WIRIDZ MAKLUMAT DJATI

WEJANGAN WIRIDZ MAKHLUMAT DJATI

WEDARAN ILMU KEBATINAN TAREKOT TASAWUF DAN MA’RIFAT YANG PERNAH DI PELAJARI OLEH

KI DJAKA TOLOS

WIRID MAKLUMAT JATI :

Mengku wolung wiwiridhan – yaiku kasebut =

  1. ……….Wirayat – jati
  1. ……………………Laksita – jati
  1. ………………………………Panunggal – jati
  1. ………………………………………………Karana – jati
  1. ………………………………………………………….Purba – jati
  1. …………………………………………………Saloka – jati
  1. ……………………………………….Sasmita – jati
  1. ……………………………..Wasana – jati

WIRID MAKLUMAT JATI :

Manggih wedharing ilmu kabatosan {kebatinan} sejati

UILAHENG HONGMANGARCARA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASIDHEM, UPAH MAYANA SIWAHA

Suraosipun : dhuh hem adhuh, kawula nembah ing suksma, dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun sanghyang guru, ingkang mengku sakliring papadhang.

I. WIRAYAT- JATI

Anenggih punika pituduh ingkang sanyata,anggelaraken dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, wiwinih saking pamejangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitedah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking kitab taswuf. Panggelaring wejangan wau thukul saking kaweningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning pangeran, rinilan ambuka wedharing pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Musa Kalamola, ingkang saraosipun mekaten

: ING SABENER-BENERE MANUNGSA IKU KANYATAHANING PANGERAN, LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI.

Pangandikaning Pangeran ingkang mekaten wau, imggih punika ingkang kawedharaken dados witing kawruh kasampurnan, ingkang lajeng kawedharaken deninng para gurunadi dhateng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wonten kawruh wau, lajeng kadhapuk 8 papangkatan sarta pamejangipun sarana kawisikaken ing taliwang kiwa. Mangertosipun : asung pepenget bilih wedharing kawruh kasampurnan, punika boten kenging kawejangaken dhateng sok tiyanga, dene kengingipun kawejangaken, namung dhateng tiyang ingkang sampun pinaringan Ilhamipun Pangeran. Tegesipun tiyang ingkang sampung tinarbuka papadhanging budi pangangen-angenipun (ciptanipun)

Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos serat punika ayuginipun sinembuka nunuwun ing Pangeran. Murih tinambuka ciptaning saged anempeni saha angcupi suraosing wejangan punika, awit suraosing pancen kepera nyata yen saklangkung gawat. Mila kasembadanipun saged angecupi punapa suraosing wejangan punika, inggih muhung dumunung  ing ndalem raosing cipta kemawon. Mila inggih mboten kenging kangge wiraosan kaliha tiyang ingkang dereng nunggil raos, inggih ingkang dereng kepareng angsal Ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana kangge wiraosing kaliyan ingknag sampun nunggil raos, wedaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangertosipun kedah angen mangsa lan empan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.

Menggah wonten wejangan 8 pangkat wau,

1.      Wewejangan ingkang rumiyin, dipun wastani : pitedahan wahananing Pangeran, sasadan pangandikanipun pangeran dhateng Nabi Muhammad s.a.w. makaten pangandikanipun: sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, afngal).

Menggah dunungipun mekaten : kang binasakake pangandika ora ana Pangeran anging ingsun, sejatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gesang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, menggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning pangeran kita, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misesa, inggih wang’ (daean inggih kang manuksma, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misesa, inggih kang kawisesa, umpami surya lan sunaripun, maben lan manisipun, sayekti boten saged den pisaha)

2.      Wewejangan ingkang kaping kalih, dipun wastani : Pambuka kahananing Pangeran, pamejangipun amarahaken papangkatan adeging gesang kita ing dalem 7 kahanan, sasadan pangandikanipun pangeran dhateng Nabi Muhammad s.a.w. makaten pangandikanipun : satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka kersa lan pepesteningsun, ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan pakertiningsun, kang dadi pratandha.

Kang dhihin, ingsun gumana ing dalem alam awang- uwung kang tanpa wiwitan tanpa wekasa, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.

Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing alam pasenedhaningsun

Kaping telu, ingsun anganakake wawayangan, miinangka panuksma lan dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji.

Kaping pat, ingsun anganakake suksma, minangka dadhi pratanda kauripaningsun, dumunung ana ing alaming getih.

Kaping lima, ingsun anganakaken angen- angen kang uga dadi warnaningsun, ana ing dalem alam kang lagi kena kaupamakake bae.

Kaping enem, ingsun angaakake budi, kang minangkan kanyatahan pencaring angen-angen kang dumunung ana ing dalem alaming badan alus.

Kaping pitu, ingsun anggelar warana kang minangka kakandhangan sakabehing paserenaningsun. Kasebut nem prakara ing duwur mau tumitah ana ing dunya iya iku sajatining manungsa.

Kacarios wontening warana wau, kadadosaken saking pakartining pramana, warni sosotya kang darbe sorot mancawarni. Ing nalikanipun mosik lajeng ngawontenaken warna tigang perangan, ing satunggal-tunggaling perangan sami angawontenaken warni nigang perangan malih kadosta.

a.       Huruh, ngawontenaken : 1. kulit, daging sapanunggalipun 2. Manik, manah, jantung, sapanunggalipun. 3. Herah, mani, sungsum, sapanunggalipun.

b.      Kukus, ngawonyenaken : 1. napas lan kaketeg. 2. pancadriya. 3. napsu.

c.       Toya, ngawontenaken : 1. suksma, utawi nyawa. 2. rahsa utawi cipta. 3. Cahya

Sadaya wau inggih punika ingkang sami dados warnaning Pangeran dumunung ing badan kita pribadi, sampun uwas sumelang ingpanggalih. Sebab kw\awontenanipun ingkang gumelar ing jagad ageng lan jagad alit, punika sampun kawengku wonten salebeting warana, kaprabawan dening purbawisesaning Pangeran kita.

3.      Wewejangan ingkang kaping tiga, dipun wastani gegelara kahananing Pangeran. Pamejangipun ambabaraken ingkang dados kanyatahan lan karsaning Pangeran, nalika anggelaraken kahanan miwah panguasanipun, inggih punika ingkang anedhahaken waktu badhe dhatengipun pejah, kang ugi sasadan pangandikannipun pangeran dhateng Nabi Muhammad s.a.w

Mekaten pangandikanipun : sejatine manungsa iku rahsaningsun, lan ingsun iku rahsaning manungsa, karana ingsun anitahaken wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaningsun, iya iku sasamaning geni bumi, angin lan banyu, ingsun anjingi limang prakara. Yaiku : cahya, cipta, sukma (nyawa). Angen-angen lan budi iku kang minangka embanan panuksmaningsun, sumrambah ana ing dalem badaning manungsa.

Wejangan ing nginggil punika chunduk kaliyan pangandikanipun para wicaksana ing Atasangin. Makaten : rupa sajati punika asal saking sajatining rupa, sajatining rupa punika inggih warnaning Pangeran kang sajati, kababar wonten rupa kita sejati, inggih punika tuladha surating Pangeran. Utawi sajatining Pangeran punika dados tiladhaning nyawa utawi sukma sajati, nyawa sajati dados tuladhaning warna sajati, warna sajati punika dados tuladhaning rupa kita sajati, sampun uwas sumelang malih, sabab kahananing manungsa punika tuturutan wahananing Pangeran, katandha saking prabawaning cahya kang anglimputi ing warna kita pribadi.

Amung dumugi samanten kemawon tetapalupining pralambang, menggah sumelehing panggalih kasumanggakaken, angger katuwuhan budi wicaksana, sayekti saged anempeni suraosipu sadaya wajangan punika wau.

4.      Wejangan ingkang kaping sakawan dipun wastani : Kayektening Pangeran, inggih punika katedhahan tataning karaton. Duktinata wonten ing uteking manungsa. Sajatosipun inggih namung kangge pitedahan kayektening wujud satunggal-satunggal, anadhahaken kadadosan karso, ingkang boten ewah gingsir ing kahananipun. Wejangan wau inggih anggelaraken bab sampurnaning manungsa, kang ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dgaten Nabi Muhammad s.a.w. makaten pngandikanipun : Sajatine ingsun anata palenggahan , dumunung ana ing enggon parameanningsun, jumeneng ana ing sirahing manungsa, kang ana sajroning sirah iku utek, kang gagandengan ana ing antarane utek iku manik, yaiku telenging netra, aran pranama. Sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, kang uga ingaran angen-angen. Sajroning napsu iku suksma, kang uga ingaran nyawa, roh utawa getih. Sajroning suksma iku rahsa, kamg uga ingaran cipta, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun, sajatining, urip kang angliputi sagunging kahanan. Menggah dunungipun makaten :

a.       sirah, sajatining enggen parameyan

b.      Utek, kandanging cahya, pambukaning netya.

c.       Manik, sajatining pramana, pambukaning paningal

d.      Budi, sajatining manah, pambukaning pamicara.

e.       Napsu, sajatining angen- angen, pambukaning swara.

f.        Suksma, sajatining nyawa, pambukaning swarga.

g.       Rahsa, sajatining gesang, pambukaning pangraos.

Peperangan ing nginggil punika, sajatinipun boten sanes witing pangawasa wau, inggih saking purbawisesaning pangeran kita.

5.      Wejangan ingkang kaping gangsal, dipun wastani : kanyatahan wahananing pangeran, inggih punika ambuka panataning palenggahan, duk jumeneng wonten salabeting jantunging manungsa, punika sajatosipun inggih namung minangka pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken kadadosaning karsa engkang langgeng mboten mawi ewah gingsir saking kahanan jati. Makaten ugi ngemot cariyos bab kasampurnaning manungsa, sasadan pangandikaning pangeran dhateng Nabi Muhammad saw mekaten pangandikanipun : sejatine ingsun ananta palenggahan ana sajroning jantunging manungsa, iya iku enggon laranganingsun jumeneng ana dhadhaning manungsa, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang gegandengan ana saantaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, tegese angen-angen, sajroning jinem iku duksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun. Ora ana pengeran anging ingsun, sajatining urip kang anglimputi sanguning kahaman, menggah dunugipun mekaten :

a.       Dhadha, tegesipun griya kang ka’awisan

b.      Ati, tegesipun pacadriya, inggih napsu, wahyaning napas

c.       Jantung, tegesipun ganggal inggih birahi, wahyaning keteteng

d.      Budi, tegesipun kawaspadan, inggih karsa, wahyaning pamicara

e.       Jinem, tegesipun panggraita, inggih swara, wahyaning pamiarsa

f.        Suksma, tegesipun erah, inggih cipta, wahyaning pangganda

g.       Rahsa, tegesipun urip, inggih kang kawasa, wahyaning pangraos.

Perangan ing nginggil punika, inggih sami kemawon maksudipun kaliyan perangan ing wewejangan ingkang kaping sekawan.

