Supaya Ora Getun Keduwung Tiba Buri:

NALIKA “sing dikudang mrucut saka embanan”, sing ana mung rasa getun. Nalika sing diangen-angen, kasunyatane tiba ing kosok balen, sing kari mung rasa keduwung. Bareng karo kuwi, pol-pole kedale lisan ya mung bisa, “Ngertiya ngono….”

Wis akeh conto ngenani bab kuwi, keri-keri iki. Bocah sing bebasan durung ilang pupuk lempuyange, sing mengkone digadhang-gadhang bisa nyambung sejarahe wong tuwa, bisa mikul dhuwur mendhem jero, jebule tega ngendhat tali murda amarga rumangsa ora saguh nampa panyendhune liyan awit ora lulus ujian. Ya, perkara sing temene empreh lan ora angel digolekake dalan liya, nanging dianggep minangka pratandha wis kiyamat lan enteke pengarep-arep.

Ana maneh bocah sing dianggep meneng, mbangun miturut marang wong tuwa, lan tata trapsilane ora kurang ing saben dinane, nanging nyatane mentala tumindak culika. Utawa, bocah wadon sing ing tata lair nduwe patrap kaya mangkone, jebule nyolong pethek: durun omah-omah wis kudu “nggendhong bocah”.

Kabeh mau, mesthi wae ora mung njalari rasa dhuhkita tumrap wong tuwane, nanging uga rasa cuwa sarta getun-keduwung. Getun, yagene nganti kecolongan ilange masa depan tumrap si bocah.

Nanging yen wis kebacut, arep dikapakna maneh. Ibarate sega wis dadi bubur, sengara bisa baline. Apamaneh yen pancen wis ginaris ora gelem “dimong” maneh. Aluwung ngempakake patrap kaya kang kaweca ing Wedhatama: “lila lamun/ kelangan nora gegetun/ trima yen kataman/ saserik sameng dumadi/ trilegawa nalangsa srah ing Bathara”.

Sabar, narima, lan lila legawa, klebu mupus marang pepesthen linambaran pasrah sumarah mring purbaning Kang Kuwasa, pancen patrap kang luwih dening utama tinimbang tumindak-tumindak liya kang bisa gawe kapitunan. Kapitunan tumrap dhiri pribadi, apa maneh kapitunan tumrap liyan. Kapitunan sing tundhone malah bisa nuwuhake rasa getun keduwung liyane.

Nanging rasa cuwa, getun, lan keduwung iku anane dudu tanpa sebab. Ora bisa, tanpa udan-angin ibarate, ujug-ujug getun, apa maneh dumadakan rumangsa keduwung.

Mulane sebab musabab thukule rasa kasebut prelu ditlesih, perlu diwiyak, sarta dingerteni. Pamrihe, kejaba kanggo ndunungake dhodhok selehe perkara, uga kanggo pancadan ing tembe buri supaya ora bakal mbaleni maneh, ora bakal cuwa sarta getun-keduwung sing marambah-rambah.

Nanging luwih saka kuwi, getun keduwung tiba buri iku yektine tanpa piguna. Ora ana paedahe, kejaba mung nglelara ati, yen ora malah gawe swasana sing wis ora nyenengake dadi sangsaya ora karu-karuwan. Banjur?

Antisipatif;
Ana unen-unen “sapa nandur ngundhuh”. Apa kang saiki kapethik, temene mujudake woh saka tandurane tumindak sadurunge, embuh akeh embuh sethithik; embuh gedhe embuh cilik. Tandurane dhewe, dudu tandurane sapa-sapa, mula ora prelu ngluputake sapa-sapa kalamun wohing tanduran iku jebul ora nyenengake ati.

Mulane uga, supaya sing thukul lan ngrembaka iku dudu woh kang arupa gela , getun, sarta keduwung, sabarang kalir kang bisa ngloropake mrono, prayoga diendhani sarta didohi.

