Getun Ora Nganti Keduwung:

SABEN wong mesthi tau kedunungan rasa getun. Nanging sebabe nganti getun lan kepriye anggone ngadhepi, mesthi ora padha antarane siji lan sijine. Klebu, getun jinis apa sing dianggep paling digetuni lan kepriye bisa uwal saka rasa getun murih ora nganti keduwung.

Umume getun iku dianggep tiba buri. Tegese, thukule rasa getun merga saka patrap utawa tumindak sadurunge, utawa malah sadurunge ora tumindak apa-apa.

Iya, tumindak sing luput utawa sing ora samesthine bisa dadi jalaran thukule rasa getun. Nanging ora tumindak apa-apa, bisa wae marakake getun. ”Ah, upama mau gelem tumindak, mesthi ora bakal kaya ngene dadine,” upamane.

Cedhak karo rasa getun yaiku gela. Anane gela merga njomplang antarane pengarep-arep utawa pengangen-angen karo kasunyatan sing ana. Sing diangen-angen ngene, jebul kasunyatane malah ngono. Bisa uga jan-jane ora ngono upama ditandangi utawa malah yen ora ditandangi, nanging jebule malah ngene.

Keladuking tumindak, klebu keladuking muna-muni, sing sok-sok mung merga nuruti hardaning nepsu, kerep njalari kapitunan. Kapitunan mau sing banjur ndadekake getun.

Getun sing kebacut dadine keduwung. Kuwi sing sing paling ndrawasi. Kuwi sing paling mbebayani, merga sisip sembire rasa keduwung bisa marakake kabilahen.

Lire mangkene. Saka rasa getun sing banjur nganti keduwung mau, sing ana mung gela karo kuciwa. Bebarengan karo kuwi, pengare-arep sing tau ana banjur kelindhih. Emane, kelindhihe pengarep-arep lawat ora banjur disulami kanthi pengarep-arep anyar. Jroning rasa keduwung sing ana uga rasa ora narimakake marang kang sinandhang, ora lila marang kahanan sing lagi gumelar. Kronise maneh, kabeh dianggep sarwa nggelani, saengga ora mokal manawa banjur ana wae sing nekad kanthi kendhat nggantung tali murda.

Pengarep-arep;
Gedhe lan cilike rasa getun, jero lan cetheke rasa keduwung, pancen ora uwal saka gedhe lan cilike utawa cethek lan jerone pengarep-arep. Saya dhuwur lan gedhe pengarep-arep kuwi, temene saya gedhe uga potensine dadi rasa getun-keduwung. Dene saya cilik lan cethek pengarep-arep mau, temene cilik uga potensi thukule getun, apamaneh keduwung.

Yen mengkono, apa banjur luwih apik yen duwe pengarep-arep kuwi aja jero-jero utawa gedhe-gedhe? Mesthi wae ora banjur kaya mangkono. Merga apa? Merga, kosokbaline getun, yaiku marem, bungah, lan sapiturute, ora uwal uga saka wani lan orane duwe pengarep-arep, uga gedhe-cilike pengarep-arep mau. Pancen, bisa wae ana sing diarani faktor ndilalah utawa sing ora kenyana-nyana, nanging mesthi urip ora mung bisa sumendhe marang ìsing ora kenyana-nyanaî mau. Urip kudu wani duwe pengarep-arep lan ngrekadaya amrih kaleksanane pengarep-arep. Aja kandheg ing pengarep-arep wae.
Lan manehe, kanthi wani duwe pengarep-arep sarta tapa kendhat njaga marang pengarep-arep mau, temene wong ora bakal kedunungan rasa getun sing nganti tumeka keduwung. Dadi, aja nganti kepaten pengarep-arep!

Kejaba mlesete pengarep-arep, salah pilih uga kerep gawe getun. Nalika wong nibakake pilihan, temene wis linambaran rasa percaya ñmesthi wae kuwi ing tataran ”ormal-normal” wae. Nalika nibakake pilihan, ing kono uga dumunung pangarep manawa sing dipilih iku bener, senajan bisa wae olehe milih iku merga kepeksa utawa pancen ora ana pilihan liyane. Bokmanawa yen pilihan iku lelandhesane mung kepeksa utawa timbang ora milih, getune ora bakal sepiraa.

Mulane ing bab nibakake pilihan, sing mengkone bakal melu nemtokake laku jantraning urip, ora kena angger milih. Contone nalika milih sisihan kanggo urip bebarengan. Iki mujudake pilihan sing ”yen gampang luwih gampang, yen angel angel kalangkung” merga ”luput pisan kena pisan” lan ”tan kena tinambak arta”.

Ora mung nalika golek sisihan, golek guru wae kudu setiti, merga yen ora mesthi bakal getun tiba buri. Wulangreh yasan Sri Paku Buwana IV wis paring penget: lamun sira ameguru kaki/ amiliaha manungsa kang nyata/ ingkang becik martabate/ sarta kang wruh ing kukum/ angibadah lan kang ngirangi/ sokur oleh wong tapa/ ingkang wus amungkul/ tan mikir pawewehing lyan/ iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

Prayitnaning Batin;
Pancen, murih getun ora saya dadi keduwung, sabarang tumindak, muna, lan muni, kudu sarwa setiti lan prayitna ing batin. Ya, waspada. Ora kaya Sumantri sing sekawit mung kepengin ngagak-agaki adhine, Sukasrana, supaya sumingkir saka kompleks Taman Sriwedari. Nanging amarga kurang prayitna, keris sing diagak-agakke temahan tumama ing awake adhine; dadi lan patine.

Semono uga Bisma, sekawit mung ngagak-agaki Dewi Amba amrih lunga. Nanging jebul Amba nekad, nubruk curiga sing ana tangane Bisma. Dadi lan patine uga.

Sumantri lan Bisma padha-padha rumangsa getun. Rasa getun sing uga kudu ditambak kanthi prajanji kekarone, Sukasrana lan Amba, ing tembe bakal methuk pati wong sing wis negakake. Getun sing wis gepuk senggol karo pati, kira-kira kuwi jinise getun nomer siji. Getun sing paling nggetuni.

Pancen kanggo meper kabeh rasa getun sing ana mung tetembungan ìBarang wis kebacut arep dikepriye maneh. Digetunana, ditangisana mesthi ora bakal bali.î Pancen kudu tansah duwe patrap ”lila lamun kelangan nora gegetun sarta trima yen kataman, saserik sameng dumadi” kanthi ”trilegawa nalangsa srahing Gusti”. Nanging mesthi wae sing luwih dening prayoga, sabarang tumindak muna-muni kudi tansah linambaran ing kaprayitnan. Ora geseh karo sapada tembang iki: Patitising lakunira/ waskitheng lampahireki/ samubarang pinikirna/ tan grusa-grusu sayekti/ tinimbang kang taliti/ tumindak tan kumawantun/ angger purun lan sagah/ tan wurung wekasan tuni/ mangka getun keduwung nora piguna.

Mula, ing pada candhake uga dipratelakake: Lamun sira darbya sedya/ ywa kadereng hardaneki/ lumuh aglis kalakyanta/ lupa daksina myang paksi/ tan wruh jantraning margi/ ngangsa lir wataking diyu/ luhung ris linimbanga/ mirid kaoting tyasreki/ jinumbuhna klawan sanggya kawikanta.

Yen wis prayitna, nanging jebul dadine mleset saka pangangen-angen, ora ana liya maneh kejaba ”sabar lan trokal”. Sabare dieling-eling, trokale dilakoni! … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s