ANANE SWARGA LAN NERAKA

 

 

 

 

 

 

PURWAKA:

Layang WEWADINING RASA iki jangkepane layang JATIMURTI, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku TAN KHOEN SWIE ing Kediri, seket taunan kapungkur. Wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara latin, supaya tebane luwih omber.

Sarehne isine bab RASA, dadi ya wis samesthine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayogane nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki.

 

Surabaya, 1 Sawal 1985 M.
Penerbit Yayasan DJOJOBOJO
Surabaya.

 

PENGET SAKING INGKANG DAMEL SERAT PUNIKA

Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggen-enggen.

Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu ngudi kawruh kabatosan.

Ingkang sampun maos, sanajan mangertos sarta remena sampun kaangge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang.

Sinten ingkang kersa netepi pepenget ing nginggil punika, kalebet nama mundhi utawi ngkuhuraken kabatosanipun piyambak.

 

PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI

Dhisike diwaca grambyangan.

Dibaleni saka wiwitan, kanthi alon lan sareh.

Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping telu sabanjure : ora perlu urut.

Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna. Kanggo sipenan.

Wiwitane ora terang surasane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca, titi sarta lestari pamarsudine sangsaya lawas sangsaya mundhak terange.

Sinengkelan : KAWRUH RARAS RASUKENG TYAS.

…@@@…

 

BAB I

ANANE SWARGA LAN NARAKA

Ngrasakake utawa eling, marang kabecikaning Pangeran, iku arane : weruh ing kasukuran.

Ngrasakake utawa ngelingi marang kabecikaning sapadha-padhane tumitah, iku aran : weruh ing panarima.

Weruh ing kasukuran, tegese : sembah nuwun marang Pangeran.

Weruh marang panarima, tegese : ngrumangsani tampa kabecikaning liyan.

Weruh ing kasukuran iku kosok baline : manglah, ngeluh, ngesah, ngresula sapanunggalane.

Weruh ing panarima lan weruh ing kasukuran iku kerep bae lira-liru, sebab karo pisan ateges NGRUMANGSANI TAMPA KABECIKAN.

Manglah, ngeluh utawa ngresula iku ngemu rasa ORA ADIL marang pepesthening Pangeran kang tumiba ing awake.

 

Munek-munek, pegel utawa muring iku ateges ora NGANGGEP ADIL marang panggawening liyan kang tumiba ing awake.

Titikane wong kang wis dewasa MANUSANE SAJATI, iku SIJI : yen kerep ngrasakake kasukuran, aran ngresulane. LORO : yen kerep ngrasakake kabecikaning liyan, arang murang-muring.

Titikane wong kang durung dewasa MANUSANE SAJATI, iku : SIJI : yen kerep manglah (ngresula), arang ngrasa marang kasukuran. LORO : yen kerep ngeling-eling alaning liyan, arang ngelingi kabecikaning liyan.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning Pangeran iku dayane marakake akeh kasukurane, arang ngresulane.

 

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning liyan iku dayane marakake akeh panarimane marang sapadha-padha, arang pengunek-uneke.

Wong kulina ngrasakake kasukuran lan panarima iku ngenggalake dewasaning kamanungsane kang sejati.

Wong kulina manglah lan muring iku ngrendhetake dewasaning kamanungsane sejati.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku kasinungan ing ati adhem, ayem, tentrem lan engetane padhang.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku ing batin kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake adhem lan padhang. Bebakalan mau kang narik marang nananing swarga.

Wong kulina ngrasakake pangresula lan pamuring iku ing batine kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake panas lan peteng. Bebakalan mau kang narik marang ananing naraka.

 

Swarga naraka iku sejatine : RASA PANGRASA dudu PANGGONAN.

Swarga iku asal saka RASA kang adhem lan padhang. Naraka iku asal saka RASA kang panas lan peteng.

Wong kang atine adhem lan padhang : tansah dikinthil ing swarga.

Wong kang atine panas lan peteng : tansah dikinthil ing naraka.

Rasa adhem lan padhang apa dene panas lan peteng iku arane : alam sahir. Dene swarga – naraka iku alam kabir.

 

Dadi alam kabir : iku terusane alam sahir. Tegese : terusaning rasa pangrasa.

ANANE alam kabir : saka ANANE alam sahir. Nanging dumadine bareng.

Sirnane alam kabir, saka sirnane alam sahir. Nanging enggone sirna : b a r e n g.

Sadhengah wong, bisa gawe swarga lan bisa gawe naraka.

Swarga gaweyane mau, sing ngrasakake ya mung sing gawe dhewe. Sing ora melu gawe : ora melu ngrasakake.

Naraka gaweyane mau, sing ngrasakake yang mung sing gawe dhewe. Sing ora gawe : ora melu ngrasakake.

Wong kang ngalami swarga : ora precaya yen naraka iku ana. Mung swarga sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing swarga, ing ngendi-endiya : kaswargan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran naraka. Ora ana enggon salengging edom kang ana narakane. Cekake : Awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine kasenengan kang madhangi ati. Isining jagad ora ana kang ora nyenengake ati, lan ora ana kang ora madhangake ati. Kabeh kang kumelip padha nyenengake lan madhangake ati.

 

Wong kang ngalami naraka, ora percaya yen swarga iku ana. Mung naraka thok sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing naraka : ing ngendi-endiya : kanerakan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran swarga. Cekake : awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine mung rasa panas bingung rungsang lan petenging engetan. Isining Jagad ora ana kang ora memanas lan nusahake ati. Kabeh kang kumelip padha agawe susah lan memanas sarta metengi engetan.

 

Wong kang ngalami swarga, enggone ora ngira yen naraka pancen ana : iku ora beda kaya dene wong ing ngalam donya. Enggone ora precaya yen swarga lan naraka pancen ana. Disengguh mung alam donya thok sing ana. Awit awang0uwung kang tanpa wates jembare, diubresa : ora ana rnggon salenging dom kang ana swargane utawa narakane. Kang ana mung kadonnyan thok.

Wong kang ngalami naraka, enggone ora precaya yen swarga iku ana : iya ora beda karo wong kang ana ing alam donya : bab enggone ora precaya yen alam kaalusan iku ana. Awit Sajagad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran alam ka-alusan.

Yen ana kang takon mangkene : swarga utawa naraka iku ANA apa ORA, iku ; prayoga kang takon dipurih mikir dhisik bab tegese ANA lan ORA ANA. Ana tegese apa, ora ana tegese apa.

 

Ing kono yen wis ngreti terang tegese ANA karo ORA ANA, lah iku lagi bisa mangerti, yen swarga iku pancen ana tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami. Naraka iku ana : tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami.

Ing ngisor iki dadiya tuladha :

Swarga, iku ana apa ora. Sing duwe pangrungu ngarani : ana. Sing ora duwe pangrungu netepake ora ana.

Pepadhang, rerupan utawa werna, iku ana apa ora. Sing duwe pandulu ngarani ana. Sing ora bisa ndulu, ora ngarani ana.

Swarga iku ana apa ora. Sing duwe rasa padhang lan adhem ngarani ana. Sing ora duwe rasa padhang lan adhem ngarani ora ana.

Naraka iku ana apa ora. Sing duwe rasa peteng lan lara ngarani ana. Sing ora duwe : ngarani ora ana.

Jagad iku ana apa ora. Sing duwe engetan lan rasa pangrasa : ngarani ana. Sing ora duwe engetan lan rasa pangrasa ora ngarani ana.

Pamngeran iku ana apa ora. Sing duwe budi lan rasa : ngarani ana. Sing ora duwe budi lan rasa : ora ngarani ana.

Tuladha liyane :

Woh pare iku enak apa ora. Sing doyan ngarani enak, sing ora doyan ngarani ora enak.

Si Naya becik apa ala. Sing dhemen ngarani becik, sing gething ngarani ala.