6.      Wejangan ingkang kaping enem, dipun wastani : kayekten kahananing pangeran, inggih punika pembuka tataning pelenggahan duk tinata wonten kontholing manungsa, inggih saking karsaning pangeran engkang amesti, punika sajatosipun inggih amung minangka pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken kada dosaning karsa ingkang boten mawi ewah gingsir ing kahanan jati. Makaten ugi ngemot carios bab kasampurnaning manungsa ingkang ugi sasadan pangandikanipun : sajatine ingsun anata palenggahan ana sajroning kontholing manungsa , iku omah danunging pasucianingsun, kang ana sajroning kongtol iku pringsilan, kang anglimputi ana sa’antaraning pringsilan iku mani, sasarining mani iku madi, sasarining madi iku wadi, sasarining wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun.

Ora ana pangeran anging ingsun, sajatining urip kang anglimputi sakliring tumitah, jumeneng dadi wiji kang piningit, tumurun mahanani sosotya kang ndingin kahanan kabeh, maksih dumunung ana alaming wiji, laju manggon ana ing alam pambabaring wiji, laju temurun ana ing alaming suksma, iya iku getih, laju tumurun ana ing alam kang durung kahana, iya iku alam kang ingaran upama laju temurun marang alam dunya, iya iku alaming manungsa urip, lan iya iku sajatining warnaningsun. Menggah dunungipun mekaten :

a. Konthol, sinebut griya kang sinucekaken

b. Pringsilan, nyataning birahi, bubuka semseming manah

c. Mani, nyataning hawa, bubuka semseming pandulu

d. Madi, nyataning karsa, bubuka semseming pamireng

e. Manikem, nyataning pangraos, bubuka semseming pangambu

f. Rahsa, nyataning pangawasa, bubuka sengseming salulut

Penggenahipun malih :

a.       Mani = pejuh, ingkang kados toya, warnanipun surat biru

b.      Madi, sarining mani, warninipun surat dhadhu

c.       Wadi, sarining wadi, warninipun surat jene

d.      Manikem, sarining wadi, warninipun pethak maya-maya kadi retna

e.       Wiji kang piningit, inggih punika rahsa sajati

f.        Sosotya ing dhihin, inggih manik embaning rahsa sajati, ing ngriku wontening papangkatan pambabring wiji, dumunung pitung kahanan inggih punika nalika kita taksih dumunung wonten wonten guwargabaning rena (biyung) inggih punika :

1)      Duk kendel 1 wulan, kita dumunung alaming wiji

2)      Duk kendel 2 wulan, kita dumunung wonten pasenedhaning wiji

3)      Duk kendel 3 wulan, kita dumunung wonten pambabaring wiji

4)      Duk kendel 4 wulan, kita dumunung wonten alaming rah

5)      Duk kendel 5 wulan, kita dumunung wonten alaming upama

6)      Duk kendel 6 wulan, kita dumunung wonten alaming badan

7)      Duk kendel 7, 8, 9 wulan, kita dumunung wonten alaming manungsa.

Ing ngiku kita tetep jumeneng kasampurnaning manungsa (insankamil), sampun darbe pekerti kita badhe lahir saking guwargabaning ibu, tumitah wonten ing donya.

Dene wejangan punika manawi tumanduk dhateng tiyang estri, wenang kesantunan pamangsitipun makaten : ingsun anata palenggahan jumeneng ana bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana antaraning purana iku reta, sajroning reta iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun lan salajengipun kados wejangan tumrap ing priya kasebut ing nginggil.

7.      Wewejangan ingkang kaping pitu, dipun wastani : panetepan santosaning pangandel, bubuka saking kawruh kang winastan sahadat, awit dene pamejangipun amangsit ingkang dados pikekah pangandel kita, anggening angestokaken dhateng kayektening gesang kita pribadi manawi sampun tetep rinasuk dening pangeran kita, kados kasebut, kitab mahdus.

Menggah lampahing pejah ingkang sampun kinarwuhan, anyariosaken sajatining pangidep, ingkang terus dumugi kencenging pangesti, pipiridan saking cipta sasmitaning Nabi Muhammad saw ingkang kawasitaken dhateng Bangedha Ngali, makaten : ingsun aneksani, satuhune ora ana. Pangeran anging ingsun, lan anekseni satuhune ora ana. Pangeran anging ingsun, lan anekseni satuhune Mohammad iku utusaningsun. Dene dunungipun mekaten : ingkang dipun wastani pangeran, punika inggih jumeneng gesang kita pribadi, sebab sajatosipun, sakathating pasebutan punika boten wonten, mila binasakaken boten wonten panderan, punika tetepipun inggih amung gesang kita pribadi, ingkang sinebut inggih ingkang anebut, lahiring pangeran wonten ing manungsa lan bathining manungsa wonten pangeran. Dene ingkang dipun wastani mohammad, punika cahya kita pribadi, mila kaaken utusan, margi cahya kita punika dados panengeraning pangeran. Lenggahipun mekaten : sayrkti temen kabeh tumengka marang sira utusaning pangeran metu saka ing awak ira, mungguh utusan iku nyambadani barang saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih pangapuraning pangeran.

Menawi sampun saged anampeni pitedahan ingkang makaten punika dipun awas ing panggalih, inggih gesang kita pribadi punika jumenenging nugraha lan kanugrahan. Nugraha punika gusti, kanugrahan punika kawula, tunggil tanpa wangenan wonten ing badan kita pribadi, sampun uwas sumelang malih.

Wejangan wau menawi kawiridaken hdateng tiyang estri, kawewahan mekaten : ingsun anekseni satuhune ora ana. Pangeran anging ingsun, lan anekseni Mohammad iku utusaningsun, lan fatimah iku umatingsun.

8.      wewejangan ingkang kaping wolu, dipun wastani : paseksen awit pamejangipun kinen aneksakaken dhateng sanak kita, inggih punika sagunging dumadi ingkang gumelar wonten ing donya kadosta : bumi, langit, surya, wulan, lintang, latu, angin, toya lan sapanunggalipun, samiya aneksana yen kita samangke sampun angakeni jumeneng pangeran, dados warganing pangeran ingkang sajati.

9.      wawarah punika mendhet saking suraosipun kitab mahdhus, ingkang anggelaraken bab jamaning pejah, bab punika inggih nunggil kemawon kaliyan ingkang kasebut ing wewejangan ingkang kaping pitu, sami wirid saking cipta-sasmitaning Nabi muhammad saw, ingkang kawedharaken dhateng Bagendha ngali makaten :

ingsun aneksani ing urip ingsun dhewe, satuhune ora ana pangeran anging ingsun, lan ingsun aneksani Mohammad iku utusaningsun lan sajatine kang aran Allah iku badaningsun, rasul iku rahsaningsun Mohammad iku cahyaningsun, iya ingsun kang urip ora kena pati, kang eling ora kena lali, langgeng ora owah gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, tetep ingsun kang murba-masesa, kang luwih wicaksana, byar sampurna padhang trawangan, ora karasa apa-apa, ora katon apa-apa, amung ingsun kang mengku alam kabeh, kalawan purbawisesa pepesteningsun.

Menggah dunungipun mekaten :

Kasbut ing dalem dikir : lailah haillallah mukhammadu rasulullah, tegesipun : boten wonten pangeran, anging Allah, Muhammad punika utusaning Allah. Ananging sajatosipun ingkang dipun wastani Allah, punika pakartining rasul, rasul punika inggih Muhammad lan Muhammad punika sajatosing cahya kita, sajatos gesang punika inggih gesanging pangeran kayekten kasebut pitedahing qur’an, manawi pangeran punika kuwasa mijilaken gesang saking pejah, wilijing pejah ing wekasan boten kenging pejah. Tetep gesang ing dunya, tuwin ing delahan, boten kesupen ing gesang kita, boten ewah gingsir kahanan jati. Dados pepunthoning pangidep ingkang bonthos dhateng pelenging pangesti, sampuraning gesang kita punika boten karaos punapa-punapa sampun uwas sumeleng malih.

2. LAKSITA – JATI

Amratelakaken lampah pangluluhaning raga supados yen kita pejah badan kita wadhag saged nunggil kaliyan badan kita ingkang alus, kasebut badan rohani utawi badan suksma.

Menggah janjinipun, badan wadhag lan alus punika boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil kahanan jati, upami satu munggeng rimbagan. Ananging wawangsulan, ing tembe badan wadhag punika luluh sampurna wonten salebeting badan alus, kalimputan dening kayu dhahim, tegesipun : badan wadhag dumunung selebeting badan alus. Kala badan wadhag taksih dados embananing badan alus, pramblangipun : curiga manjing warangka tegesipun : badan alus taksih dumunung wonten salebeting badan wadhag. Mila lajeng wonten adhah-adhahing babasan makaten.

Jasad embaning budi, budi embaning napsu, napsu embaning karsa, karsa embaning suksma, suksma embaning rahsa, rahsa embaning cipta, cipta embaning kawasa, kawasa embaning wisesa.

Wondene pangluluhaning badan, badan wadhag wau, kalampahana budi : rila, legawa, trima, temen, bener, susila lan utami. Punapadhene tansah anyipta ajal antukna makaten : jagad bumi malam kabeh sumusupa marang badan, badan sumusupa marang budi, budi sumusupa marang napsu, napsu sumusupa marang nyawa, nyawa sumusupa marang rahsa, rahsa sumusupa marang cahya, cahya sumusupa marang atma, atma sumusupa marang ingsun, ingsun jumeneng pribadi.

Kajawi punika ugi kedah nyegah 7 perkawis, kadosta :

1.      sampun carobo, nanging kedah taberi susuci

2.      sampun anguja dhahar, nanging dhahara yen sampun luwe.

3.      sampun angembong unjukan nanging ngunjukna menawi sampun ngelak

4.      sampun karem nendra nanging tilema menawi sampun arip

5.      sampun receh ing wicara nanging nendika’a janji angen wahyaning mangsakala

6.      sampun angujo karesmen nanging sanggama’a menawi sampun kangen sanget

7.      sampun tansah ambibingah penggalih sanadjan kasukan inggih angger boten tilar ing dugi prayogi, muhung angladosi angarah sukapirenaning para mitra

Makaten ugi ing ngagesang sampun ngantos kasandangan pangrencana 8 prekawis

  1. angumbar nafsuhawa
  2. anguja suka-suka
  3. dora paracidro tindak panganiaya
  4. ulah resah
  5. lampah nistha
  6. tingkah deksura
  7. kesed sungkanan sabarang karya
  8. lumuh nastapa pujabrata

Inggih punika bekaning ngagesang ingkang mumurung lampah jalaraning kandeg boten saged dumugi saesthining panedya sebab bebasanipun mekaten

  1. nistapapa tiyang nista manggih papa
  2. dhustalara tiyang dhusta manggih pisakit
  3. dorasangsara, tiyang dora manggih sangsara
  4. niayapati, tiyang niaya manggih papati

mila mekaten margi kalakuaning ngagesang puniko kados kumandhang upamanipun, punapa padhamel ingkang katandhukaken ing liyan sayekti badhe tumempuh dhateng badanipun piyambak.

