Kalah karo Wong Begja:

WONG pinter iku isih kalah karo wong beja. Sampeyan kena wae pinter sundhul langit, nanging yen ora beja, ora bakal kumanan apa-apa. Semono pentinge unsur beja utawa begja, nganti-nganti kepinteran wae bisa dikalahake? Apa ya merga kuwi utawa gegandhengan karo kuwi, wejangan-wejangane Ki Ageng Soerjamentaram banjur disebut kawruh begja? Uga jalaran kuwi, nalika medhar ngenani jaman edan, Ranggawarsita uga ngelingake ngenani wong sing paling begja?

Yen ana bocah nganggo jeneng Beja (biasane ditulis: Bejo), bokmenawa ana sambung rapete karo pengarep-arepe wong tuwane supaya ing tembe buri anake tansah entuk kabejan. Bisa wae malah laire jabang bayi kuwi mujudake kabejan gedhe tumrap keluwarga kasebut. Utawa maneh, beja dene nduwe anak kanthi slamet, yen ora malah beja merga entuk anak lanang.

Apa tenane beja kuwi? Beja karo begja, dakkira, ora ana bedane. Teges sing dikandhut kurang luwih untung, mujur, utawa entuk anugrah sing gawe senenge ati. Mula ora aneh yen tembung beja banjur nduwe sambung rapet karo bagya. Indonesiane bahagia. Sebab, soksapa sing entuk kabejan tegese uga entuk kabagyan.

Senajan mangkono, kabagyan ora banjur dadi jaminan urip sing becik lan ganep. Sebab, isine urip iku ora mung kabagyan. Beja-cilaka iku sandhangane manungsa. Mula ora jeneng ngayawara yen George Loewenstein kandha, “Saperangan tegese urip iku kanggo ngalami seneng lan susah. Urip kang tanpa kendhat saka kabagyan, temene dudu urip sing apik.”

Kayadene “falsafah” jroning kawruh jiwa yaiku “langgeng bungah susah”, anane rasa seneng lan susah sing gilir gumanti.

Senang kuwi apa? Susah iku ya apa? Rasa senang kerep dipadhakake karo rasa bagya, dene rasa susah kerep dipadhakake karo rasa cilaka. Kena-kena wae, nanging yen ditlesih maneh, mesthi ana bedane antarane seneng lan bahagia, antarane susah lan cilaka.

Rasa seneng thukul yen karep keturutan, lan rasa susah thukul yen karep ora keturutan. Dadi, seneng lan susah iku gumantung saka karep, dudu gumantung marang kahanan sing dumadi. Kaanan iku netral, nanging sikap marang kaanan mau sing ora netral. Sikap marang keadaan iku gumentung marang karep.

Mula, aja seneng yen lagi nampa kabegjan. Aja susah yen lagi nandhang kasangsaran utawa kacilakan. Upama seneng ya senenga sacukupe, upama susah ya susaha “sacukupe”.

Gendheng ceneng karo iku, mesthi wae bisa digeret Kawruh Jiwa Nem-Sa Soerjomentaraman: sabutuhe, saperlune, sacukupe, sakpenake, samesthine, lan sabenere.

Isih sambung rapet karo beja, Ki Ageng Soerjomentaraman mapanake kawruh beja sawetah minangka kawruh sepisanan sing kudu disinaoni sadurunge ngancik kawruh bab kawruh, kawruh bab ungkul, kawruh laki-rabi, kawruh pangupajiwa, lan kawruh pamomong.

Ana pasinaon kawruh jiwa mau urut-urutan, jalaran sawise krasa beja sawetah, wong mesthi krasa ribed ana nggon bab kawruh. Mula wong banjur butuh sinau kawruh bab kawruh. Sawise udhar reribed ing bab kawruh, wong banjur krasa ribed ing sesrawungan. Sarehne masyarakat kita ing donya iku dhasare sesrawungan ungkul-ungkulan, mula wong perlu ngerti marang rasa ungkul sing ana ing awake dhewe. Mangkono sapiturute.

Ngawula Beja;
Bali marang perkara beja, mental relativitas khas Jawa tansah nyusupake “beja” jroning kahanan kaya ngapa wae, kalebu nalika ana kacilakan utawa kasangsaran. Arepa lagi nandhang kacilakan, upamane tetep isih ana sing muni, “Isih beja sing tugel mung sikile.”

Yen mangkono, paham sing menehi unsur beja kanthi khusus iki paham sing kepriye? Pratelan beja temene nuduhake manawa sadhuwure manungsa iki isih ana sing luwih kuwasa. Iki laras karo unen-unen manca: man proposes but God disposes, manungsa kang ngrekadasaya nanging Gusti kang nemtokake.

Kanthi ananane unsur begja, temene wong diprentah supaya ora kumalungkung. Dumeh pinter banjur rumangsa kanthi kepinterane mesthi kabeh bisa diatasi. Dumeh prigel, banjur rumangsa yen kanthi keprigelane mau ora bakal ana siji-sijia sing bakal cicir utawa cewet.

Nanging beja uga ngemu pangarep-arep. ìEh sapa ngerti bejane wongÖî mujudake pratelen sing nuduhake pangarep-arep iku, sanajan ing kono uga dumunung unsur putus asane.

Yen mangkono, apa kudu “ngawula beja”? Iki unen-unen maneh sing dakkira khas Jawa. Iku uga sambung karo pratelan ing ndhuwur. Katone “ngawula beja” iku mung nuduhake patrap pasrah sumarah, nanging temene uga nuduhake manawa manungsa kudu gelem ngumawula.

Nanging ngenut prinsip “beja” uga bisa dadi pawadan kanggo mlayu saka saka kanyatan riil. Amarga saka etungan lan nalar ora ketemu, ora bakal bias keranggeh, mula banjur ngarep-arep kanthi beja.

Pancen cathetan empirik nuduhake manawa ana-ana wae wong sing katone manut petungan ora mungkin entuk anugrah, nanging jebule nampa bola-boli. “Ndilalahe yen wong beja”, ngono sing bisa diomongake .

Nanging beja uga ora titik ngono wae. Isih ana bacutane. Beja uga nuntut syarat utawa “rasionalisasi”. Upamane pratelan “beja dene akeh bala, dadi ana ngendi-ngendi ora nganti kapiran.”

Yen kaya mangkono, saka ngendi tumurune beja? Apa bisa beja iku tumurun mengkono wae. Apa bisa ana beja yen tanpa pangudi, embuh tata lair, embuh tata batin. Dadi, sepisan maneh, nduwe kayadene “rasionalisasi”. Nanging tumrap begja sing gedhe lan dhuwur ajine tur ora kinaya ngapa sadurunge, banjur diarani begja kemayangan.

Banjur, beja sing hakiki kuwi kepriye? Sing tekane ora kinaya ngapa, apa malah sing tekane wis bisa dipretung lan diramalake? Sing adhedhasar pangudi apa sing “thenguk-thenguk nemu kethuk”?

Sing genah RNg Ranggawarsita wis ngrespons bab beja iki kanthi pratelan kang cetha nalika ngadhepi jalan edan (kalatidha): sabegja-begjane kang lali/ isih begja kang eling lan waspada. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s