Mangkana sapanunggalane.

 

****

WIRANGRONG

1. Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes prenahira.

2. Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowanya.

3. Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, ajo sok metua wong calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.

4. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun ngarah-arah ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tunututan, mulane dipunprayitna.

SERAT WULANG REH

…@@@…

 

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA

 

 

 

NGRATONI ALAM KARAHAYON:

“If you don’t care for the roots of the plant, you cannot expect the flower to blossom beautifully”. Rerangken sesotya ingkang rineka dening Thomas Dinan, priyantun Amerika ingkang kasengsem dhateng budaya Jawi, punika wau nyandhi wewangening kandha bilih manawi kita sampun boten kersa ngupakara oyotipun, mokal kita badhe saged nyawang asrining sekar ingkang anjrah mekar ngrembaka. Manawi oyot ingkang tinandur punika namung badhe dipun lebur, dipun rerabuk namung badhe dipun remuk, dipun rumpaka namung badhe dipun prawasa, punapa budaya Jawi minangka oyotipun tiyang Jawi punika lajeng kedah siningid ing weca kalanggengan? Saeba cuwa lan kuciwa manah punika manawi tiyang Jawi ngantos kicalan kiblating pangluru, tundhonipun namung nyancang ewoning pangangen-angen ingkang tumlawung tumangsang ing korining mendhung ngenguwung. Bakal lungkrah sakabehing rasa sumarah yen jiwa Jawi klakon nganti bubrah.

 

Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang-towang. Para priyagung hanung-hanung lebda ing salwiring reh menggahing kawruh lan kautaman, kalilanana manawi ing riki kula nekad tumut njegur mak byur ing tuking kaweruh lumantar andharan ing ngandhap punika, lajeng ceciblon penak seger munyer-munyer sinambi tetembangan hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur, rengeng-rengeng angegidung pameling dhiri kangge hanggondheli werdi ingkang kuwawi nedhahaken samukalir kiblating pangluru kanthi kumawantun anggelar gulung medhar weriting perkawis Jiwa Jawi punika kacundhukaken kaliyan kabetahan samangke tanpa nilar piwulang kina ingkang ngemu aji langgeng.

 

Kumalancang kula adhapur anyerep-nyerepaken linggih salehing Jiwa Jawi hing ngarsa panjenengan punika sayektosipun namung saderma hanetepi darmaning ngagesang wonten ing samadyaning bebrayan. Kula rumaos kajibah tumut hambundheli sarta mulat edi endahing budaya lan sastra Jawi supados boten mingsad-mingsed, mulur mungkret, ewah gingsir anggen kula angegungngluhuraken kabudayan piyambak amrih lestari widada salaras kaliyan kayektosan mekar mungkaring jaman. Ing pangajab, mugi andharan kula punika sageda mujudaken satunggaling bab ingkang kenging kangge ubarampening imbal wacana supados wawan rembag punika langkung menthes lan mikantuki. Jer wajibing tiyang gesang punika rak namung kalih, inggih punika sinau lan mulang, tamtunipun kanthi wicaksana inggih punika sageda ngrumaosi lan mangertosi dhateng cacading dhiri sarta mbudidaya kepripun amrih karaos manis, matis, pantes lan sakeca tanpa nyampyok pangreksaning darbeking liyan.

 

Dikotomi lawas anyar, kuna modheren, sing modheren kudu digondheli rapet sing tradhisional kudu ditinggal glanggang utawi kosokwangsulipun, punapa dene “romantisasi masa lalu” vs “nguri-uri budaya”, udreg-udregan perkawis punika badhe tansah wonten lan sah-sah kemawon, kapara malah sae amargi saged sangsaya njembaraken wawasan kita, saengga kita saged mahyakaken pamikiran-pamikiran kita kanthi langkung patitis lan menthes saha saged katampi dening nalar. Tuwuhipun mawarni-warni pamanggih, kalebet sadaya panyaruwe ingkang kawedal saking lathi, punika rak sampun nama limrah. Pramila kita sampun was sumelang malih, ingkang baken kita kedah jejeg, jajag, jumujug anggen kita sami lelumban tumut andhudhuk, andhudhah, adamel mekar ngrembaka budaya Jawi. Sikep toleran dhateng dikotomi punika ugi perlu kangge gladhen olah rasa supados kita tansah waspada, tansah ngangge petungan ing sabarang tumindak, nora kena den awur ing satemah sasar susur.

 

Tembung waspada piyambak mengku teges “tansah awas ing pada”. Manawi padane punika “pada lingsa” (tandha koma ing aksara Jawi), inggih kedah wonten let-letane, ambegan rumiyin sawetawis lajeng lumampah malih. Semanten ugi manawi padane punika “pada lungsi” (tandha titik), inggih kedah purun mandheg mak sssst, direm sampun ngantos bablas mindhak kadrawasan mangke. Wonten ing jagad pakeliran, sinambi ndhodhog kothak ki dhalang asring paring sasmita “kadya kukila mung weng gantangan”. Para niyaga, wiraswara, lan waranggana sadaya sampun sami nyumerabi sasmita wau, inggih punika boten kepareng ngglajus nggelar sampak sakarepe udele dhewe (sing arepe mangan udele dhewe kaya cak sapta ya sapa cak), amargi sasmita wau minangka tandha manawi sampun wancinipun nabuh gendhing Perkutut Manggung.

Sapunika sumangga kita gagas-gagas, kita sadaya punika rak ‘korban’ saking prastawa sejarah ta? Pramila kangge ngadhepi mangsa samangke lan ingkang badhe kalampahaken, prayoginipun kita kedah purun noleh mawingking supados boten kesampar kesandhung anggen kita badhe tumapak lumampah mangajeng manggihi karahayoning bebrayan ing alam sawegung. Ning kosokwangsulipun, kula ugi boten kuwawi angluputaken satunggaling pamanggih ingkang mratelakaken bilih punjering kawigatosan ing salabetipun kita tumandang damel, punika kedah mligi tumuju ing riki lan ing wekdal samangke. Pamanggih punika manawi kamamah lembut inggih pancen wonten leresipun, sauger pamanggih makaten wau boten pisan-pisan anglirwakaken dhateng sadaya kedadosan ingkang sampun nate gumelar, nanging tetep dipun kantheni kaweruh saking pundi sangkan kita punika lan daya pangaribawa saking prastawa sejarah ingkang pundi ingkang handadosaken kita kados sapunika. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli, mulat sarira hangrasa wani.

 

Santayana, salah satunggaling filosof saking sabrang Kilenan ugi nate asung wewarah, kinten-kinten makaten ungelipun “Those who don’t know their own history are condemned to repeat it.” [Sok sintena ingkang boten ngawuningani sejarahipun, padatanipun lajeng angambali prastawanipun.] Ancasipun angrikataken anggenipun badhe anggayuh kamajengan, gumregah enggal tata-tata murugi ingkang saweg dados sawangan, bebasan nginanga durung abang ngidua durung asad, mak jleg sampun dumugi ing pucuk. Nanging sarehning sampun kicalan ingkang saged dados pancadan, boten sanes inggih punika budaya Jawi minangka perangan jati dhirinipun piyambak–ingkang sami dipun singkiri kapara malah kaasoraken drajatipun–temahan ing satengahing margi ingkang pinanggih namung reribed, jebul malah dharedhah tansah panca bakah kaliyan bangsanipun piyambak. “Kasmaran angimpun kawrin, ngaran Suluk Sangkan Paran, amrih wruh bener lupute, wong tumitah aneng ndonya, purwane saking apa, angandika Kanjeng Rasul, sapa kang wruh ing sarira, sayekti wruh Hyang Widdhi, pesthi ananing manungsa, kadis punika pakone pan nora kuwasa nora, manungsa ngawruhana, inya ingkang nedya weruh, wruh babarira kamulyan….”