Sayoginipun tiyang gesang kedah anglampahana tapa brata kados ing ngandhap puniko

    1. tapaning badan, kedah anoraga lan taberi ulah pandamel sae
    2. tapaning manah, narimo lan sepen pangangsa- angsa gunging pakarti druhaka
    3. tapaning napsu, rila lan sabar ing coba bilai, sarta ngapuntena kalepataning tiyang
    4. tapaning suksma, temen lan boten dahwen panasten
    5. tapaning rahsa, rereh sabarang karsa miwah agung ing panalangsa
    6. tapaning cahya, eneng ening tegesipun eneng santosaning pangesti , ening pelenging paningal
    7. tapaning gesang, awas sarta emut.

Kajawi puniko menggahing anggotya ugi sami darbe wewenang piyambak-piyambak kadosta

1.      tapaning netra, cegah sare lan mengo dhateng kamilikan

2.      tapaning karna, cegah nepsuhawa lan lumuh miarsa ing paraben

3.      tapaning grana, cegah panguswa lan lumuh angisep-isep awoning liyan

4.      tapaning lesan, cegah dahar lan boten angraosi awoning liyan

5.      tapaning purusa, cegah sahwat lan boten resah ing sanggama tegesipun lampah bandrek

6.      tapaning asta, cegah colong celer calimut lan boten cengkiling

7.      tapaning suku, cegah lumampah padamel awon lan taberi ndalu kalayan samadi

utaminipun anglampahana saungeling babasan kados ing ngandhap punika

Turua yen arep nepsu, nesua yen arep perang, perangan yen arep mangan, mangana yen arep lumaku, lumakua yen arep turu.

Utawi. Ketimbang turu, becik tangi. Ketimbang tangi becik melek, ketimbang melek becik lungguh, ketimbang lungguh becik ngadeg, ketimbang ngadeg becik lumaku.

Wondene prayoginipun sadaya lampahpunika den saged anyamun, sampun ngantos ungas lan kawistara sarta tansah prayitna ing gesangipun  sarana amatrapna mekaten

1.      solahbawa den angkah-angkah

2.      wedaling wicara den irih-irih

3.      pasanging ulat den amanis

inggih makaten punika sejatining tatkrami, dene sampurnaning lampah wau empanipun animbanga ing empanpapan, patrapipun sampun tilar ing dugiprayogi

tumandhukipun animbang watawis linaksanan kaliyan riringa waspada wedaling mangsakala tepanging sambawa lan sambada inggih punika pepetinganing  lampah, sebab lestantuning solah bawa sumingkir saking celaning sarira ateges pangleburan kuciwaning raga, kadosta :

1.      kusuting busana, kalingan dening jatmika

2.      kasloroning ujar, kalingan manising wicara

3.      kuciwaning warna, kalingan dening mrakati

4.      cacading raga, kalingan dening netra sumeh

5.      taliti sudra, kalingan dening legawa wicaksana

Pramila den sami santosa ing pangesti, margi yen boten sampurna tapabratanipun kasebut nginggil, saged dumawah ing jaman paniksaning gesang ingkang dumunung 7 pangkat, dumawah kasandhang salah satunggal utawi langkung inggih punika.

1.      jamaning kemlaratan, witipun saking boros

2.      jamaning kawirangan, witipun lena tanpa prayitna

3.      jamaning kabodhohan, witipun kesed sungkanan

4.      jamaning angkara, witipun budhuk mumuk

5.      jamaning sangsara, witipun resahing lampah

6.      jamaning sasakit, witipun tuwuk nedha

7.      jamaning kabilaen, witipun remen amaeka

Menawi saged suminggah saking rencananing ngagesang 7 prakawis wau bokmenawa angsal marmane pangeran saged lumebet 7 pangkat saking salah satunggal utawi langkung saking jamaning kamulyan inggih punika :

1.      jamaniung kabegjan, witipun nastiti teki-teki

2.      jamaning kabrajan, witipun budi welas

3.      jamaning kaluhuran, witipun taberi andhapasor

4.      jamaning kawicaksanan, witipun talaten bibinau

5.      jamanaing kasekten, witipun puruita lan tapabrata

6.      jamanaing karaharjan, witipun awas emut

7.      jamaning kayuswan, witipun sabar trima lila tapa

Aliya kasebut ing nginggil wau sayoginipun ngagesang punikia angena ciptasasmita ingkang medal saking tutuwuhaning budi ingkang paparengan kaliyan undhaking yuswa. Dhene tutuwuhaning budi atas ngagesang saestu santun sumantun inggih punika

Tuwuhing kaengetan, tuwuhing pamarsudi, tuwuhing sarenging sedya, tuwuhing pangatos-atos, tuwuhing bubudi, tuwuhing kasantosan, tuwuhing rumaos, tuwuhing lereming panggalih, tuwuhing jatmika lan tuwuhing beka pepeka.

Ananging ngagesang ingkang umuripun langkung saking 72 taun sareng ngenggeni bubuden kala lare alit malih

Murih sampun ngantos kalampahan makaten, boten sanes mung kedah nyegah saliring nepsuhawa sarta marsudi sampurnaning ilmu. Wonten wewarah semu pangerang-erang kasebut ing kitab Manganiharki mekaten :

Ageng-agenge dosa tiyang punika ulah elmu makrifat ingkang magel, awit saking dereng kabuka ing pambudi dados boten sumerep ing suraosipun.

Dhene ingkang sampun padhang, kuwasa anampeni suraosipun ilmu sadaya temtu manggih kamulyaning sangkan paran. Ksaebut ing kadis salebeting kitab insan kamil mekaten

Sinten ingkang sumerep ing pangeranipun saestu inggih sumerep ing badanipun. Sinten ingkang sumerep ing badanipun saestu inggih sumerep ing Pangeranipun.

Tegesipun ingkang sumerep dhateng pangeranipun puniko inggih ingkang sampun sumerep ing suraosipun ilmu makripat sadaya

Tegesipun ingkang sumerep dhateng badhanipun meniko inggih ingkang saged nyumerepi dhateng gesangipun jiwa raganipun piyambak.

Kejawi kasebut nginggil ugi kedah tansah emut yen ngagesang punika boten wande newmahi pejah, mila sampun pegat pinelenga ing pangesti sagedipun waluyajati paworing kawula gusti. Sarana taberi tansah anyuwungaken pancandriya sarta angengkoki jumeneng sarira bathara inggih punika winastan pangabekti ingkang langgeng (sholat dhaim)

Bebasanipun salat ngiras nyambut damel, lenggah, sinambi lumampah, lumajeng salebeting kendel, ambisu kaliyan wicanten, kesahan kaliyan tilem, tilem kaliyan melek, yen temen-temen insya allah jinurung sampurna waluyajati.

3. PANUNGGAL JATI

Punika wewarah sanyata, nedahaken kahananing pangeran ingkang binasakaken saklangkung samar, tanpa rupa tanpa swara dede jaler, dede estri lan dede wandu, tanpa prenah tanpa anggen, dinulu boten katingal, dinumuk boten kantenan.

Punika teteping kahanan wonten ing ndalem cipta sasmitaning kang wasikta, pramila para guru anggenipun suka pitedhah dhateng muridipun kaumpamakaken makaten.

Sejatine ora ana apa-apa, sakehing kawujudan, rurupan wawarnan lan pasebutan, iku dudu sejati lan dudu panuksmaning Pangeran, dene kang kadunungan panguwasa lan kamulyan ing sabarang kabeh iku muhung ingsun.

Menawi dereng saged nampeni wewejangan makaten wau prayogi sami den talatos marsudi maksuding suraos, sarana angimpun sakathahing wewejangan sedaya miturut kawruh ingkang sanyata kados ing ngandhap punika :

Ing sadewengipun gumelar sagunging kahanan ing marcapada lan mukswapada (dunya lan akherat ) punika ingkang rumiyin amung gesang kita, jumeneng wonten salebeting wiji kang piningit. Sayektosipun inggih gesang kita punika ingkang tetep sinuksma ing Pangeran kita, mila den saged sami rumeksa ing gesang kita pribadi, saran ngatos-atos ingkang gemi  nastiti ingkang dados witing panggesangan sampun ngantos kapinten boten saged jumeneng gesangipun, beda kaliyan manungsa ingkang sampun tinarima sampurna kawruhipun tetep ing pangandel boten bade katempelan ing pangrencana tegesipun boten susah ing kaluwen kamlaratan lan panuju kataman ing sasakit boten ajrih dumugi ing pejah. Dhene menawi kasebut tiyang limrah kemawon kedah anglampahi pangupaya ingkang ndadosaken santosaning gesangipun

Dhene gesang kita tetelanipun menawi sanyata rinasuk dening Pangeran kita, kayekten saking solah bawa kita punika sayektosipun teterusan saking karsaning pangeran kita menggah panuksamaning Pangeran anggenipun rumasuk ing badan kita punika mawi warana ing ndalem pitung kahanan kados ing ngandhap punika ;

1. sejatining gesang kita. 2. Nur (cahaya) 3. sir (rahsa) 4. roh, nyawa, suksma, herah 5. napsu (angen-angen) 6. ngakal (budi) 7. jasad (badan)

Dhene papangkatan warananing pangeran ingkang dumados saking pitung kahahan ing nginggil wau menawi  karingkes dumunung ing tigang kahanan inggih punika ;

1.Suksma, mengku jamaning kamukswan 2. rasa mengku jamaning supena ( tilem ) 3. budi mengku jamaning dunya  9melek)

Wondene kayu punika purwaning ngagesang, ingkang anglimputi sakathahinh warana nem pangkat wau sedaya wusana kita kawasa saged mobah mosik lan saged nyembadani pakertining pancadriya, kadosta, pakertining paningal, pangambet, pamiarsa, pamicara lan pamiraos, punapa dene ambegan, sedaya punika tuturutan saking pakertining Pangeran kita.

Ananging wonten ugi prabedanipun, menggah wataking kawula lan gusti

Dene wataking gustyi inggih punika : wungu, tuwuk, ayem, parem, sareh, emut, tetep waspada santosa, bingah, saras lan raharja.

Menggah titimbanganipun wateking kawula inggih punika : arip, luweh, ngelak, sahwat, sereng, supe, bingung, pangling, uwas, susah, sakit lan bilahi. Menggah liring bebasan  ingkang makaten punika inggih saking pakertining papasten kita pribadi.

Wondene santosaning pangesti menawi badhe angyektosaken tandhanipun, ngadat wonten kaelokan ingkang andhatengi, medadl isaking sarira kita pribadi katingal saking pramananing netya karaos ing dalem rahsa. Nalika punika menawi saged katarima saged kadumugen punapa saestining nggalih

Menggah pratikelipun menawi badhe mangesti utawi manekung miturut piwulang ndalem kanjeng Panembahan Senopati ing alaga mataram mekaten.
wiwitipun kedah ngingirangi dahar sare lan sahwat punapa dene ngingirangi saliring kakjengan. Lajeng anglowong (boten nedho lan mboten ngombe ) sarta mbisu tigang dinten tigang ndalu mboten kenging ngemu panggalih sereng.menawi nglowongipun kirang sadinten sadalu, mboten kenging sare. Ing wanci tengah dalu lajeng susuci raga, siram busana sarta geganda, dhidhipangajengaken keblatipun piyambak. Inggih punika ing jaja. Yen sampun dumungi wanci bangun lajeng pejah raga, nutupi pancadriya, ayegah turas, sarip tuwin susuker.