Pancene ana prakara-prakara kang dadi kekerane jagad, luwih-luwih ing babagan rejeki, jodho, lan tibane pepesthi. Ewasemono, manungsa tansah diwenangake mbudi daya. Mbudi daya amrih uripe luwih apik, mbudi daya amarga Gusti temene ora bakal ngowahi nasibe bangsa utawa manungsa sauger bangsa utawa manungsa kasebut ora nduwe krenteg kanggo ngowahi dhewe nasibe.

Semono uga gegayutan karo rekadaya amrih ora cuwa-gela sarta getun-keduwung tiba buri. Waspada, awas, sarta eling ing sabarang kalir, senajan keprungu wis klise tembung-tembunge ing jagad “Jawa”, nanging yektine dadi pambukane warana kanggo ngawekani bab iki.

Lire mangkene. Tembung saklimah, tindak sapecak kudu tansah linambaran pikir kang wening, rasa kang sumeleh, sarta karep kang manteb -tan malang tumoleh. Muna-muni ora angger, nanging kudu linambaran menebing budi, dudu nepsu kang makantar-kantar.

Geneya mengkono? Ing bab tembung saklimah, aja dikira ora gedhe pangaribawane. Akeh dedongengan sarta crita Jawa kang ngandharake daya perbawane tembung saklimah sing bisa ndadekake getun keduwung tiba buri.

Merga kesurung saka rasa jengkele, jalaran Rara Jonggang nampik digarwa amarga reca sarta candhi sing kudune digawe sawengi ora ganep sewu, Bandung Bandawasa nganti kewetu ucape marang Rara Jonggrang. “Yen ngono, genepe kowe.” Sakala, Rara Jonggrang ora bisa obab maneh jalaran dadi reca, nggenepi sing sangang atus sangang puluh sanga dadi sewu. Meh padha karo kuwi, ipat-ipate ibune Malin Kundang marga si anak ora gelem ngakoni simboke mula diipat-ipati dadi watu.

Nanging crita loro mau paha ending-e, rasa Cuma, getun, lan keduwung jalaran ketrucut unine.

Ketrucut omongan sing nyebabkan rasa gela sarta getun-keduwung uga dialami Arjuna nalika munggah kahyangan. Amarga dianggep gedhe lelabuhane dening dewa, panengahe Pandhawa iku entuk nugraha arupa panyuwun kang bakal dipinangkani dening jawata. Tenan, sing disuwun kamenangan sarta keslametane Pandhawa mengkone ing Baratayuda. Mung kuwi.

Semar sing dadi pamomonge, temene wis asung sasmita. Nanging Arjuna orang tanggap, nganti sawise “lawange kanugrahan” ditutup, Semar celuluk, “Kok Ndika boten nyuwunaken keslametanipun para putra, Den?”

Wangsulane Arjuna, “Yen ngono, apa putra-putra Pandhawa bakal nemahi pati ing Baratayuda.”

Retoris pratelane Arjuna, nanging numusi, sing banjur ndadekake rasa getun-keduwunge. Nanging kepriye maneh jeneng wis kebacut.

Rasa getun keduwung sing ora kalah “nggegirisine” dialami dening Dewi Sukesi kalawan Begawan Wisrawa sing mesthine dadi maratuwane. Merga kalimput dening hardaning kanepson, ora mung wong loro iku sing nampa bebendu, nanging uga turune. Tujune, Wisrawa lan Sukesi ora mung kerem ing rasa getun keduwung, nanging nyoba ndandani urip sing luwih apik, satemah senajan kebacut nurunake mahaangkara Dasamuka, nanging uga kasil nglairake Kumbakarna lan Gunawan Wibisana.

Mula, amrih ora gela , getun-keduwung tiba buri, kejaba sing kenceng kendhite, prayoga nggatekake tetembungane para panatacara pawiwahan penganten nalika nyandra kirab: awya gumampang mundhak katunjang-tunjang, awya grusa-rusu mundhak kliru. Balike sing prasaja dimen mulya, sing ati-ati dimen ora anemu bilahi, sing awas dimen ora anemu tiwas. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s