Aji Mumpung: Amerangi Jaman Edan: lan Ngundhuh Wohing Penggawe:

Aji Mumpung:
ANA tetembungan “aji mumpung” lan “ngaji pupung”. Tetembungan mau loro-lorone bener, bedane “aji mumpung” luwih mengenake tembung aran, yaiku ananing aji-aji sing jenenge “mumpung”, dene “ngaji pupung” nengenake tembung tanduk, yaiku ngaji-aji utawa ngregani banget marang kalodhangan utawa kesempatan. Dadi surasane padha bae, ing tetembungan aji mumpung kalodhangan kang bisa aweh kauntungan iku dianggep kadidene aji-aji, dene ngaji pupung kalodhangan mau diaji-aji lan diurmati banget.

Aji iku tegese duwe pangaji kang larang utawa “sangat berharga”. Diaji-aji iku tegese diumpati, dipundhi-pundhi. Aji iku asring kanggo sesebutaning ratu utawa pendhite, upamane ing tembung Kanjeng Dewaji Sang Aji Panembahan. Aji-aji iku nduweni sifat kang ampuh, sifat supranatural kang dadi sifat kandele sing duwe aji-aji mau. Aji-aji iku upamane: Aji Pancasona. Aji Condoirawa, Aji Gelap Sayuta, lan sapanunggalane.

Aji mumpung iku nduweni surasa kang negatif lan ironis, kayadene tetembungan “bandha nekad”, “modal dengkul”. Aji mumpung ora nduweni sifat sakral utawa supranatural senajan nduweni “nilai ekonomis”. Aji mumpung utawa ngaji pupung klebu ewoning sifat utawa tumindak kang ora becik.

Kanggone wong sing ngaji pupung, mumpung utawa kesempatan perlu diaji-aji lan dimanfaatake kanggo golek kauntungan. Mumpung-mumpung iku upamane: mumpung kuwasa, mumpung lagi nglungguhi “jabatan sing basah”, mumpung dipercaya nyekel dhuwit, mumpung dadi anggota DPR. Aji mumpung iku mung golek kauntungan kanggo awake dhewe, kulawarga utawa golongane, kanthi gawe rugine negara lan masyarakat. Aji mumpung iku bisa dadi sumbering korupsi sing ngrugekake wong akeh.

Mumpung iku uga duwe teges kang becik, yaiku menawa kalodhangan mau digunakake kanggo tujuwan kang becik, upamane: mumpung isih enom ngudiya kawruh kang migunani, mumpung lagi ora akeh gaweyan, resik-resika omah. Mumpung iku nuduhake amane kesadharan ngemani wektu, marang kalodhangan kang yen wis kliwat ora bakal bali maneh. Manungsa kudu metung wektu supaya ora dioyak-oyak wektu, supaya ora keri karo playuning wektu. Wong sing ngaji pupung iku duwe kesdharan manawa kalodangan mau ora dimanfaatake, yen wis kliwat ora bakal bali maneh. Mula kalodhangan mau kudu dimanfaatake kanggo golek kauntungan sing akeh.

Kedereng kekarepan lan kamurkan numpuk banda, banjur akeh pranatan utawa wewaler kang diterak. Wusanane, yen wis kebak sundukane, bisa kadenangan lan dadi prakara ing pengadilan. Saliyane mlebu tahanan, yen wis divonis hakim kudu mlebu lembaga pemasyarakan, malah isih kudu mbalekake dhuwit sing wis dikorupsi.

Wong sing ngaji pupung iku kaya-kaya wis ilang rasa kamanungsane. Wong mau ora nduwe welas marang sapadha-padha kang uripe luwih rekasa. Jiwane kebak angkara murka, mentingake dhiri pribadi lan ora ngrewes kasangsaraning liyan. Korupsi lan aji mumpung kang wis ngambra-ambra iku gawe saya sangsarane rakyat. Ya sifat aji mumpung mau sing nyebabake Indonesia ora bisa enggal dadi negara sing maju.