Dene manekung : jempol suku, polok lan dhengkul, kiwa tengen ka’abena. Pajaleran kasipat kaliyan jempol suku, asta kakalih ngrangkul jengku, driji ngapurancang, jempol ingaben, kasipat pucuking grana, lidah katekuk minggah madal ing cetak, waja gathuk, lati mingkem, lajeng anata lebet wedaling napas, inggih punika : panariking napas saking puser ( napas mlebet ) kasengkakna minggah anglangkungi cethak dumugi ing susuhunan ( utek = embun-embunan ), panariking napas wau kedah alon-alonan ( sareh ), sarta kasarengan panebut mungel : h o e, naming kabatos kemawon, sumengkaning napas wonten susuhunan kaendelna sawatawis dangunipun. Manawi sampun krawos awrat, inggih lajeng kaedalna ( kawedalaken ) ingkang sareh alon-alinan dumugi ing puser, dene wedaling napas wau ugi kasarengan panebut mungel : Allah, ugi naming kabatos kemawon. Dados panebut wau mungel: h o e- A l l a h. makaten punika katindakaken marambah-rambah ( terus ) sadangunipun manekung, sarana ugi mawi ngereh ebahing badan ( badan mboten mobah mosik ), punapadene angeningaken cipta, sarta amatrapaken adeging gesang kita. Yen tinarimah adat lajeng angsal ciptasaasmitaning gesang kita, punapa ingkang sinedya.

Dene panengkungan wau, manawi sampun lantih, kenging dipun cancutaken , boten mawi cecegah sapanunggilanipun, punapa dene boten angen wanci, tanpa sarana, angger karaos sumenteging dalem cipta sarta kenceng ing pangesti, inggih punika nandhakaken yan badhe tinarimah.

Mangreh lebet wedaling napas, ingkang sarana tinata sarta manebut : hoe-Allah punika kedah ajeg katindakaken ing rinten ndalu, langkung-langkung manawi kaleres saweg manekung. Inggih lampah makaten punika ingkang kawastanan salat daim. Utawi salat batos, inggih salating suksma, inggih salating nyawa ( nyawa= ambegan = napas ). Dene napas utawi ambegan, punika lebet wedaling angin.

Wondene nglampahi penekukngan wau, sayoginipun kedah saben wulan sapisan, langkung-langkung yen ing wektu dinten panggenaning tinarimah, utawi kasebut dinten ijabah, inggih dinten dhawahing lahelatulkadar, inggih punika : ing tanggal 9 sura, 12  Mulud, 27 Rejeb, 21 Ruwah, 21, 23, 25, 27, lan 29, Pasa, Saha tanggal 8 lan 9 Besar. Dene wiwiting manekung ing wanci : serap surya, tengah dalu, bangun enjing utawi tengange.

Kajawi punika ing saben dintenipun inggih kedah mangreh lebet wedaling napas sarana panebut : hoe-Allah, langkung-langkung bilih mapan sare ing wanci ndalu: inggih lampah makaten punika ingkang nama : ajeg panembahe, lumintu salate. Manawi sampun saged tumindak makaten, inggih punika ingkang winastan  salat dhaim, inggih sajatining salat, tanpa antawis ing wektu, tanpa mawi angetang rekangat, bebasanipun : salat ngiras nyambut damel, lenggah sarwi lumampah, lumampah kaliyan adhepok. Lumajeng salebeting kendel, mbisu kaliyan cariyos, kesah sarwi tilem, tilem kaliyan melek. Sebab salat dhaim punika kakekating salat, mila tanpa ruku tanpa sujud, among dumunung wonten rahsa telenging gesang.

Dene tandhaning adegipun, inggih gesang kita pribadi, rukukipun paningal kita sujudipun pangganda kita, ikhtidalipun pamiarsa kita wawosaning ayatipun pamiraos kita, lenggahipun teteping iman kita, tahyatipun manteping tekad kita, salamipun makripat islam kita, pujinipun lebet wedaling napas kita, dikiripun awas emut kita, keblatipun madhep dhateng ening-ening kita, sampun sampun was sumelang ,alih. Mila makaten sebab jumeneng dat, sipat, asma, afngal kita, punika sampun dados kur’an sajati, mratandhani sajatining salat sedaya, dipun wastani  , salat dhaim.

Manawi iptitahipun salat dhaim makaten : Niyatingsun salat dhaim, kanggo salawasing uripingsun, adage iya urip ingsung, rukuke paningalingsun, iktidale pamiarsaningsun, sujude pangambuningsun, wawacane ayat pangucapingsun, lunggune tetepe imaningsun, tahyate mantepe tikidingsun, salame makripat islamingsun, pupujine lebu wetune napasingsun, dhikire awas elingingsun, keblate adhepe eneng-enengingsun, perlu anglakoni wajib saka kodrat iradatingsun dhewe. Makaten punika pasrah analangsa sanubari dhateng dating gesang kita pribadi, sampun was sumelang.

Dene salat dhaim punika, manawi kasemak kaliyan kaketaning rukuning islam, utawi kaliyan katimbang kaketaning pikekahing iman, suraosipun inggih nunggil misan kemawon, liripun makaten :

Rukuning islam wonten 5 prakawis, inggih punika :

1.      Sahadat, menggah hakekatipun wonten lampah temen, dumungipun ing pamiraos ( wicara ). Angger nuhoni wicantenipun. Inggih punika teteping sahadat.

2.      Siyam, kaketanipun wonten lampah trima, dumunung ing pangganda, angger marem katandukan ambet ingkang menginaken ( boten angisep-isep saliring piawon ), inggih punika tetep siyamipun.

3.      Jakat, kaketanipun wonten lampah utami, tegesipun sabar dumung ing pamiarsa, angger saged mutakaken netra, inggih punika anetepi jakat.

4.      Salat, kaketanipun wonten lampah utami, tegesipun sabar, dumunung ing pamiarsa, angger saged anulekaken talingan. Inggih punika anglenggahi salat.

5.      Kaji, kaketanipun wonten ing pahalangsa lan netepi janji, dumunung ing pangraos lan solahbawa, angger saged nyirnakaken pangraos tuwin amejahi sarira, inggih punika anglampahi kaji.

Rukuning islam ing kekatipun wau, lajeng dipun pralampitani: lesan mbisu, irung pepet, mripat wuta, kuping tuli, badan mati. Inggih makaten punika ingkang nama tetep kuwasa nindaaken rukuning islam sajati, sebab sanyata kuwasa mati sajroning urip, urip sajroning pati, inggih urip salawase.

Pikekahing iman wonten 6 prakawis, inggih punika :

1.      Angandel ing Allah, menggah kekatipun angestokaken gesanging jasat kita, sarta rumaosa manawi dados sipating Allah sajati, liripun angger jasad kita tansah sinucenan, sarta samubarang tindak ngenggeni ing kautamaan, makaten punika nama ngandel ing Allah.

2.      Angandel ing malaikat,  kakekatipun angestokaken wahyaning paningal, pamiarsa, pangganda, pangraos, pamiraos, liripun angger kita tansah angatos-atos anggen kita matrapaken tanduking netya kaliyan wiraos sapanunggilanipun, inggih punika kaketipun tetep temen-temen angandel ing malaikating Allah. Sabab kakekating malaikat punika dumunung wonten salebeting pancadriya inggih punika : Malaekat Jabarail dumunung ing pamiraos. Mikail ing pangganda. Israpil ing paningal. Ngijrail ing pamiarsa, kaliyan ing rahsa, Haruman ing nyawa. Mungkarun Wanakirun kalih pisan ing napsu. Kiraman lan Katiben Sakaliyan ing budi.

3.      Angandel ing utusan, kakekatipun angestokaken wahananing rahsa, liripun angger kuwasa angendelaken pangraos lan anengingaken paningal lereming cipta, makaten punika tetep temen-temen angandel utusaning Allah.

4.      Angandel ing kitab, kakekatipun angestokaken kahananing nyawa, liripun awas lalampahing gesang saha emut lan mangretos ing kadadosan kita, makaten wau angger tansah awas emu ting dalem batos inggih punika tetep temen-temen angandel kitabuning Allah.

5.      Angandel untung sae untung awon saking Allah, Tegesipun hatenging begja cilaka atas saking takdhiring Allah, kakekatipun angestokaken manawi babarang napsu punika saking wedharing budi lan pribadi, liripun angger enggal-enggal pasrahanalangsa dhateng  dat kita, inggih punika tetep temen-temen angandel ing takdhiring Allah.

6.      Angandel ing dinten kang ngakir, tegesipun dinten wekasan.

7.      Kakekatipun angestokaken ing papstening pejah saking  wisesaning dat kita pribadi, liripun angger asring anindakaken ing iktekad kita kang santosa, punika tetep temen-temen angandel ing dinten wekasan saking wisesaning Allah

4. KARANA-JATI

Punika andunungaken menggah kakekatipun dating pangeran ingkang mahasuci, sarehne binasakaken sakalangkung gaib, tanpa rupa tanpa warna, asipat dede jaler, dede estri, dede wandu, sarta boten mawi jaman makam, boten arah boten enggen, dinulu boten katingal, dinumuk boten kantenan, punika isbatipun among cipta sasmita dumunung wonten ingkang waskita, mila dipun kiyas makaten :

Sajatine ora ana apa-apa, sakabehing asya kang kasebut iku dudu tajalining dat kabeh, tegese dudu pangejawantahing pangeran kang mahasuci sajati, iya kang murba masesa kang kwasa mungguh ingsun, kang mahamulya Mahasuci mungguh ingsun.

Enggah wiwisikan makaten punika manawi dereng saged anampeni ing panggalih, mugi den taberi amarsudi ing suraosipun pangimpuning wewejangan- wewejangan sadaya makaten :

Ing sadurunge ana apa-apa, kahananing alam kabir lan alam sahir saisine during padha dumadi kabeh, kang ana dhihin dhewe among dat kang mahasuci, sajatining dat kang Mahasuci iku kang asipat hesa, kabasakaken dat mutlak kadim ajaliabadi, tegese asipat siji, kang mesthi dhihin dhewe, rikala ijih awing- uwung, salawase kahanan kita yaiku jumeneng pribadi ana ing sajroning nuked gaib, kang langgeng dumung ing urip kiat, kayektene yaiku urip kita iki tajalining dat kang Mahasuci sajati, mulane wajib padha bisaa rumeksa marang urip kita pribadi, marga saka ngati – ati, gemi nastiti kang dadi sangkaning panguripan, away nganti kapiran nora jumeneng ing uripe, pahe kang wus tinitah mukmin kas, kareksaning uripe saka wis bias anetepi tokid angantepi iktekad, sabab ing babasan : nora susah Manawa nandhang kamlaratan, nora uwas yen kaluwen, nora marasa yen lagi ginanjar lara, nora miris tekaning pati. Manawa taksih tinitah kawula ngam, kudu tumindak ikhtyar kang andadekake kasantosaning urip.

