Latar Ilang Jembare:

BIYEN, meh saben omah nduwe latar. Jembar lan ciyute nuduhake wibawane sing nduwe, uga ­sugihe. Resik lan regede, asri lan orane, nuduhake opËn lan orane sing ngenggoni. Minangka ­perangane omah, tritisan lan latar mujudake rai sing bisa nuduhake rasa sumringah utawa kosok balene, uga kanggo sapa aruh marang sapa wae.

Nalika nggambarake Dalem Wiragunan utawa Dalem Kanoman ing buku Omah (2000), Revianto Budi Santoso ngandhakake manawa dalem kuwi dumadi saka sawetara plataran. Dalem Wirogunan dhewe mujudake community house, sing ora mung dinggoni dening kulawarga ningrat, nanging uga bebasan kinepung dening kulawarga magersaren.

Plataran pokok loro mau katata sacara aksial memburi, dene plataran loro liyane, sing luwih rupak, malang saka kulon mengetan. Plataran ngarep nduwe peran pokok minangka ruang publik, uga minangka papan tinarbuka di satengah-tengahe pedunungane para magersaren. Plataran mau punjere ana pendhapa sing ngadeg ana tengah-tengahe. Pendhapa lan plataran iku uga mujudake ruang publik.

Ora nggumunake yen plataran iku banjur dadi papane bocah-bocah dolanan, dene sing tuwa uga padha ketemu ing kono kanggo ngobrol, kapara wong-wong sing padha dodol jajan uga nggelar dhasarane.

Kaya sing diandharake dening Mangunwijaya (1988), kabeh kang asipat intim utawa keramat diarani dalem (njero) utawa penaten (papane wong tani) lan sing jaba, sing kanggo srawung karo masyarakat diwenehi jeneng plataran utawa jaba (latar jaba). Ing jero plataran dumadi dialog (srawung) antarane sing manggon ana omah saka njero karo masyarakat sing ana ing jaba. Ing papan iki dibangun pendhapa, sing tegese wangunan tambahan, papan sing nduwe omah ketemu karo tamu-tamune. Kanthi mangkono, tumatane dalem sing sakral lan pendhapa sing profan nuduhake kaya ngapa serasine dialektik antarane sesambungan vertikal marang Gusti karo sing horizontal marang sesamane manungsa.

Plataran ing Desa;
Mesthi wae platarane dalem, luwih-luwih kayadene Dalem Wiragunan mau, beda karo omah-omah salumrahe omah. Luwih-luwih omahe para among tani ing desa-desa. Senajan ana wae omah ing desa sing gandhengan antarane kulawarga siji lan sijine, temene antarane kulawarga mau nduwe plataran dhewe-dhewe. Mungguh amba lan ciyute gumantung marang ambane lemah sing didegi omah. Nanging sing cetha, sabisa-bisa tetep disisihake lahan sangarepe omah minangka plataran.

Kanggone wong tani, plataran kuwi nduwe piguna sing asipat praktis. Yen wayah panen, embuh panen pari, kedhele, jagung, utawa tela/gaplek, latar mujudake papan kanggo mepe panenan. Merga olehe mepe ing ngarep omah, pepenan ora mung gampang ditunggoni lan diawasi bisa uga disambi karo petan nanging uga disawang sing lagi padha liwat ing dalan ngarepe. Iku sing bisa nyebabake sing liwat dadi mandheg, milang-miling pepean mau nganti tekan nawa. Ing kene latar banjur kaya dene dadi showroom, babar pisan kanggo mamerake asile panen.

Amarga fungsi mau, ora maido yen sawetara latar banjur padha diplester. Pertimbangane praktis wae. Kanthi mlester, wis ora perlu ngotong-otong klasa utawa gelaran liyane kanggo mepe. Saliyane kuwi, kuwat mlester latar uga mujudake gengsi, amarga ora angger wong bisa ngragadi. Perkara mengkone bisa dadi resepan banyu apa ora, ora dadi gagasan.

Kanthi diplester uga, dianggep papane luwih resik, ora usah ngenteni ilang jebloge, sahingga kepenak kanggo dolanan bocah-bocah cilik kapan wae. Malah ya sing gedhe barang. Upamane kanggo main badminton.

Pancen ora beda karo dalem, kayadene Dalem Wirogunan mau, latar-latar ngarep ing desa lumrah dadi ruang publik. Ora mung kanggo papan ekspresine sing nduwe omah, nanging uga kanggo wong liya sajabane kulawarga.

Kanthi latar sing jembar, nalika nyunatake utawa mantu, kulawarga mau bisa nanggap apa wae. Amarga papan iku cukup kanggo ngedegake panggung lan uga ngemot atusan nganti ewon wong sing mengkone padha nonton. Upamane kethoprak, barongan, tayub, wayang kulit, klebu dangdut barang. Beda karo ing dalem sing ana pringgitan utawa pendhapane, lumrahe ing omah desa ora ana papan kanggo nggelar wayang kulit, kejaba ing jaba omah.

Dadi yen mengkono, anane latar-latar kang jembar ing saben omah ing desa-desa bisa kanggo papan urip lan ngrembakane sawernane kesenian. Nanggap kesenian nalika nyunatake anak utawa mantu mujudake kebanggaan tumrap sawetara kulawarga ing padesan.

Wis Malih;
Nanging mesthi wae bebarengen karo saya tambahe pendhudhuk lan saya ciyute lahan kang sumadiya, latar-latar mau uga saya ciyut. Saya sethithik omah sing nduwe latar jembar. Kapara ora sethithik sing bisa diarani babar blas ora nduwe latar. Aja maneh kok mikir kanggo latar, dienggo omahe wae sok kurang.

Latar-latar sing biyen jembar, saiki akeh sing wis malih. Wis didegi omah, kios, utawa ruko, merga iki dianggep ngasilake. Dene latar-latar sing dudu duweke petani, luwih-luwih sing mambu neopriyayi, wis disulap dadi taman. Ing kono kembang-kembang endah padha ditandur, pot-pot larang ditata apik, sok uga dijangkepi kolam. Pager-pager tembok utawa wesi mesthi wae bakal dadi pepalang tumrap sapa wae sing mlebu latar-latar anyar mau. Latar malih dadi papan sing medeni. Bocah-bocah cilik endi saiki sing wani saba mrono, gobag sodor, dhelikan, utawa dolanan liyane?

Tur maneh, endi saiki ana bocah sing padha dolanan? Paling banter padha pit-pitan saka gang siji tumeka gang sijine, amarga sing ana pancen mung gang utawa dalan papan sing biyen dianggep kebak bebaya tumrap bocah.

Apa tenane isih dibutuhake ruang publik sing nduwe fungsi kaya latar mau? Yen pancen interaksi wis cukup diijoli SMS utawa telepon, yen wara-wara uga wis cukup lumantar pengeras suwara lan alat komunikasi canggih liyane, yen ing sajrone mal-mal uga wis ana latar-latar anyar, dene tontonan uga wis bisa digenti dening televisi, home theatre, VCD/DVD, lan liya-liyane ing omah, banjur kanggo apa maneh latar-latar iku?

Mbokmenawa wis dadi gerak simultan, bebarengan karo kali-kali sing padha ilang kedhunge, pasar sing ilang kumandhange, latar-latar uga saya kelangan jembare. Uga geseh fungsine. . … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s