Aji mumpung iku tansah gandheng kunca karo korupsi, kolusi, lan nepotisme (KKN). Muga-muga niate pamarentah ngadani peprentahan kang resik lan mbrasta korupsi ora mung mandheg ana ing rembug (wacana), nanging nyata-nyata dileksanani, saengga sing jenege aji mumpung iku dudu aji-aji maneh. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Amerangi Jaman Edan:
PRAHARA dateng gilir-gumantos. Senajan kathah ingkang nyebataken punika prahara alam, nanging sakjatosipun ugi amargi sembrananing manungsa. Amargi srakahing para punggawa. Amargi kita sadaya sami kesupen dateng kawruh “Sangkan paraning dumadi”, ngengingi asal lan tujuanipun sadaya makhluk gesang. Kula lajeng kengetan geguritanipun Gojek Joko Santoso: Singapur gerimis/ Malaysia jawah deres/ Saudi Arabia hawa benter/ Alaska hawa asrep / Indonesia…hawa nepsu.//

Nepsu pados jabatan, pados kuwaos, pados donyabrana, pados sembarang kalir kanthi patrap ingkang tebih saking kasantunan. Sakraup kemawon sampun cekap kok sakranjang rumaos taksih kirang. Supe kaliyan wejanganipun para sepuh: Tiji tibeh, pejah setunggal pejah sedaya. Mukti setunggal mukti sedaya.

Miturut para ahli, senajan jawah nggrejih pinten-pinten dinten, manawi alas boten dipun babat, manawi lepen boten dipun serbu griya, manawi selokan boten dipun sumpel runtah lan plastik, manawi kuburan boten dipun sulap dados kantor, manawi tambak boten dipun urug dados pabrik…boten bakal wonten kedadosan prahara banjir bandang kados ingkang dipun alami kitha Jakarta ing awal Tahun Babi 2007 punika.

Manungsa, khususipun para pangageng jaman sakpunika, sajak sampun boten gadhah sesambutan batin kaliyan alam lingkungan lan Gusti, ingkang sampun paring panggesangan lan karaharjan.

Jaman punika saged dipun wastani jaman gemblung, jaman edan, kadosdene tembang Pucung pethikan Serat Centhini:

Nawung kridha kang menangi jaman gemblung/ Hiya jaman edan/ Ewuh aya ing pambudi/ Yen melu edan yekti nora tahan/ Yen tan melu anglakoni wus tartamtu/ Boya kedumanan/ Melik kaling donya iki/ Satemahan kaliren temahanira.//

Miturut Jangka Jayabaya, pitedhah ingkang kedhah dipun ugemi inggih punika kalimat pungkasanipun: Sakbeja-nejane sing lali, esih beja sing eling lawan waspada.

Eling;
Sumangga sami eling dateng pandam, pandom lan panduming dumadi. Pandam punika tegesipun cahya ingkang sumunar. Pandom ateges arah, tujuan gesangipun manungsa. Panduming dumadi ateges keselarasan takeran sebab-akibat saking Gusti ingkang Maha Kuwaos (Damardjati Supadjar: Filsafat Ketuhanan, 2000).

Mangga sami dipun anggit lan raosaken Macapatan saking Ki Hadi Suranto ingkang kapacak Kalawarti Basa Jawi Damarjati edisi paling enggal 28 Februari 2007:

“Cegah dhahar lawan nendra/ Hardeng nepsu den kirangi/ Pra Bramana lan Narendra/ Lan sanggya kawula dasih/ Kramas jamas sesuci/ Angruwat malaning kalbu/ Mrih raharjaning praja/ Kinayoman ing Hyang Widhi/ Ya mangkono kang kaweca jroning Wedha.//”

Manawi kahanan ingkang boten sakeca akibat prahara punika boten enggal dipun ewahi dening kita sadaya, menungsa ingkang dipun wastani menus-menus ora rumangsa, donya punika lajeng saged dados neraka. Kadosdene ingkang dipun ngendikakaken Ki Endraswara saking Ngayogyakarta Hadiningrat:

“Wong cilik bakal padha mendelik, wong tani rumangsa ditaleni, wong dora malah ura-ura, wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah.”