 

Ingkang dados sedyaning manah kula, inggih punika namung badhe mawas salah satunggaling wataking manungsa ingkang ing wekdal samangke perlu sanget kagesangaken. Manungsa punika kasinungan watak saged nata. Sinten ingkang nglirwakaken tamtu badhe manggihi kapitunan ageng boten saged angratoni alam karahayonipun. Gesangipun manungsa punika saged katitik saking cipta, rasa, lan karsanipun. Sipating gesangipun manungsa warni tiga wau kenging kula tembungaken daya-dayaning Gusti ingkang wonten ing manungsa.

 

[1] Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging manungsa kedah enget dhateng weting kodrat, bilih kaweruh wau kedah tumuju dhateng pangurbanan, inggih punika sepi ing pamrih karenan lereming reh rahayu, dados tumuju dhateng karahayon. 

 

[2] Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa, amargi manungsa punika manawi sampun saged mranata badhanipun piyambak, inggih saged mranata dhateng kiwa tengenipun. Namung kemawon, kawasa ingkang sampun kasarira dening manungsa punika wau kedah kangge angayomi.

 

[3] Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, dados kedah mawi kekiyataning raos.

Watak punika dumunung wonten ing utek, naminipun pamikir. Sadaya ingkang medal saking wewengkon punika nami pikiran. Samangsa manungsa gadhah pikajeng, pamikir lajeng kataman dhateng dayaning pikajeng wau, lajeng ebah. Lha ebahing pamikir punika ingkang dipun wastani mikir, sanes mikir-mikir. Dene bentenipun, tiyang mikir punika mesti wonten ancas tujuwanipun. Pikiran satunggal lan satunggalipun ingkang jumedhul saking pamikir punika lajeng kagathuk-gathukaken, kasaring-saring, perlunipun ngupadi pamanggih ingkang mikantuki dhumateng ingkang ngebahaken pikiran wau.

 

Tiyang mikir punika kados dene tiyang mlampah: dumugi ing prasekawanan boten sumerab lajenging lampahipun, punapa mangiwa punapa manengen. Samangsa tiyang punika namung linggih kemawon, tamtunipun boten badhe sumerab margi pundi ingkang kinten-kinten leres. Benten sanget samangsa tiyang wau lajeng purun menek uwit inggil upaminipun, saged sumerab tlatah sakiwa tengenipun. Ing inggil uwit saged angsal pamanggih, margi pundi ingkang sakinten saged dumugi ing papan ingkang katuju. Lepat lan leresipun pamanggih wau badhe kayektosan manawi sampun dipun lampahi. Kosokwangsulipun, tiyang mikir-mikir punika namung anampeni saben pikiran ingkang medal saking kajengipun piyambak, boten wonten punthonipun, tanpa pamanggih punapa-punapa.

 

Dados punthoning tiyang mikir punika angsal pamanggih. Pamanggih wau yen kacobi nembe kasumeraban leres lan lepatipun. Cekakipun: tiyang purun mikir punika manawi angsal reribed, wujuding karibedan warni-warni, kajengipun namung badhe ngicali karibedan wau. Punika ingkang dados pamrihipun tiyang mikir, mila wonten tetembungan yen boten wonten lampah tanpa pamrih tegesipun tanpa tuju. Dene lampahipun kados makaten, samangsa tiyang punika manggih karibedan, lajeng pamikiripun kendel jegreg kados tiyang lumampah ingkang kaalang-alangan. Ing batos wonten pikajeng badhe ngicali pepalang wau.

 

Pamikir, kadayan saking dayaning pikajeng, lajeng samekta badhe nyambut damel. Karibedan wau kapilah-pilah, perlunipun badhe nyumerabi sapinten agenging karibedan sarta badhe kabucal mbaka sakedhik. Pilah-pilahan lajeng kawawas mbaka satunggal, urut, boten sapurun-purun kemawon pamendhetipun. Sadaya pangalamaning pamikir lajeng kawedalaken. Pangalaman wau dipun gothak-gathukaken, wiwit nyobi-nyobi pangalaman pribadi pundi ingkang sakinten saged ngicali karibedan punika. Wekasaning panyobi wau angsal pamanggih satunggal kalih ingkang sajak saged katindakaken, salah satunggal kedah kapendhet. Manawi kacobi, badhe nyumerabi leres lan botenipun. Manawi panci leres, nama yen pamikiran leres. Manawi pamanggih wau boten mikantuki, nama yen pamikiranipun lepat utawi klentu.

Saged ngrumaosi lan mangertosi, punika perkawis ingkang raket keket supeket cathok gawelipun kaliyan muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab saking pangraos. Sadaya kempaling pangertosan ingkang mijil saking pamikir utawi pangraos mujudaken undhuh-undhuhan saking weruh, amila lajeng kasebat kaweruh, amargi ingkang dados empan paraning gilig punika inggih saking tumanduk ing weruh. Inggih pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening rumaos hambetahaken saha niyatipun kepingin mangertosi dhateng samukawis punika ingkang dados dhasaring kaweruh.

 

Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken pangertosan. Hewadene pangertosan ingkang tuwuh saking muluring pamikir ingkang dipun kantheni kekiyataning pangraos, keplasipun mangke lajeng tumuju dhateng katresnan, tresna dhateng sasamining ngagesang. Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung kandel-kumandel saking moncering pepaking kaweruh ilmu-ilmu pangawikan kemawon, utawi saking ngapalaken punapa dene nirokaken isining buku lan reriptan sanesipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang., nanging ugi kedah saged nyumerabi kawontenan sarana kersa migatosaken dhateng kawontenan wau, punika ingkang nama maca kahanan.

 

Migatosaken dhateng kawontenan punika tegesipun nanggapi dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika saperlu kangge nggugah raos. “Sing sepi resepana, sanadyan sing sepa ora muspra.” Moncering wejangan punika saged kangge cakotan manawi badhe mirantosaken margi ingkang kedah dipun ambah dening para lelampah, murih boten angececer wanci sarta saged rancag dumugining gegayuhanipun. Wohipun tiyang migatosaken kawontenan punika tamtu gesang raosipun, kagigah raosipun, lajeng purun ngraosaken dhateng kawontenan. Manawi tiyang punika sampun gesang raosipun, padatanipun lajeng tuwuh niyatipun tumut hangrerencangi kadumugening sedya angratoni alaming karahayon ing salebeting gesangipun.

 

“Pepindhanipun gupala kawarsan [reca lumuten saking lawasipun], punika kangge nggambaraken manungsa ingkang gesangipun tanpa linambaran raos,” makaten Rama Topo ing Pakuncen paring damar seserepan ngengingi perkawis raos punika. “Kudu nginang suruh, sumuruba nganti weruh, bisoa nganti tekan rosing rasa, gaduk ing rasa, candhak ing tata.” Ngerti punika pancen jembar tegesipun, amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan gineman kanthi patitis–tegesipun saged njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun sumerabi–punika gandheng renteng kaliyan piwulang ngrembag samubarang kanthi olah nalar lan panglantih olah cecaturan ngangge basa lan lagu ingkang becik, ngampil basanipun ndara tuwan kolonial mungel Zaakonderwijs verbonden met spreeken verstandsoefeningen.

Perkawis olah nalar lan mahyakaken pamikiran arupi seratan utawi gineman kanthi patitis punika lajeng ngemutaken kula ngengingi tata cara ing pawiyatan nalika jaman kolonial Walandi, inggih punika opstelletje makenkados ingkang sampun nate kapratelakaken ing buku anggitanipun Rama J.B. Mangunwijaya asesirah Impian dari Yogyakarta. Ing tata cara opstelletje maken punika, para siswa kadhawuhan kapurih adamel reriptan, lajeng seratanipun punika kawaos ing sangajengipun kelas. Ingkang kajibah mbiji (saged ugi arupi pitakenan langsung) punika boten namung guru, nanging ugi kalebet kanca-kancanipun sesami siswa.

