ing nalar lan atine wong cilik. Piye wong cilik bis precaya, wong dheweke tansah nyekseni, saben dina negara iki meh ludhes diorot-orot dening korupsine wong-wong gedhe lan sugih. Piye arep wani ngimpi urip mbrewa lan makmur, wong saiki beras terus larang regane. Mula tumrape wong cilik, sing bener dudu janjine Indonesia Visi 2030, ning kanyatan kang wineca ing surasane Ranggawarsita iki: Jamane jaman edan, wong cilik ora tau keduman. Lire, katilik saka surasane Ranggawarsita, Visi 2030 mung wecan sing nyenyamah marang nasib lan ksangsarane wong cilik. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s