Menggah gesang kita punika tetelanipun manawi dados tajalining dat kang mahasuci sajati, dene kayektosan ing ngriku boten pahe kaliyan kang kawasa amedharaken kodrat iradat, liripun inggih kodrat iradat kita pribadi punika sayekti terusaning kodrat iradatipun kang kawasa asipat kayat, tegesipun asipat gesang, inggih gesang kita pribadi. Mila wujuding gesang kita punika babaripun mawi papangkatan dumununging dalem 7 kahanan, inggih punika minangka warananing dat, dados wahananing  sipat asma afngal kita sadaya, kados kapratelakaken ing ngandhap punika :

1.      kayu, tegesipun gesang, anunggil kahananing dat.

2.      Nur, tegesipun cahya dumunung sawijining gesang.

3.      Sir, tegesipun rahsa, dumunung sajawining cahya

4.      Roh, tegesipun nyawa, dipun wastani suksma, dumunung sajawining rahsa.

5.      Napsu, tegesipun angkara, dumuning sajawining suksma.

6.      Ngakal, tegesipun budi, dumunung sajawining napsu.

7.      Jasad, tegesipun badan, dumunung sajawining budi.

Dene kayu punika mila anunggil kahananing dat. Awit ingkang kapasrahan pangawasa, kinarsakaken anggesangi cahya, rahsa, suksma, napsu, budi, badan, sadaya, sarta sumarambah saking wiwitan dumugi ing wekasan, menggah wiwijanganipun kados ing ngandhap punika :

1.      Ing nalika kayu anggesangi kahanan cahya. Sumarambah ing netra, wahananipun andadosaken saged aningali inggih punika paninggaling dat angagem netra kita.

2.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing rahsa, , sumarambah ing grana, wahananipun dados saged anggada, inggih punika panggadaning dat angagem grana kita.

3.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing suksma, sumrambah ing lidhah, wahananipun dados saged angandika inggih punika panggandikaning dat angagem ing lisan kita

4.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing napsu sumrambah ing talingan, wahahanipun dados saged amiarsa, inggih punika pamiarsa dat angagem ing karna kita

5.      Ing nalika kayu anggesangi budi sumrambah ing manah , wahananipun dados saged birahi andarbeni karsa, inggih punika karsaning dat angagem ing manah kita

6.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing jasad sumrambah ing erah, wahananipun lajeng dados saged ambegan, lajeng nuwuhaken wulu, kuku lan sasaminipun inggih punika afngaling dat angagem ing saulah kita saestu boten pahe ing nalika amratandhani afngal salebeting alam lajeng saged amolahaken surya wulan angin ing sapanunggalanipun saisen-isening alam sedaya, sami dumunung wonten purbawasesaning dat kados ingkang kasebut ing ngandap punika.:

1.      Dat kapurba kayu, tegesipun dat punika witing gesang, ambabar waskita, kasebut nama Mahasuci.

2.      Kayu amisesa nur, tegesipun gesang punika amengku wahyaning cahya, ambabar wisesa , kasebut nama Mahamulya

3.      Nur, amisesa sir, tegesipun cahya punika amengku gesanging rahsa, ambabar kawasa kasebut nama Mahawisesa

4.      Sir, amisesa roh, tegesipun rahsa punika amengku gesanging suksma, ambabar cipta, kasebut nama Mahakawasa

5.      Roh, amisesa napsu, tegesipun suksma punika amengku gesanging napsu, ambabar esti kasebut nama Mahaluhur

6.      Napsu amisesa ngakal, tehgesipun napsu punika amengku gesanging budi, ambabar karsa kasebut nama Mahaagung

7.      Ngakal, amisesa jasad, tegesipun budi punika amengku gesanging badan, ambabar nyawa kasebut nama Mahayekti

8.      Jasad, angleksanani pancadriya, tegesipun badan punika muhung nglampahi gesanging pancadriya, ambabar ulahing sarira sadaya, kasebut nama Allahtangala

Menggah wangsulipun mekaten :

1.      Jasad kawisesa dening akal, tegesipun ebahing badan punika kaprabawan saking osiking budi, mila dipun basakaken Allahtangala, dados tandane Hyang Mahayekti, awit dene badan punika pratandhaning afngaling budi.

2.      Budi, kawisesa dening napsu, tegesipun osiking budi punika kaprabawan saking hawaning napsu, mila dipun basakaken Hyang Mahayekti, dados kanyatahaning Hyang Mahaagung  awit dening budi punika anartani afngaling napsu.

3.      Napsu, kaisesa dening suksma, tegesipun hawaning nafsu punika kaprabawan saking wahananing nyawa, mila dipun basakaken Hyang Mahaagung, dados embahing Hyang Mahaluhur, awit dene napsu punika anerusi afngaling suksma.

4.      Suksma kawisesa dening rahsa, tegesipun wahananing nyawa punika kaprabawan sakingpramananing rahsa, mila dipun basakaken Hyang Mahaluhur, dados tandhaning Hyang Mahakawasa, awit dene suksma punika amimbuhi afngaling rahsa.

5.      Rahsa, kawisesa dening cahya, tegesipun pramananing rahsa punika kaprabawan saking pranawaning cahya, mila dipun basakaken Hyang Mahakawasa, dados sengkeraning Hyang Mahawisesa, awit dening rahsa punika amengkoni afngaling cahya.

6.      Cahya, kawisesa dening kayu, tegesipun pramananing cahya punika kaprabawan saking kawasaning gesang, mila dipun bahasakaken Hyang Mahamulya, awit dening cahya punika anglimputi afngaling atma.

7.      Kayu, kapurba dening dat, tegesipun kawasaning gesang punika kaprabawan saking purbawisesaning dat , mila dipun basakaken Hyang Mahamulya dadossusulihing Hyang Mahasuci, awit dene atma punika amumpuni afngaling dat sadaya.

8.      Dat punika tanpa dunungan, among anjanggreng jumeneng akadiyat, sebab purbawasesanipun sampun wonten gesangkita pribadi. Milanipun wahananing gesang punika tanpa wangenankaliyan ananing dat , inggih gesang kita punika dating gusti kang Mahasuci sajati kayekten wonteneipun babasan 3 pangkat makaten :

Ingkang rumiyin sipating gesangpunika tansah kanggenan 4 afngal, inggih punika : 1. Arip, timbanganing melek 2. Luwe, timbangane tuwuk, 3. Ngelak, timbanganing ayem, 4. Sahwat, timbanganing lerem, punika sami afngaling napsu sadaya.

Ingkang kaping kalih, sipating ngagesang punika kadunungan sekawan afngal inggih punika : 1. Sereng, timbanganing sareh, 2. Supe timbanganing emut, 3. Bingung, timbanganing lana, 4. Pangling, timbanganing waspada, punika sami afngaling suksma sadaya.

Ingkang kaping tiga sipating ngagesangpunika terkadang kasandhangan sekawan afngal inggih punika : 1. Uwas, timbanganing santosa. 2. Susah, timbanganing bingah. 3. Sakit, timbanganing saras. 4. Bilai timbanganing harja, punika sami afngaling rahsa sadaya.

Menggah liripun babasan 3 pangkat kasebut ing nginggil, punikasaestunipun inggih saking kodratiradating dat kita sadaya sampun was sumelanging nggalih.

Dene pambabaring gesang kita ingkang mawi pepangkatan dumunung ing dalem 7 kahananwau menawi kagerba papangkatipunpunika among dumunung ing ndalem 3 kahanan inggih minangka warangkaning dat, dados wahananing sipat , asma lan afngal kita sadaya, kapratelakaken kados ing ngandhap punika :

1.      Roh dipun wastani atma, dados kahananing gesang, anglimputi ing ndalem sarirakita, mengku jamaning ngakerat

2.      Malaikat, dipun wastani pramana, dados kahananing gesang angreksa indak lumungsuripuning dalem sarira kita , amengku jamaning alam supena.

3.      Setan nanging dede iblislanat inggih punika napsu dipun wastani hawa, dados kahananing gesang anyolahaken karkatipun ing dalem sarira kita, amengku jamaning alam donya.

Menggah santosaning pangesti kayektosan ingkang dados tandhanipun, punika manawi pinupus salebeting nggalih sarwi manekung anungku puja samandi pineleng manegesing karsa.

Adat ingkang sampun kalampahan bilih katarima, lajeng wonten mangunah dhateng kabekta ing utusan  medal saking sarira  kita kang Amahmulya , amawa tandha katingal saking pranamaning netra, karaos ing ndalem rahsa, ing ngriku ingkang cinipta dados, ingkang sinedya wonten, ingkang kinarsa dhateng, inggih saking parmaning kang mahakwasa.

Ing samangke mratelakaken urut-urutanipun wahananing dat ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau sadaya, inggih punika :

I.            Kayu, tegesipun gesang, dipun wastani kayun, tegesiupun panggesangan, dipun wastani malih kayat, tegesipun anggesangi, dipun wastani malih kayu dhaim, tegesipun gesang kang tetep. Ananging sajatosipun inggih naming satunggal kayu punika . Makaten ugi sasaminipun ingkang nama dhaim, sipat dhaim, iman dhaim, saat dhaim, punika wau sadaya sami dumunung ing ndalem kayu dhai m sadaya, tegesipun tetep wonten kahananing gesang kita pribadi.

II.            Nur, tegesipun cahya, punika sajatosipun inggih naming satunggal, ananging dipun nameni 5 pensebutan, inggih punika : 1. Nuriyat, tegesipun cahya samar, warninipun cemeng. 2. Nurani, tegesipun cahya nelahi, inggih punika chaya keeping kalih, warninipun jenar. 4. Nurbuat, tegesipun cahya kang sentosa, warninipun ijem . 5. Nurmohammad, tegesipun cahya kang pinuji, warninipun pethak. Menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama Norollah, tegesipun cahyaning Allah.

III.            Sir, tegesipun rahsa, punika sajatosipun inggih naming satunggal, ananging dipun wastani dados 6 pasebutan, inggih punika : 1. Sir Iptadi, tegesipun rahsapurba. Inggih punika dados wahyaning hasmaranala. 2. Sirkabari, tegesipun rahsa wisesa, dados wahyaning asmaratura. 3. Sirkamali, tegesipun rahsa sampurna. Dados wahyaning asmaraturidha. 4. Sirngaji, tegesipun rahsa mulya, dados wahyaning asmaraturidha. 5. Sirkakiki tegesipun rahsa sejati, dados wahyaning hasmaratantra . 6. Sirwahdi, tegesipun rahsa tunggal , dipun nameni sirgibi, tegesipun rahsa gaib, dados wahyaning hasmaratantra gama, menggah garbanipun sadaya punika kasebut nama sirurllah.

IV.            Roh tegesipun nyawa utawi suksma punika sejatosipun inggih nanmung setunggal , nanging lajeng dipun wastani dados 7 pasebutaninggih punika :. 1. Roh jasmani tegesipun nyawaning jasad, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken anggotaning badan, dipun ngibarataken roh hewani, tegesipun kaupamekaken nyawa ingkang anggesangi satokewan. 2. Roh nabadi, tegesipun nyawaning tumuwuh, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang anuwuhaken wulu kuku sapa nunggilanipun, tumanen dados gesanging budi. 3. Roh napsani, tegesipun nyawaning napsu, inggih punika wawayanganing nyawa ingkang anggesangaken hawaning napsu, 4. Roh rokani, tegesipun nyawaning suksma , inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken warnaning suksma. 5. Roh rohmani, tegesipun nyawaning sipat murah dipun wastani roh rabani tegesipun nyawaning pangeran inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken kahananing rahsa. 6. Roh nurani, tegesipun nyawane cahya, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken wahananing cahya. 7. Roh ilapi tegesipun sasandhanging nyawa kang awening , dipun wastani roh kudus, tegesipun nyawa kang asuci, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang anggesangaken ananing atma, menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama rohullah tegesipun nyawaning allah

Wiwijanganing roh kasebut nginggil, rujukipun kaliyan dawuh dalem Kanjeng sinuwun Sultan Agung dateng Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mekaten pangandika dalem.