 

Kanthi panglantih nyerat lan mbabar isining seratan ing sangajengipun akathah punika, punapa malih manawi katindakaken saben dinten, para siswa wiwit taksih mambu kencur sampun dipun kulinakaken mahyakaken pamikiran-pamikiranipun kanthi patitis lan boten dados gampang nesu lajeng ngrancang reridhu anjlumati laku manawi pinuju pikantuk panacad utawi panyaruwe.

 

Kawuningana, ngelmu punika sagedipun dados kaweruh kasunyatan kedah kanthi laku. Ngelmu ingkang tanpa laku, boten badhe saged nekseni kasunyatanipun namung kandheg wonten ing gagasan kemawon, rumaosipun sampun bontos kaweruhipun, garanipun sampun apil dhateng apalaning piwulang, nanging sayektosipun dereng paja-paja. Yen panjenengan kagungan Serat Wulang Reh, yasan dalem PB IV, ing kono kapacak tembang kawitan Sekar Dhadhanggula, lha mangga diwaos sinambi rengeng-rengeng: “Sasmitane ngaurip punika, mapan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.”

 

Kaweruh bab ngelmu punika manawi taksih saking piwulangipun asanes, utawi piwulangipun buku-buku, punika taksih dereng kenging dipun percados wetah, jalaran piwulang wau sayektosipun namung ancer-ancer minangka kangge cocogan ing tembe. Dados sadaya piwulang punika sagedipun tumanja boten cekap namung taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging kedah dipun pirsani kepriye tandang grayange, gada gitike, labuh labete marang tugase, carane pasrawungan bisa samat-sinamatan apa ora, bisa tanggap marang kaperluwan apa ora. Ing Serat Wedhatama yasan dalem Kanjeng Gusti Mangkunegara IV wonten tetembungan minangka gagaran tumrap para ingkang sami ngudi kaweruh, ungelipun makaten: “Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya buda pangekese dur angkara”.

 

Sekar Pucung punika wosipun nyethakaken menggah ngelmi punika sagedipun tumama kedah mawi lampah lan kawiwitan saking santosaning lahir lan batos. Manawi sampun tuhu bebudenipun tamtu badhe saged hambengkas tumindak awon sarta angkaranipun. Sanadyan kagungan ngelmu, nanging manawi boten kersa hanglampahi, punika pepindhanipun kados dene wastra lungset ing sampiran. Dados para ingkang ngupadi dhateng kaweruh lan kautaman samya ngrumaosi kajibah nyepeng tanggel jawab tumut lelumban aneng samodraning pakaryan njejegaken kawontenan lan sadaya tumindak ingkang karaosaken singlar, nalisir, geseh, mencong, menceng, serong, cengkah, punapa dene ingkang mbadal saking pepoyaning kautaman, supados ingkang kaesthi, ingkang kawijil ing lathi saha ingkang binabar ing tindak-tanduk lan solah-bawaning pakarti sageda murakabi ing kardi.

 

Tiyang ingkang saya berag anggenipun ngudi ngelmi kasampurnaning agesang, satemah cahyaning wadananipun katingal sumunar kaprabadan resik weninging budinipun. Manawi tiyang punika tansah taberi ngudi kasembadaning gegayuhanipun, tansah incang-inceng luru ngelmu, thruthusan sinau linambaran ing lampah sesirik sarwa gengsi, satemah badhe saged sumerab lan mangertos sayektos kasunyatan kawontenaning jagad nginggil lan jagad ngandhap.

 

Jagad nginggil ingkang padhang narawang anjog dhateng kasuwargan. Jagad ngandhap ingkang kebak pepeteng, rereged lan sarwa dosa. Awit saking sanget ing pangudi, satemah saged kadumugen gegayuhanipun saged nutul kembang sadhompol, inggih punika sekaring kasampurnan marganing asuwargan ingkang satuhu, ingkang rupinipun mancawarna, abramarkata kados manekawarninipun drijining asta, panjang celak, ageng alit, lan maneka warni tujuwan sarta pigunanipun.

 

Minangka jangkeping wawasan, kula badhe mratelakaken lampahing panggulawentah gandheng kaliyan wataking manungsa. Ing saderengipun jabang bayi lair, punika sampun anggadhahi wewatakan ingkang dipun wastani dhasaring watak. Anggegesang wewatakan ingkang sae saha amejahi watak ingkang kirang prayogi punika ingkang dipun wastani panggulawentah. Manawi para juru panggulawentahipun boten saged dados patuladhan, lajeng kados pundi wewatakanipun lare ing tembe wingking? Kacang ora ninggal lanjaran. Anak molah bapa kepradhah. Manawi panggulawentahipun klentu, satemah watak ingkang sae wau lajeng saged kasilep, katutupan dening ngrembakaning watak ingkang kirang prayogi. Amila, patrapipun para juru panggulawentah anggenipun nuntun dhateng lare kedah sarana ngulataken dhateng dhasaring wewatakanipun lare, supados tuntunanipun sageda laras kaliyan ancasing lare.

 

Sanadyan katuntun kados punapa kemawon, rancaging lampah anggayuh karaharjaning putra ngantos dados tiyang pinter, nanging manawi kasagedan wau boten laras kaliyan dhedhasaring wewatakan ingkang sumimpen ing dalem putra wau, ing tembe tamtu badhe wonten benceng cewengipun tumrap wewatakanipun, bebasan pintere mung pinter keblinger boten uninga punapa ingkang perlu katindakaken utawi pundi margi ingkang kedah kaambah amrih saged kadumugen gesangipun. Lare punika jiwa ingkang gadhah lelampahan piyambak, ingkang perlu anggayuh satunggaling pakaryan ingkang sampun dados tetanggelanipun, gadhah kewajiban ingkang kedah karampungaken ing salabeting gesangipun.

 

Sadaya kadadosan punika rak mesthi wonten sebab-musababipun, pramila punika manawi kita badhe ngundhuh woh ingkang miraos, inggih lajeng perlu ngengeti damel wiji utawi sebab ingkang saged nguwoh miraos. Mbokmanawi sampun dados wewataking manungsa, manawi dereng wonten lelampahan ingkang sangsara, limrahipun dereng kraos klentu lan sok ugi dereng wonten niyat badhe andadosi sebabipun nandhang papa cintraka wau. Dados nedhah-nedhahaken kasangsaran, ngertos-ngertosaken dhateng risaking kawontenan, bibrahing tatanan ingkang tundhonipun damel kapitunanan dhateng asanes, punika perlu supados bebrayan umum saged tumut ngraosaken lelampahan ingkang sinandhang. Manawi sampun saged kraos, yakin yen sangsara, limrahipun lajeng gampil dipun ajak mikir punapa ta sebabipun lan kados pundi anggen kita saged ngrungkeb ingkang dados gedibaling ontran-ontran, rengka-rekasaning laku, rungsit-gawating gesang ing ngalam bebrayan Nuswantara punika.

 

Anggenipun bangsa kita ebah ngupados kamulyan tuwin kaluhuran sampun 58 warsa, ananging kedah sami dipun akeni manawi dumugi samangke ebah-ebahan wau dereng saged mujudaken woh kados ingkang dipun ajeng-ajeng. Pramila ebah-ebahan wau kedah dipun santosakaken, supados kekiyatanipun langkung ageng katimbang samangke. Sadaya panjangka ingkang dipun lambari kekiyatan ingkang rosa punika mesti enggal kadumugenipun. Awit saking punika, sumangga kita para mudha ingkang sami jumagar-jumagar tuwin ingkang wekdal samangke sami ngudi kaweruh mawarni-warni sampun ngantos kesupen bilih pangudi kaweruh punika namung satunggaling sarana kangge nyamektekaken anggenipun badhe dados bebrayan.