Jayabaya nyebataken ngengingi Jaman Tri-Kali. Sepindah, Jaman Kali Swara: sakderengipun taun 700. Kaping Kalih, Jaman Kali Yoga: taun 701 dumugi 1400. Kaping Tiga, Jaman Kali Sengara: taun 1401 dumugi 2000. Khusus Jaman Kali Sengara dipun perang dados 5 perangan inggih punika:

Kala Jangga: taun 1401-1500
Kala Sakti: taun 1501-1600
Kala Jaya: taun 1601-1700
Kala Bendu: taun 1701-1800
Kala Suba: taun 1801-1900
Kala Sumbaga: taun 1901-2000

Wondene abad millennium utawi abad 21 dipun sebataken ngangge sebatan Kala Surata: taun 2001-2100, kanthi ancer-ancer Darmana (omber manahipun); Watara (ngatos-atos) lan Isaka (pangeran). Manawi boten dipun gatekaken, boten namung prahara alam ingkang tambah ngedab-edabi, ugi prahara kabudayaan lan peradaban ingkang badhe nambah risaking gesang kita sadaya lan anak putu.

Tandha;
Tandha-tandhanipun sampun kathah: “Kali ilang kedhunge; Pasar ilang kumandhange; Wong wedok ilang wirange; Wong lanang ilang kaprawirane”. Jangka Jayabaya nyebataken “Akeh tesmak bathok, mlorok ora ketok; akeh wong wadon rebutan guru laki; akeh bayi lahir bingung nggoleki bapake; akeh wong mati mung merga dicokot lemut”.

Kangge ngowahi kahanan supados boten katerak cakra manggilinanipun Jaman Gemblung, kita sadaya kedhah saiyeg saekapraya “Amerangi Jaman Edan”.

Sepindah, kanthi prinsip Tata-Titi-Tentrem.
Tata, ateges wonten rencana kangge ngatur samudayanipun.
Titi, ateges kedhah ngawasi kanthi ngatos atos lan teliti, sampun ngantos wonten ingkang ketriwal.
Tentrem, ateges ayem, aman, tenang, ngremenaken manah.

Kaping kalih, kedhah sakmadya ing sabarang kalir, boten kenging srakah, ngaya, lan ngayawara.

Kaping tiga, tepa slira, boten namung ngutamakaken akal (otak) nanging ugi raos (batos), ngengeti bilih dipun jiwit punika kraos sakit inggih sampun ngantos remen njiwit tiyang sanes.

Kaping sekawan, empan papan, inggih punika keluwesan dipun selarasaken dateng kawontenan, wonten subasita lan tata kramanipun.

Kaping gangsal, bener lan pener, ateges boten waton gondhelan dateng aturan nanging ugi wewates, adat, tatacara ingkang taksih dipun ugemi masyarakat.

Kaping nem, rukun lan urmat, kadosdene pitedah tiyang sepuh: “Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa”, utawi “Ajining diri suka lathi, ajining raga saka busana, ajining awak saka tumindak.”

Kaping pitu, luwes lan toleran, kados dene petatah-petitih “Ngono yo ngono ning mbok aja ngono”, utawi “Aja dumeh, aja mitenah, aja sewiyah, aja waonah, aja srei-drengki-jail-methakil, aja aji mumpung, aja adigang-adigung-adiguna”.

Kula pitados bilih kajawi saking ajawan Jawi werni pitu ing nginggil punika taksih kathah ajaran sanesipun ingkang boten kalah mentesipun. Nanging kula ugi pitados manawi ajaran ingkang pitu punika dipun laksanakaken ing sakdinten-dintenipun, Insya Allah Gusti Ingkang Mahawelas lan Asih boten bakal badhe nambah kasengsaran kita kanthi prahara-prahara saklajengipun. Mugi-mugi kita sadaya saged damel langit mlengkung dados kubah mesjid, gereja, klenteng, vihara, ingkang aromanipun swarga. Amin. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Ngundhuh Wohing Penggawe:
ANA tetembungan sing unine “Sapa sing nandur bakal ngundhuh”. Unen-unen iku ana sambung-rapete karo “Ngundhuh wohing penggawe” utawa “ngundhuh wohing pakarti”. Lire, kahanan sing disandhang saiki ora uwal saka penggawe utawa pakarti sing wis ditindakake. Kahananing urip, bungah susah, begja cilaka, sugih mlarat, kabeh mau keh-sithike mujudake wohing pakartine dhewe.