Sejatine roh iku sawiji, minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa, utawi jiwa kasebut aran suksma prabedane pada mawa tandha sowing-sowang, yaiku : 1. Tandhaning roh iku anganakake getih , 2. Tandhaning nyawa anganakake keketeg, 3. Tandaning jiwa anganakake napas, 4. Tandhaning suksma anganakake rahsaning jasad.

Ananing suksma iku ana papangkate 7 warna, kaya kasebut ing ngisor iki.

i.      Patemone jasad lan napas, iku den arani suksma wahya, tegese suksma lahir.

ii.      Patemone napas lan budi , iku den arani sukma jatmika, tegese sukma batin,

iii.      Patemone budi lan napsu, iku den arani suksma lana, tegese suksma tetep.

iv.       Patemone suksma lan nyawa iku den arani suksma mulya, tegese suksma mulus,

v.       Patemone nyawa lan rahsa, iku den arani suksma jati, tegese suksma nyata, den arani maneh suksma rahsa, tegese suksmane rahsa.

vi.       Patemone rahsa lan cahya iku den arani suksma wasesa, tegese suksma wenang.

vii.       Patemone cahya lan urip, iku den arani suksma kawekas tegese suksma pungkasan

Dene patemone suksma kabeh iku den arani suksma hadiluwih, tegese suksma utama , binasakake retna embanan salaka, yen kumpul dadi retna inten jumanten , binasakake retna embanan kancana, iku ibarate martabat wakasiyat, sampurna dadi sasraludira, binasakake retna embanan sosotya, iku ngibarate martabat wahdat sampurna dadi sotyaludira, binasakake retna embanan padha retna, iku ibarate martabat akadiyat, waluya dadi manikmaya windradi, binasakake retna embanan cahya gumilang tanpa wewayangantegese bali dadi dating nukatgaib, mulih marang ajali – abadi, telas pangandika dalem ingkang sinuwun kangjeng Sultan Agung. Kyai Pangulu Ahmad Kategan nembah matur : sampun kasinggihan dawuh dalem punika , wonten bebasanipun menawi teranging ngelmi kasampurnan punika gumantung ing kawicaksanan.

Ing samangke wangsul amratelakaken urut-urutan namaning wahananing dat.

V.            Napsu tegesipun angkara, sejatosipun inggih naming satunggal nanging dipun wastani dados 4 pasebutan inggih punika : 1. Napsu luhama, tegesipun angangsa, darbe hawea amurugaken dhahga, arip, luwe sapanunggilanipun,  wahyaning saking lesan kasebut dados ngibarat kahananing manah, ingkang asorot cemeng, sampurnaning anarik leburing wulu kuku, 2. Napsu amarah tegesipun sereng, darbe hawa murugaken angkara, panasten, duduka sapanunggilanipun, wahananing ing ampere, wahyaning saking karna, kasebut dados ngibarating manah ingkang kasorot abrit sampurnaning anarik leburing kulit erah. 3. Napsu supiyah, tegesipun meles dipun wastani napsu supiyah , tegesipun adreng darbe hawa murugaken murka, pepenginan pakareman kabiraen sapanunggilanipun , wahananing ing lilimpa, wahyanipun saking netra kasebut dados ngibarat wawahananing manah ingkang sorot jene sampurnaning anarik daging otot. 4. Napsu mutmainah, tegesipun jinem darbe hawa murugaken loba , inggih punika loba dhateng kautaman kadosta, anglampahi pujabrata, ingkang kalantur-lantur boten mawi watawis, wahananipun ing babalung wahyanipun saking grana, kasebut dados ngibarat kahananing manah ingkang asorot pethak, sampurnaning anarik leburingbalung sungsum.

Dene manawi kapatitisaken witing napsu punika saking utek, wedalipun andarbeni pangawasa, menawi dumunung ing manic dados cipta, andarbeni pangraos. Menawi dumunung ing lesandados raos, andarbeni pamiraos, lajeng amedalaken swara, menawi dumunung ing manah dados birahi, andarbeni karsa. Menawi dumunung ing jantung dados angen-angen, andarbeni panggraito wedalipun saking jantung lajeng dados nupus, katampen ing wadhuk lajeng dados ampas, katampen ing ampere lajeng anunggil lampahing rah dados tanapas, angambah dateng maras lajeng dumunung ing limpa dados napas, sumrambah ing jasad lajeng dados keketeg, amratandani karkating solahbawa, menggah sangkaning saliringafngal wau medal saking hawaning napsu sedaya

VI.            Ngakal tegesipun budi, punika sejatosipun inggih naming satunggal nanging dipun nameni dados 5 pasebutan. Inggih punika : 1. Budi maknawi inggih manah maknawi tegesipun wahyaning budi 2. Budi sanubari , inggih manah sanubari tegesipun wahananing budi. 3 budi suweda, inggih manah suweda tegesipun woding manah, dados ngibarat kahananing budi, budi puat inggih manah puat, tegesipun woding jajantung, dipun nameni budi jati, tegesipun manah suci, dados ngibarat pramananing budi. 5. Budi siri, inggih manah siri, tegesipun rahsaning manah, dipun wastani budi napi, utawi manah napi, tegesipun manah wening, dados ngibarat pangsraosing budi.

Dene yen kapatitisaken pakartining budi punika kapilah dados 2 perangan, inggih punika :

1.      Dipun wastani Pancamaya, tegesipun osik gangsal, inggih punika pangawasaning budi ingkang taksih sinuksma ing ndalem rahsa , wijangipun wonten 3 papangkatan sarta sami anggangsal pakarti inggih punika :

1.      Dipun wastani locita, tegesipun karenteging batos kasebut nama langgamaya, tegesipun jumenenging osik kadosta ambeg, watek, graita, esti, cipta. 2. Dipun wastani Artika tegesipun pangraosing batos, kasebut nama ciptamaya, tegesipun wahananing osik, kadosta angkara, birahi, sedya, karsa, garjita.3. dipun wastani Hunandika, tegeseipun wedahing osikkadosta pangraos, panginten, panyana, panyakra, panjangka.

2.      Dipun wastani pancadriya , tegesipun manah gangsal, inggih punika pangawasaning budi ingkang sampun kawedar ing dalem rahsa, wijangipun ugi 3 pangkatan lan sami anggangsal pakarti inggih punika : 1. Dipun wastani Karmendriya, tegesipun purbaning budi, kadosta paningal, pamiarsa, panggada, pamiraos, pangraos. 2 Dipun wastani Antarengdriya tegesipun antawising budi , kadosta keketeg, napas, kedheping netra, rosining lidhah, kenyaming lati. 3. Dipun wastani Jayaningdriya tegesipun wisesaning budi , kadosta raosing kulit, parji, jubur, asta, suku.

VII.            Jasat tegesipun badan, punika punika sejatosipun inggih namung satunggal, ananging dipun wastani dados 2 pasebutaninggih punika : 1. Jasat turas, tegesipun badan kadadosaken saking lebu, winastan jisim dipun basakaken badan jasmani, inggih punika badan wadhag, jasat latip, tegesipun badan alus, winastan jisim dipun basakaken badan rohani inggih punika badan suksma.

Menggah badan wadag kaliyan badan alus punika boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil kahananing jati, upami satu munggeng rimbagan, ananging wawangsulan, ing tembe badan wadag punika luluh sampurna wonten salebeting badan alus kalimputan dening kayu dhaim, tegesipun gesang ingkang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi mila dipun pralambangi warangka manjing curiga, tegesipun badan wadag dumunung ing salebeting badan alus. Kala badan wadag taksih dados embanan, pralambangipun curiga manjing warangka, tegesipun badan alus taksih dumunung wonten salebeting badan wadag. Mila lajeng wonten andhah-andhahing bebasan mekaten : jasat embaning budi, budi embaning napsu, napsu embaning karsa, karsa embaning suksma, suksma embaning rahsa, rahsa embaning cipta, cipta embaning kawasa, kawasa embaning wisesa.

Ingkang dipun basakaken jasat, punika badan wadag, dene budi, napsu, lan sapanunggilanipun punika badan alus. Ing sarehne sampun cetha bilih badan wadag lan badan alus   punika sanyata boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil ing kahanan jati, mila sampun kendhat ing salebeting batos kedah anyipta’a mekaten. Jagad bumi ngalam kabeh sumurupa maring badan, badan sumurupa maring budi, budi sumurupa maring napsu, napsu sumurupa maring nyawa, nyawa sumurupa maring rahsa, rahsa sumurupa maring cahya, cahya sumurupa maring atma, atma sumurupa maring dat, dat sumurupa maring ingsun, ingsun jumeneng pribadi tanpa timbangan tanpa lawanan ana ing kalaretingsun kang Mahamulya Mahasuci sejati saka ing kodratingsun. Bilih badhe manungku puja samadi saderengipun wiwit anekung prayogi anyipta kados makaten punika.

5. PURBA JATI

Amratelakaken wahananing dat murih anggampilakeun panyuraosipun,mila perlu dipun dihaerahaken menggah papangkakataning saking wontenipun dat wau,makaten :

Dat mutlak kadhim ajali abadi,tegesipun jenggerengipun kang asipat hesa rumuhun piyambak,kala taksih awing-uwung ing kahanan kita,kasebut wisesa terangipun makaten : Dat punika tanpa tuduhan,amung dumunung anarambahi wonten salebeting gesang kita pribadi.Ananging khatah ingkang sami katambetan (boten sumerep),Awit sakalangkung samar,binasakaken boten jaman makam,tegesipun tanpa arah tanpa enggen,tanpa kanta rupa warna,sepen saking ganda rasa swara,asipat elok,dede jaler,dede istri,dede wandu,dipun pralambangi kombang anganjap ing tawang,mila ing dalem martabat kasebut : Latekyun,sebab saking dereng sanyata ing kahananipun,menggah terangipun : Gesang inggih sipating Hyang Maha Suci,punika sumunuk angliputi saindenging jagat saisen-isenipun.Pipindhanipun kados dene wontening hawa anggenipun sumusuk angliputi jagad raya saisen-isenipun sadaya,dados boten wonten papan ingkang boten kadunungan hawa,ing salebeting sela,salebeting brama,salebeting toya lan sanes-sanesipun sami sinusupan hawa,ateges ing saindenging jagad raya kebek hawa tanpa sela,ing jawi,ing lebet,inggih angliputi lan linimputan.inggih makaten punika pipindhan wontening dat inggih Pangeran ingkang maha suci inggih gesang kita pribadi.