 

Para sepuh ingkang ing wekdal samangke lelumban wonten ing ebah-ebahaning bangsa boten dangu malih badhe lengser saking palenggahanipun kabekta saking sampun yuswa utawi kekiyatanipun sampun suda kangge nyambut damel migatosaken kabetahanipun bebrayan. Para taruna ingkang samangke nedheng ing pawiyatan kedah sami ngrumaosi gadhah wajib anggentosi palenggahanipun para sepuh. Para nem-neman punika wewatakanipun banter sakliring tindak, mila dhatengipun para nem-neman ing jagading ebah-ebahan badhe njurung lampahipun ebah-ebahan wau, tegesipun angrikataken badhe kadumugening sedya. Ananging, Kanjeng Gusti Mangkunegara IV sampun paring suka pepadhang tuwin suka pepenget, ungelipun “mung bae wekasing wang, ywa pegat teteki”.

 

Sadaya tumindak punika kedah linambaran teteki. Teteki ing riki tegesipun mulat dhateng punapa ingkang dipun tindakaken. Dados teteki ing riki boten ateges cegah dhahar lawan guling, nanging tansah mulata dhateng sakathahing tumindak, amargi tindak makaten manawi anggenipun nglampahaken boten mawi kawicaksanan, tuna dungkapipun sok inggih andrawasi.

 

Tiyang gesang punika kedah nelangsa, tegesipun nalangsa dede bingah dede sisah, nanging prihatin. Prihatin ing riki tegesipun tansah nglanggengaken raos eling, mangesti marang kang mesti. Wewarah ing inggil wau ugi cundhuk kaliyan piwulang dalem eyang Breges Sotya Tunggul Negara, inggih Sinuwun P.B. V, sinawung Sekar Dhandhanggula mungel makaten: “Yen tegese wong prihatin iki, ora nyirik dhahar lawan nendra, ngemana ragamu angger, awit prihatin iku, dadi wajib lakuning urip, amrih temtreming manah, dimen ora numbuk, ya iku wong olah padhang, ngrasakake bener luput ala becik, dununge kang sanyata.

Satunggaling bangsa ingkang badhe anggarap satunggaling pakaryan agung, ingkang ngangkah murih rahayuning bebrayanipun, punika boten perlu kesesa supados enggal saged ngundhuh wohipun, nanging langkung perlu utawi langkung utami manawi ing salebetipun angudi kacepenging gegayuhanipun wau dipun kanteni ngudi murih kawontenaning bebrayanipun samangke punika ing tembe sageda sami nurunaken bebrayan enggal ingkang ambegipun laras kaliyan kekudanganipun murih sageda widada kawontenanipun, samangsa pancering gegayuhan wau saged kadarbe. Punika amargi sanadyan tiyang saged kadumugen sedyanipun andarbe kawontenan ingkang endah, edi tuwin peni, nanging manawi ambeging bebrayan wau dereng sami rahayu, saestu boten saged widada, telenging gegayuhan badhe muspra sabab badhe gampil risakipun, manawi tewah cocongkrahan rebut unggul ing dalem kalanganipun piyambak.

 

Lir pindhane geni murub siniram lenga patra, boten saged enggal hambirat ingkang ngenggreg-enggregi, lha kok malah sangsaya ndadra, sangsaya angel panyirebe anggenipun sami remen nuruti hardha puwa-puwaning ati. Kamanungsan lebur tanpa aran ing satengahing palagan antarane urip lan kanisthan.Watuk ingkang taksih cumondhok ing wataking bangsa punika badhe sangsaya awrat anggenipun ngusadani. Nuwun

 

 

 

 

BEBUKANING WIRID:

Bebukaning Wirid kang amratelakake ganepe patraping amejang ngelmu makrifat kasampurnaning ngaurip, ing jaman semana wis katindakake dening para Wali kabeh, urute sawiji-wiji ing ngisor iki.

 

Ingkang dingin, wiwitan patrap kang dadi kawajiban, iku guru karo bakal murid pada amet banyu wudu, sarta niayat kang karepe mengkene : “Nawaitu raf’al hadasi suharata walakabirata fardlanlillahi ta ala Allahu akbar” (Niyatingsun amet banyu kadas, angilangake kadas cilik lan gede perlu karana Allah).

Nuli pada dandan anganggo sandangan sarwa suci, ora kena anganggo kang mawa emas, utamane manawa karsa anganggo kuluk, banjur ngliga sarira kekonyo gando wida, sarta nganggo sumping kembang oncen-oncen Surengpati ana ing kuping kiwa, karo nganggo kalung kembang oncen-oncen Margasupana, wangun kaya oncen-oncen usus pitik karangkep telu, utawa nganggo gombyok keris kaya pangaten anyar.

 

Nuli ing pamejangan katata dipasangi tetuwuhan maju papat,sarta kadodokan lampit kang resik, banjur katumpangan klasa pasair kang tigas, ing duwur pisan katumpangan mori putih saules lapis pitu, apese lapis telu, mawa kasebaran kembang campur bawur.

Nuli sesaosan srikawin salaka putih bobot satail, kadokok ing wewadah tunggal karo lengz sundul-langit, sarta menyan bobot saringgit, kasasaban mori putih mawa pangiring sesanggan gedang agung suruh ayu, jambene tanganan, kasasaban mori putih dadi rong wadah sarta kembar mayang sajodo pada sumaji ana ing pamejangan.

 

Nuli ing antara manawa wis sirep wong utawa wayah tengah wengi, pada tindak menyang enggon pamejangan, kang bakal kawejang linggih madep mangulon , sarta dedupa ratus kaasepake ing kuping kiwa, banjur ing irung, wekasan ing dada, iku wiwit kawejang teka gurune. Dene kang kawejangake, anurut pamejange para Wali wolu ing Tanah Jawa, kakumpulake dadi sawiji. Wijose pada amet wijining ngelmu kekiyasan saka Dalil pangandikaning Allah, kang kasebut ing dalem Hadis pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah marang Sayidina Ali kawisikake ing kuping kiwa, pepangkatane dadi wolung wejangan, kapratelakake ing ngisor iki jarwane kabeh :

 

1. Wisikan Ananing Dzat

Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dzat, awit dening pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing kitab Hidayat khakaik, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten jarwanipun :
“Sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun, sajatining Dzat Kang Maha Suci anglimput ing Sipatingsun, anartani ing asmaningsun amratandhani ing afngalingsun”.

 

2. Wedharan Wahananing Dzat

Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dzat, awit dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dzat, sipat, wahanipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing kitab Dakaikalkaik.

Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning afngalingsun kang minangka bebukaning IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun anitahaken kayu aran Sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar aran Kandhil, nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab kang minangka warananing Kalaratingsun”.

 

3. Gelaran Kahaning Dzat

Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dzat, awit dening pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring Dzat sipat, inggih punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan saking Kitab bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alip, kitab Madinil Asror, kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawup sadaya. Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makten jarwanipun ;
”Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saking anasir patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu, Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun. Ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi, iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Amaha Suci”.

 

4. Pambuka Tata Malige Ing Dalem Bait-al-makmur

Wejangan punika dipun wastani, kayektening kahanan Kang Maha Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-makmur. Awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha suci, anggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat minangka Baitullah wonten ing sarahipun manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati.

 

Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan nungkilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun.
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah enggoneng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana antraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Dzat Kang anglimputi ing kahanan jati”.

 

5. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-muharram

Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang Maha Agung. Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-muharram, awit dening pamejanganipun pambuka kodrat iraDzating Pangeran kang Maha suci, enggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitullah wonten ing dhadhaning manungsa.

Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat kang Maha Mulya lenggah boten kenging ewah ginsir saking kahanan jati.

 

Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, iya iku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati”.

 

6. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-mukaddas

Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas, awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha Suci angenipun karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitulah katata wonten ing kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya, lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha suci dhateng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :


”Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas, iku omah enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutfah, iya iku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran angin Ingsun Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat, alam wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun”.