Apa kabeh sing nandur iku mesthi ngundhuh? Lha nek tandurane ora thukul, sawahe puso, apa sing bakal diundhuh? Yen sing ditandur penggawe sing ora becik adate bakal ana wohe; yen sing ditandur iku kabecikan durung mesthi wohe bakal dirasakake. Sing ngundhuh ora mesthi sing nandur, tarkadhang sedulur utawa anak putune. Tumindak becik utawa nandur kabecikan kuwi apike kawawas minangka kewajiban, dadi ora perlu diarep-arep pituwase.

Pakarti kang ora becik iku mesthi ana undhuh-undhuhane. Mula manungsa iku kudu bisa mawas dhiri, pakarti apa bae sing wis katindakake sing undhuh-undhuhane bisa gawe ora kepenaking uripe. Kanthi mangkono manungsa ora bakal gampang nyalahake wong liya, nyalahake nasib, nyalahake takdir, sing ateges uga nyalahake Sing Gawe Urip.

“Sing sapa salah seleh”, tegese sapa sing tumindak culika iku bakal nemu kasangsaran. Manungsa iku percaya menawa Gusti Allah iku Mahaadil. Manungsa percaya menawa ana hukum sing luwih adil ing sandhuwuring hukum negara utawa masyarakat. Saben negara duwe pranatan utawa hukum dhewe-dhewe. Hukum gaweyane manungsa iku tarkadhang kurang adil, luwih-luwih cak-cakane. Pidana kang kapatrapake tarkadhang sok ora samurwat karo kaculikane. Sogok-sogokan utawa suap-menyuap wis kaprah ing proses pengadilan. Sing diarani “mafia peradilan” iku dudu mitos utawa critra kang ngawayara.

Hukum sing luwih adil yaiku hukum alam, hukum karma, hukum gaweyane Sing Mahaadil. Senajan manungsa bisa ngendhani pamidanane hukum negara, manungsa ora bisa uwal karo Mahahukum gaweyane Sing Akarya Jagat. Asring ditembungake menawa “Gusti Allah iku ora sare”, lire sakabehing tumindak ala lan becik iku tansah kapirsan. Ananing Gusti Allah iku uga “Maha Pengampun”. Sakabehing dosa iku yen wis disadhari, diakoni, lan sabanjure wong mau mertobat, mesthi bae bakal pinaringan pangapura.

Tetembungan “Ngundhuh wohing penggawe” iku bisa diarani “kearifan lokal” utawa kawaskithaning masyarakat Jawa anggone merdeni lan mahami urip lan panguripane. Dadi, sumbering undhuh-undhuhan iku dumunung ana pakartine dhewe, mula manungsa kudu tansah ngati-ati nalika tumindak utawa makarti.

Apa sakabehing panandhang iku asale mesthi saka pakartine dhewe? Apa lindhu gedhe, tsunami, lendhut panas sing nuwuhake panandhang tumrap sebageyan masyarakat Indonesia uga mujudake wohing pakarti? Dosa utawa pakarti ora becik apa sing nuwuhake panandhang mau? Nalika pemerintah ngundhakake rega bahan bakar minyak (BBM) sing tambah gawe rekasane rakyat, yen petani rugi marga pamarentah ngimpor beras, iku apa ya rakyat cilik utawa petani sing dosa?

Pakarti iku ana sing sifate “makro” ana sing sifate “mikro”, ana sing sifate kolektif, ana sing sifate pribadi. Pakarti ora becik utawa dosa iku ana sing arupa dosane wong akeh, dosane negara, dosa turun-temurun, lan dosa pribadi. Dosa sing kaya ngono mau tarkadhang sing ora melu-melu ya katut ngundhuh; dadi, ora pilih-pilih, sapa bae ngundhuh wohe. Ananing proses mau durung rampung, sifate isih sementara. Sabanjure mbokmenawa ya mung sing makarti sing ngundhuh wohe.

Sakabehing tumindak iku kudu dipetung utawa dilimbang-limbang kanthi premati, awit kabeh mau sing bakal ngundhuh ora liya ya awake dhewe. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s