1.       Kayun,tegesipun kang urip(Agesang),inggih punika atma,kasebut wasesa,minangka tajalining dt,awit kasorotan purbaning dat sajati,dipun pralambangi kusuma anjrahing tawang,tegesipun sekar dhawah ing tawang (tumuwuh ing awing-awang),mila ing ndalem martabat kasebut takyun awal,dene wiwit sanyata ing kahananipun (kanyatahan pisan).

2.       Nur (Cahya),kasbut pranawa,minangka tajalining kayu,inggih punika dados sasandhaning gesang,awit kasorotan saking wisesaning atma sajati,dipun pralambangi tunjung tanpa talaga.Tegesipun sekar terate gesang tanpa mawi toya.Mila ing dalem martabat kasebut takyunsani,dene sampun sanyata ing kahananipun,sebab takyunsani punika ateges kanyatahan ingkang kaping kalih.

3.       Sir,tegesipun rasa kasebut pramana,minangka tajalining Nur(cahya),awit kasorotan wisesaning pranawa sajati,dipun pralambangi isining wuluh wungwag,tegesipun boten kawistara.Mila ing ndalem martabat kasebut akyansabitah,dene sanyata tetep titis ing kahananipun,(titis = tumutis = tetes = tumetes = dhawah,inggih dhawahing raos).

4.       Roh,tegesipun nyawa,kasebut sukma,minangka tajalining rasa,awit kasorotan wisesaning pramana sajati,dipun pralambangi tapaking kuntul ngalayang,tegesipun boten mawi tabet,tapaking kuntul anglayang punika.Mila ing dalem martabat kasebut akyankarijiyah,dene sanyata medal ing kahananipun.

5.       Napsu,tegesipun angkara,minangka tajalining roh,awit kasorotan sukma sajati,dipun pralambangi latu murub ing telenging samodra,tegesipun kaelokan urubing latu wonten salebeting toya punika.Mila ing dalem martabat kasebut akyanmukawiyah,dene sanyata gesanging kahananipun.

6.       Ngakal,tegesipun budi,ugi kasebut ing griya,minangka tajalining napsu,awit kasorotan wisesaning angkara sajati,dipun pralambangi kudha ngerap ing pandhengan,tegesipun kudha nyander yang kakarungan punika nama kaelokan awit kapal taksih kinarung wonten salebeting jajaran dados upacara teka saged angerat,punika mokal.dados suraosipun dadi kaliyan pralambang lumpuh angijeri jagad.mila ing dalem martabat kasebut akyanmaknawiyah dene sanyata kawedhar ing kahananipun.

7.       Jasat (Badan),tegesipun warana,minangka tajalining budi,awit kasorotan wisasaning sipat,punapa dene dados embaning mudah,makaten ugi sadaya sorot sami sumarambah maradini saliring anggotaning badan jasmani sadaya,ateges sampun asipat (Mahujud).Mila manawi taksih jamaning sipat,dipun pralambangi kodhok kinemulan ing leng,tegesipun kodhok punika ngibarating mudah ingkang wonten salebeting jasat,dene leng punika ngibarating jasat ingkang wonten sajawining mudah,inggih punika kahananing dating gusti taksih kalingan dening sipating kawula.Pahe manawi jamaning dat ing ndelahan,dipun pralambangi kodhok angemuli ing leng,tegesipun jasat gentos dumunung wonten ing lebet,inggih punika kahananing sipating kawula sampun kalimputan dening dating gusti,dados sami tarik tinarik,tetep tinetepan,kados kasebut ing kadis ingkang ungelipun makaten :

Teteping dat punika anarik dhateng kayu.

Teteping kayu punika anarik dhateng nur.

Teteping nur punika anarik dhateng sir.

Teteping sir punika anarik dhateng roh.

Teteping roh punika anarik dhateng napsu.

Teteping napsu punika anarik dhateng ngakal.

Teteping ngakal punika anarik dhateng jasat.

Sawangsulipun  :

Teteping jasat punika tinarik dening ngakal.

Teteping ngakal punika tinarik dening napsu.

Teteping napsu punika tinarik dening roh.

Teteping roh punika tinarik dening sir.

Teteping sir punika tinarik dening nur.

Teteping nur punika tinarik dening kayu.

Teteping kayu punika tinarik dening dat.

Ing samangke amratelakaken menggah dating gusti punika kaotipun kaliyan kawula dening andarbeni pangawasa,wenang ambabar prabawa sarta anarik dhateng wedharing gelar kukudan,kados upaminipun manawi karkating jasat katarik ing pangraosing budi,pangraosing budi kairup ing hawaning napsu,hawaning napsu kasirep dening wisasening sukma,rerem salebeting betalmakmur.lajeng amuntu ing wiwaraning pramana,anglerem saniskaraning pancadriya,mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma,anggelar pangraosing cipta, wahananipun lajeng tilem,kahananing jasat kita ing ngriku saking pangraos katingalan alaming supena.kaleksanan saliring solah bawa.

Manawi pangawasaning suksma sampun ambabar pancadriya,sarta ambuka wiwaraning pramana,lajeng anggrenjetaken hawaning napsu,anuwuhaken pangraosing cipta katampen ing budi ngantos sumarambah ing ndalem jasat sadaya,ing mriku wahananipun dados tangi kahananing jasat kita,lajeng uninga malih dhateng saniskara ingkang katingal ing ngalam donya,mila dipun pralambangi anenun senteg pisan anigasi,tegesipun saweg sakedhap paningaling ngalam supena,lajeng saged wangsul uninga ingkang katingalan ing ngalam dunya malih.

Kados mekaten ugi manawi karkating jasat katarik ing pangraosing budi,pangraosing budi kairup ing hawaning napsu,hawaning napsu kasirep gdening wisasening suksma,wisasening suksma kakukud dhateng pangawasaning rahsa,lajeng luluh manjing dhteng pranawaning cahya,anunggil kaliyan purbaning atma,mantuk dados dat mutlak kang khadim ajaliabadi,ing ngriku wahananipun dipun wastani pejah kahananing jasat kita,ananging saestunipun boten pejah,amung ngalih panggenan kemawon,malah waluya gesangipun langgeng wonten ing kahanan kita kang amahamulya,mahasuci sejati,mila dipun pralambangi tanggal pisan kapurnaman,tegesipun dereng lami tumitah wonten ing ngalam dunya,lajeng wangsul malih dados manungsa sejati ingkang sampurna sarta waskita ing saniskara,boten mawi kasamaran dhateng kang gaib-gaib sadaya.

Inggih makaten punika riwayating dhalil kadis ijemak kiyas,ingkang katata urutipun satunggal – satunggal,supados muktamata kaliyan suraosing ngelmi makripat,sebab wonten pangerang-eranging  ngelmi makripat mekaten :

1.       Sinten ingkang taksih jibar-jibur ambruwah lumuh dhateng kasutapan,saking ngadat luwangipun dumugining dinten wekasaning tembe,jisimipun bosok dados siti,alusipun angalambrang kados kinjeng tanpa soca.Hewadene yen kinntenan lampah taberi asuci lahir batos,inggih terkadhang boten mekaten kadadosanipun ndhelahan.

2.       Sinten ingkang anggentur siyam tanpa antawis,saking ngadat luwangipun dumugining dinten wekasaning tembe,jisimpun wetah dados sela anyangaraken siti,alusipun dados dhanyang kang smarabumi.Hewadene yen kinantenan lampah trima,tegesipun ingkang dhinahar narima ing sawontenipun kemawon,inggih terkadhang boten makaten kadadosanipun ing ndhelahan.

3.       Sinten ingkang banter wungu tanpa watawis,saking adat luwangipun dumugining dinten wekasan ing tembe,jisimipun wungu kapanjingan brekasan ingkang amedosi,alusipun nitis dhateng bangsanipun satokewan.Hewadene menawi kinantenan lampah rila,tegesipun wungu ing sapakantukipun angiras dana mumule ing sakadharipun,inggih terkadhang boten makaten kadadosanipun ing dhelahan.

4.       Sinten ingkang anglantur cegah sahwattanpa watawis,saking adat luwangipun dumugining wekasan ing tembe,jisimipun amrajang dados lelembut,alusipun asring anjalma utawi ngemladean.Hewadene menawikinantenan lampah temen,tegesipun boten nate anyidra resmi bandrek jijinahan,inggih terkadhang boten makaten kadadosanpun ing dhelahan.

5.       Sinten ingkang sabar, saged amekak napsuhwa, purun anglampahi pejah salebeting gesang, tegesipun samubarang tansah ka’angkah – angkah, ulat sumeh, wuwus sareh, solah angrapepeh, sarta mawi dudugi lan prayogi, miwah anggage watawis, saking ngadat luwangipun dumugining dinten wekasan ing tembe, jisimipun sampurna gesang anunggil kaliyan alusipun dados Maha suci sejati, sebab saking istingaharipun saget gesang salebeting pejah, menawi kinantenan lampah utami, kados saya lestantun pamoring kawula gusti ing dhelahan.

Awit saking punika, mila lajeng wonten pangerang – erang makaten : sapa kang tansah kasalimur dening rajah tamah satwa hawa, amesthi tuna pangestine ing dhelahan, sebab patang perkara mau binasakake dadi pamurunging laku, lire :

1.       Rajah, Tegese kabungahan, dumunung ing sandhang panganggo.

2.       Tamah, tegese kamukten, dumuning ono ing pangan turu.

3.       Satwa, tegese karesmen, dumunung ono ing sosomahan.

4.       Hawa, tegese kamurkan, dumuning ono ing nafsu.

Dene Manawa ora kalimputan dening patang prakara mau, pagenea teka kadhung ora bias tutug saparaning cipta.

Pramila ugi sami anebihana ing iman kakalih, inggih punika iman mardhut lan iman tagayur. Nanging sami marsudia supados saged kasandhangan iman bahsan, tegesipun kasantosaning manah ingkang sae,sarta dadosa iman sabitah,tegesipun iman ingkang tetep.dumunung ing gesang kita,kados ing ngandhap punika :

1.       Iman idayat,dumunung ing gesang kita dados pitedahing awas.

2.       Iman mupasal,dumunung ing gesang kita dados palilahing pasilahaning emut.

3.       Iman sadrah,dumunung ing gesang kita dados pambukaning budi.

4.       Iman khalir,dumunung ing gesang kita dados pangestining birahi.

5.       Iman maksum,dumunung ing gesang kita dados pangreksaning napsu.

6.       Iman mahtup,dumunung ing gesang kita dados panuntuning eneng.

7.       Iman makbul,dumunung ing gesang kita dados panarimaning ening.

8.       Iman mujemal,dumunung ing gesang kita dados kaelokaning wirangi.

9.       Iman gaib,dumunung ing gesang kita dados panuksmaning suksma.

10.   Iman tayibah,dumunung ing gesang kita dados pasucianing rasha.

11.   Iman kamilmukamil,dumunung ing gesang kita dados kasemprnaning pranawa.

12.   Iman dhaim,dumunung ing gesang kita dados panetepaning asma.

Bilih kasembadan lampah kados kasebut ing nginggil wau temtu ginangtungan kanugrahan ingkang tanpa timbang wonten ing donya dumugi ing ngakerat pisan.