 

7. Panetep Santosaning Iman

Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados pikekahing pangandel kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita pribadi, manawi sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci sajati. Kasebeut ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking kadis makdus, salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken kakekating taukid. Ingkang terus dhateng iktikad, wewiridan saking cipto sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsittaken dhateng sayidina Ali, makaten jarwanipun :
”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun”.

 

Menggah dunungipun makaten :
a. Ingkang dipun wastani Pangeran meniko Dzating gesang kita pribadi, sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya, tegesipun asya ; sawiji-wiji, tegesipun napi, boten wonten, mila kasebut boten wonten Pangeran isbatipun inggih namung Dzating gesang kita pribadi. Tegesing isbat ; tetep, dados teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika boten wonten sanesipun, suraos tunggal tanpa wewangenan amung kaot lair batin kemawon.

b. Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning Dzat, kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing dalil salebeting Qur’an makaten jarwanipun :


“Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh, utusaning Dzat metu saka ing awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani barang saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih pangapuraning Pangeran”.

Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun Pangeran Kang Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih gesangkita pribadi wahananing nugraha, kahananing kanugrahan. Nugraha punika Dzating Gusti, kanugrahan punika sipating kawula, tunggal tanpa wewangenan dumunung wonten ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang kasebut ing Kitab Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih namaning Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing mangke Allah minangka warangka, Muhammad minangka sabet, ing tembe wewangsulan.

 

Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu. Kabar angsal paedah manjing dados putra muridipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus, kaidenan ingkang dados saesthining galihipun.

Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan makaten jarwanipun.
”Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat Ingsun”.


8. Sasahidan

Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening pamejanganipun kinen asahida dhateng wahananing sanak kita. Inggih punika ananing dumadi ingkang gumelar wonten ing alam dunya, kadosta, bumi, langit, wulan, lintang, latu, angin, toya, sapanunggalipun sadaya. Sami aneksenana yen kita mangke sampun purun angakeni “ Jumeneng Dzating Gusti “ Kang Maha Suci, dados sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing dalem kiyas wewarahing para pandhita, anggenipun amencaraken nukilan saking kadis mahdus, salebeting bab Maklumating Huluhiyah. Wosipun anartani ing panetep santosaning iman, dados panuntuning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi pepiridan saking cipta sasmitaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsitaken dhateng Sayidina Ali, makaten jarwanipun ;


”Ingsun anekseni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun, iya sajatine kang aran Allah iku badan Ingsun Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku rahsaningsun, iya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji, iya Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana Ora kekurangan ing pangerti, Byar sampurna padang tarawangan, Ora krasa apa-apa Ora ana katon apa-apa, Amung Ingsun kang anglimuti ing alam kabeh kalawan kodratingsun”.

Menggah dunungipun makaten :


Ingkang dipun wastani Pangeran punika Dzating gesang kita pribadi, ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita pribadi. Manawi ingkang kasebut ing dalem dhikir “ La Illaha Ilullah, Muhammad Rasulullah “ tegesipun boten wonten Pangeran anging Allah, Nabi Muhammad punika utusaning Allah punika afngaling Rasul, dumunung ing badan kita. Rasul punika asmaning Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad tuwin sipating cahya, dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita punika, Dzating Pangeran Kang Maha Suci.

 

Kayektosanipun kasebat ing dalem daliling Al Qur’an, manawi Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa amijilaken gesang saking pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi punika. Sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah. Dipun basakaken ; kayun pidareni. Tegesipun : gesang ing kaanan keakalih, wonten ing alam sahir kita gesang, wonten ing alam kabir inggih gesang. Sarta boten kasupen ing Dzat kita kang agung, boten ewah gingsir ing sipat kita kang elok, boten kasamaran ing sama kita kang wisesa, boten kekirangan ing afngal kita kang sampurna, dados pepuntoning taukid ingkang ambontos dhateng iktikad. Sampurnaning gesang kita punika boten wonten karaos utawi tanpa katinggal punapa-punapa. Amung waluya sajati lajeng anglimputi ing alam sadaya ; sampun uwas sumelang.

 

Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan, kaprayogekaken sami anglampahana sampun ngantos anyebut Allah, kaisbatna anyebut Pangeran, kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah, isbatipun saking karsaning Pangeran. Kabar pakantukipun ingkang sampul kalampahan asring kadhawahan ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananing wasiyating guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten dados punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning ulah ngelmi kasampurnan punika namung napsu. Manawi saged ambirat hawa napsu, saking aDzat kadunungan manah awas tuwin emut. Manawi tansah awas emut saestu manggih kamulyan ing sangkan paran sasaminipun kados riwayating para ahli ngelmi ingkang kasebut ing ngandhap punika :


a. Taberi suci temen ; Minangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun ; ganda awon.
b. Angengirangi dhahar nginum ; Minangka paluluhaning raga ing tembe.
c. Angawisi sare shawat ; Minangka pangluyutaning jiwa ing tembe.
d. Nyenyuda napsu wuwus ; Minangka panglenyepaning rahsa ing tembe.

Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita kang sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak, dados namung anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi kalampahan makaten inggih wallahu alam katarimahipun.

 

Sawise ganep pamejange, nuli amarah patrape paraboting ngilmu dadi wolung pangkat, kasebut ing ngisor iki :

 

1. Pamuja.

“Ana pepujaningsun sawiji, Dzate iya Dzatingsung, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun, Ingsun puja ing patemon tunggal sakahananingsun, sampurna kalawan kudratingsun”.

 

2. Tobat utawa Panalangsa.

“Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeding jisimingsun gorohe ing atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase ing mengko Ingsun ruwat sampurna ing sadosaningsun kabeh saka ing kudratingsun”.

 

3. Pangruwat.

“Ingsun angruwat kadangingsun papat kalmia pancer kang dumunung ana ing badaningsun dewe, Mar Marti Kakang Kawah Adi Ari-ari Getih Puser, sakehing kadang ingsun kang ora katon lang kang ora karawalan, utawa kadangingsun kang metu saka marga ina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina kabeh pada sampurnaa nirmala waluya kahanan jati dening kudratingsun”.

 

4. Saksi ing Dzat Kita, kaya Sasahidan.

“Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora kena lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangreti, byar sampurna padang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kudratingsun”.

 

5. Anucekake Sakehing Anasir.

“Ingsun anucenaken sakaliring anasiringsun kang abangsa jasmani, suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun kang abangsa Rochani, nirmala walya ing kahanan jati dening kudratingsun”.

 

6. Angawinake Badan Karo Nyawa.

“Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune Muhammad, saksine Malaekat papat, iya iku Insun kang angawin badaningsun, winalenan dening rahsaningun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksenan dening Malaekatingsun papat, Jabarail, iya iku pangucapingsun, Mikail pangambuningsun, Israfil paningalingsun, Idjrail pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun”.

 

7. Sangkan Paraning Tanazultarki.

“Ingsun mancad saka ing alam Insan Kamil, tumeka ing alam Ajsam, nuli tumeka ing alam Misal, nuli tumeka ing alam Arwah, nuli tumeka ing alam Wachidiyat, nuli tumeka ing alam Wahdat, nuli tumeka maring alam Insan Kamil maneh, sampurna padang tarawangan saka ing kudratingsun”.

 

8. Pambirat Asaling Cahya.

“Cahya ireng kadadeyaning napsu, Luwamah sumurup maring cahya kang abang, cahya abang kadadeyaning napsu, Amarah sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu, Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya puti kadadeyaning napsu, Mutmainah sumurup maring cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarna kadadeyaning Pramana, sumurup marang Dzating cahyaningsun kang awening mancur mancorong gumilang tanpa wewayangan, byar sampurna padang terawangan, ora ana katon apa-apa, kabeh-kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun saka ing kudratingsun”.

Sawise mangkono, nuli amarah maneh praboting amatrapake panjenenganing Dzat, dadi sangang pangkat, kasebut ing ngisor iki.

 

1. Angumpulake Kawula Gusti.

“Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun, tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun”.

 

2. Maha Sucekake Ing Dzat.

“Ingsun Dzat Kang Amaha Suci Kang Sifat Langgeng, kang amurba amisesa kang kawasa, kang sampurna nilmala waluya ing jatiningsun kalawan kudratingsun”.

 

3. Angrakit Karatoning Dzat.

“Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu Agung, kang amurba amisesa kang kawasa, andadekake ing karatoningsun kanga gung kang amaha mulya. Ingsun wengku sampurna sakapraboningsun, sangkep, saisen-isening karatoningsun, pepak sabalaningsun, kabeh ora ana kang kekurangan, byar gumelar dadi saciptaningsun kabeh saka ing kudratingsun”.

 

4. Angracut Jisim.

“Jisimingsun kang kari ana ing alam dunya, yen wis ana ing jaman karamating maha mulya, waluya kulit daging getih balung sungsum sapanunggalane kabeh, asala saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali marang ingsun maneh saka ing kudratingsun”.

 

5. Anarik Sampurnaning Akrab.

“Jaganingsun sapanduwur sapangisor kabeh, kang pada mulih ing jaman karamating alame dewe-dewe, pada suci mulya sampurnaa kaya Ingsun saka ing kudratingsun”.

 

6. Angukud gumelaring Jagad.

“Ingsun andadekake alam dunya saisen-isene kabeh iki, yen wis tutug ing wewangene, Ingsun kukud mulih mulya sampurnaa dadi sawiji kalawan kahananingsun maneh saka ing kudratingsun”.

 

7. Ambabar Karaharjaning Turas.

“Turasingsun kang maksih pada kari ana ing alam dunya kabeh pada nemuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kekurangan, rahayu salameta sapanduwure sapangisore saka ing kudratingsun”.

 

8. Amasang Pangasihan.

“Sakahe titahingsun kabeh, kang pada andulu kang pada karungu pada asih welasa marang Ingsun, saka ing kudratingsun”.

 

9. Amasang Kamayan.

“Sakeha machlukingsun kabeh, kang ora angendahake maring Sun, pada kaprabawa dening kamayan dening kudratingsun”.

Ing wekasan kang kawejang dijantenana yen panggonaning patrap pratikele sawiji-wiji, kapratelakake ana Babaring Wirid amawa murad maksud kasebut dadi pituduhane dununging ngelmu makrifat kabeh mau iku.

 

Sawise mangkono, kang amejang maca dunga Istiqfar karo dunga Kabula, sajeroning batin anuwun pangapura marang Kang Amurba Amisesa ing ngurip, supaya aja nganti pleh wewalak anggone amerake rahsaning Dzat iku.

Nuli kang kawejang dijanjeni, Manawa isih urip gurune, ora kena mejang, kang wis kalakon andadekake ora prayoga, dene Manawa kaburu ing perlu, ana akrabe kang lara lara-banget, mangka during ngelmu, iku kena amisik Ananing Dzat bae.

Kajabone saka mangkono, saupama kang kawejang mau during anarima utawa isih kurang padang ing panampane, Manawa arep anggeguru ing liyane maneh ora dadi apa, angger anajaluk idening guru kang amejang ngelmu iku.

Sawise mangkono banjur pada sesalaman, utamane kang kawejang mau yen karsa angabekti marang kang amejang.

 

Sawise luwar saka pamejangan, ing kono nuli pada angepung mabengan, salamating jiwa raga, mungguh kehing ambengan dadi telung asahan, ing ngisor iki pratikele :
1. Memule angaturi dahar Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, sega wuduk, lembarang pitik, utawa endog, karupuk, lombok, terong.
2. Memule angaturi dahar para Sahabat Rasul karo para Waliyullah, sego golong, pecel pitik, jangan menir, iwak kebo siji kagoreng.
3. Memule angaturi dahar marang leluhur kang pada amedarake rahsaning ngelmu makrifat apa kang dadi dedaharane nalika isih urip, sarta nganggo kinang, kembang konyoh, kabeh iku pada kadonganan onga Rasul, Majmuk Kabula, Tulak-bilahi wekasan Salamet.

Dene pakolehing amejang iku, yeng amarengi sasi tanggale sapisa ing dina Jum’at, pamejange anuju purnama, anggere or sangar ora na’as, sarta ora taliwangke, Manawa sangaraning sasi anuju dina Jum’at, pamejang ing dina Anggara Kasih (selasa Kliwon), ora angetung purnama.

Mungguh pakolehing enggon pamejang iku, bumi sucikang becik arane, sarta ora kauban wangon, utamane yen ana ing gunung, ing ara-ara, ing banyu, angger becik jenege sarta sepen, prayoga kanggo panggonan amejang, kaya ta : ing gunung Agung,ara-ara ing Purwadadi, ing Ngadipala, bangawan ing Ngobol, luwih utama pisan Manawa amejang ana ing Sitinggil, utawa palataran ing Masjid Gede, sapepadane kang sakira pakoleh ing jeneng karo panggonane.

 

 

 

Makna Ajaran Wong Urip:

Secara harafiah, “Wong urip iku mung mampir ngombe” dapat diartikan orang hidup itu hanyalah istirahat sejenak untuk minum. Meskipun ungkapan tersebut mempunyai arti yang sederhana tetapi makna yang terkandung sangat dalam. Untuk dapat memahami makna ungkapan itu kita dituntut untuk memahami kehidupan manusia secara menyeluruh. Dalam budaya Jawa kehidupan manusia dimulai semenjak tumbuhnya bayi dalam kandungan ibu kemudian setelah bayi dilahirkan ke dunia, dimulailah kehidupan yang sebenarnya dunia. Dengan kematian seseorang, yaitu berpisahnya roh dan wadag manusia, dimulailah kehidupannya di alam lain yang belum kita ketahui pasti. Pemahaman tentang tiga kehidupan ini biasa dimanifestasikan sebagai alam purwa, madya dan wasana. Makna ungkapan “Wong urip itu mung mampir ngombe” mengacu kepada alam madya, yaitu kehidupan setelah manusia dilahirkan di dunia.

Mengisi Kehidupan yang Sesaat
Seperti kita ketahui manusia terlahir di dunia ini berbekal empat sifat dasar yang mewarnai kehidupannya, yang sering diistilahkan dengan aluamah, sefiah, amarah dan mutmainah, atau yang biasa juga diistilahkan dengan nafsu angkara, amarah, keinginan dan perbuatan suci. Nafsu-nafsu tersebut timbulnya dirangsang oleh anasir-anasir yang ada di dunia ini dan masuk melalui paningal (mata), pengucap (mulut), pangrungu (telinga) dan pangganda (hidung).

Anasir alam yang masuk melalui mata berwujud nafsu keinginan akibat rangsangan sesuatu yang terlihat oleh mata. Anasir alam yang masuk melalui mulut berupa kata-kata kotor yang diucapkan oleh mulut. Anasir alam yang masuk melalui telinga berwujud suara yang tidak enak didengar oleh telinga dan menyebabkan seseorang marah, kasar dan mata gelap. Sedangkan anasir alam yang masuk melalui hidung berwujud tindakan-tindakan baik karena hidung tidak mau menerima bau-bau yang tidak enak. Dengan bekal empat sifat dasar hidup itu, manusia diwajibkan menguasai keempat nafsu yang melekat pada dirinya. Dengan kata lain, manusia harus menguasai ketiga nafsu yang dapat menimbulkan tindakan-tindakan yang kurang baik, yaitu aluamah, amarah dan sufah, dan mengutamakan nafsu yang dapat menimbulkan tindakan-tindakan baik, yaitu mutmainah. Menguasai di sini diartikan sebagai memelihara mengatur ataupun mengendalikan. Apabila manusia dapat memelihara mengatur serta mengendalikan keempat nafsu-nafsu tersebut akan menjadi manusia teladan dalam arti dapat diteladani oleh orang-orang disekitarnya karena tindakan-tindakannya selalu terpuji.

Sebaliknya apabila manusia tidak dapat memelihara mengatur serta mengendalikan keempat nafsu-nafsunya, orang tersebut akan menampilkan tindakan-tindakan yang tidak terpuji, sehingga ia dijauhi oleh orang-orang di sekitarnya, oleh karena itu kehidupan di dunia yang hanya sesaat tersebut, yang dalam budaya Jawa diungkapkan istlah “wong urip iku mung mampir ngombe”, haruslah disibukkan dengan tindakan-tindakan memelihara, mengatur serta mengendalikan keempat nafsu manusia ini, sehingga kehidupan di dunia yang sifatnya hanya sesaat tersebut diisi dengan tindakan-tindakan terpuji, seperti tolong-menolong, mengasihi sesama, berbakti kepada nusa dan bangsa, saling hormat-menghormati, bermusyawarah untuk mencapai mufakat dan lain-lain. Dengan demikian apabila pada saat kematian, yaitu berpisahnya roh dan wadag manusia dapat diharapkan roh manusia tersebut akan kembali kepada Tuhan Yang Maha Esa, yaitu causa pria segala kehidupan di dunia ini.

Selamat sampai Tujuan
Kehidupan di dunia ini dapat diibaratkan sebagai perang antara nafsu baik dan nafsu yang tidak baik. Agar manusia dapat memenangkan perang tersebut, sehingga pada saat kematian rohnya kembali kepada Tuhan Yang Maha Esa, manusia harus dapat menempatkan hati nuraninya di atas nafsu. Dengan kata lain, hati nurani manusia haruslah menguasai nafsu. Jika hati nurani dikuasai oleh nafsu pada saat kematian roh manusia dapat kembali kepada Tuhan Yang Maha Esa.

Bagaimana agar seseorang dapat menjaga hati nuraninya selalu berada di atas nafsu? Budaya Jawa mengajarkan agar seseorang selalu menjalani laku, seperti berpuasa dan lain-lain, sebagai latihan pengendalian diri sehingga dapat mengendalikan diri apabila timbul rangsangan untuk bertindak yang tidak baik. Selain itu budaya Jawa juga mengajarkan agar seseorang selalu mendekatkan diri kepada Tuhan Yang Maha Esa, sehingga selalu mendapatkan terang dari-Nya yang akan menyebabkannya dapat berpikir secara jernih dan bersih.

Tujuan hidup manusia adalah selamat di dunia maupun di alam kelanggengan. Untuk dapat mencapai tujuan itu manusia dituntut untuk terus menerus berjuang menegakkan kebenaran. Dalam kehidupan di dunia yang sesaat, manusia harus dapat mengisinya dengan tindakan baik. Oleh karena itu budaya Jawa selalu mengingatkan bahwa kehidupan di dunia ini hanyalah sementara sifatnya. Peringatan tersebut diungkapkan dalam istilah “wong urip iku mung mampir ngombe”. Apabila seseorang selalu ingat akan hal ini dan mengisi kehidupan sesaat dengan tindakan baik, maka dapatlah diharapkan tujuan hidup seseorang akan tercapai, yaitu selamat di dunia maupun di alam kelak nanti.

Aja dumeh mujudake pitutur luhur warisane para leluhur lan pinisepuh kang ngemu teges supaya jalma manungsa utawa titah sewantah anggone nglakoni penguripane ana ing alam donya ora ngendelake aji mumpung. Dumeh, mujudake kahanan kajiwan kang njalari sawijining pawongan nggunakake kesempatan(aji mumpung) kanggo kepentingane dhewe tanpa ngelingi sak padhane urip. Kesempatan kasebut ing ndhuwur bisa maujud drajat, pangkat, bandha donya, panguwasa, ilmu linuwih, kebagusane rupa lan liyane.
Ing donya Eropa utawa dunia barat uga nduweni sanepa “power tends to corrupt” kang nduweni teges yen kuwasa bisa njalari wong kang nyekel kuwasa kuwi nylewengake kekuwasaane kanggo kepentingane pribadhi lan ngianati marang wong kang ngamanati .


Wong urip mono kudu tansah eling marang kang nitahake urip ing alam donya, kudu tansah mawas marang sangkan paraning dumadi. Seko ngendi bibit kawite urip, ana ngendi saiki dumunung lan papan ngendi kang tembene bakal dituju. Kahanan kang bisa direngkuh ora kena njalari lali marang kodrate minangka kawulane Gusti. Kanthi mengkono sifat aja dumeh bisa njalari wong tansah eling marang asal-usule, sahengga ora nglali yen apa kang diduweni mung minangka titipan utawa amanate kang gawe urip. Sikep ini bisa nyurung supaya manungsa tansah nyukuri peparingane Gusti, kanthi nggunakake peparingane mau kanggo nyengkuyung kewajibane minangka khalifahe Gusti ing alam donya, kang nduweni kewajiban memayu hayuning bawana.


Kahanan urip kang dilakoni manungsa kena digambarake kaya dene cakramanggilingan utawa rodha kreta, kang ana sakperangane rodha sakwijining wektu mapan ing dhuwur nanging ing kala wektu liyane ganti mapan ing ngisor. Urip mujudake ganti gumiliring nasib. Mula saka kuwi nalikane wong lagi nduweni nasib kang apik ora kena gumedhe lan umuk marang sak padha-padha lan nalikane ngalami nasib kang ala uga aja nglokro utawa mutung.


Kadangkala wong urip diparingi kanikmatan kang tanpa kinira. Ana ing kahanan iki pitutur aja dumeh trep banget kanggo diamalake. Wong kudu tansah syukur lan uga kudu loma marang sak padhaning urip, ora kena umuk lan gumedhe nanging kudu tansah bisa sakmadya lan andhap asor.


Ana uga kahanane urip kang lagi diparingi pacoban nganti kadangkala wong sing rumangsa ora kuwat nglakoni kahanan mau nduweni panganggep yen donyane wis kiamat. Ngadepi kahanan mengkene, manungsa kudu tansah pasrah sumarah marang kang gawe urip lan sabar anarima ing pandum. Manungsa kudu nduweni keyakinan yen pacoban mau uga mujudake wujud katresnane Gusti kanggo nggembleng manungsa supaya tatag lan tanggon anggone nglakoni uripe.


Aja dumeh ngajarake manungsa tansah mawas diri lan nduweni keyakinan kang kuat menawa urip ing alam donya iki mung sakwetara mampir ngombe. Kabeh lelakone urip mujudake proses kang ora langgeng lan kabeh bakale dijaluk pertanggungjawabane mbesuk ing alam akherat.

 


Sifat utawa watak aja dumeh bisa diwedhar kanthi pitutur kayadene:

1. Aja dumeh kuwasa, tumindake daksura lan daksiya marang sakpadha-padha.
2. Aja dumeh pinter, banjur tumindak keblinger.
3. Aja dumeh sugih, banjur tumindak lali marang wong ringkih.
4. Aja dumeh menang, tumindake sak wenang-wenang.
5. Aja dumeh bagus, banjur gumagus.
6. Aja dumeh ayu, banjur kemayu, lan sakpiturute.


“Nyawa mung gaduhan, bandha donya mung sampiran”, mengkono pituture para winasis. Kanthi mengkono sejatine manungsa urip ing alam donya ora duwe apa-apa. Kayadene nalika dilahirake manungsa ora nggawa apa-apa, smono uga mengko yen wis tumeka titi wancine sowan ing ngarsa Gustine uga ora sangu apa-apa. Dadi apa kang bisa diumukake manungsa?


One thought on “ANANE SWARGA LAN NERAKA

  1. Arvelyan (@Arvelyan) mengatakan:

    salam kenal mas,..artikel yg bagus sekali….serat jatimurti yg lengkap punya ngga mas? bolehkah saya minta copy-nya…

Berikan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s