6. SALOKA JATI

Anggelaraken kawontenaning pralambang tegesipun pangumpamening babasan ingkang sami minangka pasemon saking arah dununging kawula gusti,miwah dayaning pakerti,ingkang sami nyantosakaken wewahing pangandel dhateng pangeran kita pribadi,kados ing ngandhap punika :

1.     Gigiring punglu,tegesipun gegering mimis,punika ngibarat kaelokaning dat,inggih pangumpamening gesang kita,deneyekti tanpa arah tanpa enggen,sayekti muhung dumunung ing gesang kita pribadi.

2.     Tambining pucang,tegesipun punika ngibarat kaelokanipun sipating dat,dene kahananing pangeran punika binasakaken dede jaler,estri lan dede wandu,lan dede punapa – punapa,kados punapa saestuning sipatpun,sayekti amung dumunung wonten sipating gesang kita.

3.     Wekasaaning langit,tegesipun punika ngibrat wawangenipun soroting cahya.Inggih soroting cahya kita,dene tanpa wangenan,sumarambah dumugi kahananing sipat kita.

4.     Wekasaning samudra tanpa tepi,tegesipun punika ngibarat wawangenanipun pengawasaning rahsa,sumarambah dumugi sanyataning warna kita.

5.     Galihing kangkung,tegesipun punika ngibarat wahananing suksma,ngarambahi ing badan kita.

6.     Latu sakonang,angasataken samodra,tegesipun punika ngibarat wedal ing hawa napsu.ingkang sasana salebeting pancadriya.

7.     Peksi miber angungkuli langit,tegesipun punika ngibarat rosaning budi tuwuh salebeting afngal kita.

8.     Baita amot samodra,tegesipun baita punika ngibarating badan ,dene samodra pangupamaning manah.

9.     Angin katarik ing baita,tegesipun punika ngibarat pakendelaning napas,dening wedalipun saking badan.

10. Susuhing angin,tegesipun punika ngibarat pekendelaning napas,inggih punika wonten ing jantung.

11. Bumi kapethak ing salebeting siti,tegesipun punika ngibaratipun wontening badan kita,ing nguni asal saking siti,ing tembe yekti pakubur ing siti,inggih punika wahananipun dados daging.

12. Mendhet latu adadamar,sami kaliyan latu ing salebeting latu,utawi latu binesmi ing latu,tegesipun punika ibaratipun badan kita asal saking latu tansah angedalaken latu,inggih punika upami wedaling kanepson.

13. Barat katiyup ing angin,sami kaliyan angin anginte prahara,tegesipun punika ngibaratipun badan kita asal saking angin,tansah angedalaken angin,inggih punika napas.

14. Tirta kinum ing toya,sami kaliyan angangsu rembatan toya,utawi toya salebeting toya,tegesipun punika ngibaratipun badan kita asal saking toya,tansah kailenan utawi angilekaken toya,inggih punika rah.

15. Srengenge pinepe,sami kaliyan kaca angemu srengenge,tegesipun punika ngibaratipun wontening cahya kasorotan ing surya,wonten salebeting cahya,inggih punika kahananipun dados pramananing netra,saking urubing cahya tansah kasorotan ing cahya.Terangipun,inggih punika netra,dene saking urubing cahya tansah kasorotan ing surya.

16. Wiji wonten salebeting wit,lan wit wonten salebeting wiji,tegesipun punika ingkang dipun basakaken pangleburing papan tulis,inggih amastani dene sajatosipun pangleburan papan tulis,inggih amastani dene sajatosipun gusti punika wonten ing kawula lan kawula wonten ing gusti.

17. Kakang barep aine muragi,tegesipun punika ngibaratipun martabat insan kamil,ing nalika tanajul dhawah wonten ing wekasan piyambak,sereng tarkinipun ing tembe dados wiwitan.dene insane kamil punika inggih wahananing gesang kita pribadi.terangipun : Gesang kita samangke dhawah wekasan,ing tembe dhawah wiwitan.

18. Busana kancana retma boten boseni,sami kaliyan busana wastra tanpa seret,tegesipun punika ngibarating jasa ing lebet,busana wastra wahananing kulit.terangipun : Amastani dhateng badan kita ingkang wadag,miwah ingkang alus,punika tetep langgeng wontenipun.

19. Tugu manic ing samudra, tegesipun punika ngibarat panthenging cipta ingkang terus dumugi pelenging paningal.

20. Sawanganing samudra retna, tegesipun punika mibarating babularbat tegesipun palawanganing pangeran, kakekatipun amastani palawangan ing dat, inggih punika babahan sanga winastan kori selamatangkeb tegesipun melar, mingkuping waras, utawi menga mingkeming lati.

21. Samudra winontan kilat, tegesipun punika mibaratipun wot sirotolmustaqim, suraosipun amastanning pesating yatma;dumugi ing ngabyantara ning pangeran kita. Wonten ingkang kamastani bilih wot sirotolmustaqim punika wedaling pamicara.

22. Bale tawang gantungan,tegesipun punika ngibaratipun ngaras kursi,tegesipun ngaras,karaupan,punika kakekatipun pasewakaning dat,dumunung ing sirah lan ing jaja,tegesipun kursi,palenggahan,inggih punika kakekatipu palenggahing dat,dunungipun ing utek lan ing jantung.

23. Wiji ing sela,tegesipun punika ngibarating lohkilmahpul,loh-kalam tegesipun roh = papan,tegesipun kilmahpul=pareksa,ateges papan : kang rineksa,inggih punika kakekatipun sipating dat,dumunung wonten ing jasat,sarta rineksa malaikat kirman.dene tegesipun kalam=panyeratan,punika kakekatipun wayanganing dat,dumunung wonten ing budi tumuwuhing angen-angen,rineksa malaikat katiban suraosing tipikajengan : amastani telenging gesang,punika dumunung ing badan kita.

24. Tengahing arah,tegesipun punika ngibaratipun mijan,tegesipun mijan=teraju,inggih punika kakekating panimbangan dat,dumunung wonten ing : paningal,pamiarsa,pangganda,pamiraos lan pangraos.suraosipun amastani dhateng panimbanging gesang kita inggih punika dumunung wonten ing pancadriya.

25. Katingal pisah,tegesipun punika ngibaratipun wahananing dat kaliyan kahananing sipat,punika saengga kados wijang piyambak.ananging sajatosipun dat punika boten saged pisah kaliyan sipatipun.sebab wonten wiji tumuwuh tanpa cangkok,nanging cangkok boten tuwuh yen tanpa wiji.terangipun amastani dhateng jejering kawula gusti,dene kados wijang piyambak-piyambak,nanging sajatosipun inggih nunggil kemawon.

26. Katingal boten pisah,tegesipun punika ngibarating solah kaliyan bawa,tegesipun solah,ebahing badan,tegesipun bawa,osiking batos.wontenipun solah lan kreteg punika katingal boten pisah,punika kaparengan dening karsa.

27. Katingal tunggal,tegesipun punika ngibarating dating pramana kaliyan sipating netra boten sanes,tegesipun amastani bilih pangawasaning netra kaprabawan dening pramana.

28. Medal katingal,tegesipun punika ngibarating wedaling dat,ateges pangawasaning pangeran,punika katandha saking kedaling lesan adarbe swara.

29. Katingal amedalaken,tegesipun punika ngibarat wedaling napas,dene kanyataan kados wonten ingkang angedalaken.

30. Manawi pejah boten kenging risak,tegesipun punika ngibarating suksma kaliyan raga,yen raga risak,suksmanipun langgeng kemawon.kasebut alip mutakalimun wakib,tegesipun sipat kang ngandika sakecap tanpa karna lesan,inggih punika kang ngarupa sajati dumunung ing suksma,inggih roh kita pribadi.

31. Manawi karisak boten saged pejah,tegesipun punika ngibarating napsu kaliyan rahsa,upami napsunipun kapekak,rahsanipun boten saged sirna margi rahsaning cipta taksih karaos dumunung ing rahsa kita pribadi.

32. Sukalila tega ing pejah,tegesipun punika ngibarat tiyang badhe pejah,anglampahi tigang prakawis : Sapisan,suka dene rumaos badhe angsal kabingahan ing jaman kasampurnan.

Kaping kalih,lila dene sampun rumaos lila dhateng barang tilaranipun.kaping tiga,dene sampun tega tilarsih katresnan lan sadaya pakaremanipun,punapa dene kawelasanipun,inggih punika anak bojo ingkang sami katilar kantun sadaya.

Wondhene sakathahing babasan ingkang kangge cacangkriman,menggah pradikanipun amung kawawas kados ing ngandhap punika.

Sadaya ingkang binasakaken : Ageng,wiyar,inggil,panjang,langkung,inggih punika ingkang kangge pangumpamen dhateng ananing dat,inggih kahananing pangeran kita.Dene sadaya ingkang binasaken : Alit,ciut,celak,andhap,kirang lan sapanunggilanipun,inggih punika kangge pangupamen wahananing sipat,inggih wujuding kawula.

Wondene ingkang kasebut ing babasan makaten : bothok,bantheng,winungkus ing ghodong asem kabitingan alu bengkong.Menggah pradikanipun bothok bantheng,sanepa ananing dat,inggih gesang kita pribadi,ghodong asem,sanepa wahananing sipat,inggih embaning gesang kita,kanyatahan saking warna kita,dene alu bengkong,sanepa kahananing afngal sadaya,inggih pakertining gesang kita.menggah dunungipun makaten : adeging gesang kita punika asisinglon warna kita,katandha saking solah bawa.

Liya ingkang kasebut ing nginggil,wonten wardinipun malih makaten bhotok bantheng,punika mani,ghodong asem,punika pawestren,alu bengkong,punika purusa ananing wardi ingkang makaten wau mboten prayogi menawi kangge raraosan ing ngakathah kenging dipun wiraosaken,prayogi namung kaliyan ingkang sampun tunggil kawruh,utawi dhateng ingkang sampun katuwuhan ing dudugi.Manawi kawiraosaken dhateng ingkang taksih kirang ing dudugi,mindhak karumiyinan ing pangangkuh,margi dereng dumunung knyektosaning tumuwuh kaselak amiyagah.

7. SASMITA JATI

Punika minangka pangemut-enut patraping pitegahan sadaya,bubukanipun amratelakaken riwayating kadis,manawi sampun pare king mangsa tegesipun utusaning pangeran ingkang maha suci,andhawuhaken janji dhatengngalam donya,inggih punika malaekat jabarail kinen mundhut sadasa pangkat kados kasebut ing ngandhap punika :

1.       Mundhut berkting bimi,tegesipun sudaning warna.

2.       Mundhut adiling ratu,tegesipun gingsiring pancadriya.

3.       Mundhut lomaning sugih arta,tegesipun sudaning kikiyatan.

4.       Mundhut wirangining pandhita,tegesipun ewahing budi.

5.       Mundhut tapaning ngawerdha,tegesipun tansah muring-muring.

6.       Mundhut sabaring sudra,tegesipun sugih kanepson.

7.       Mundhut sahing kadang warga,tegesipun petinging angen-angen.

8.       Mundhut wiranging pawestri,tegesipun sudaning kajatmikan.

9.       Mundhut imaning mukmin,tegesipun ngingganging nyawa.

10.   Mundhut sastraning kur’an,tegesipun ingseding rahsa

Manawi sampun rumaos sasmita kados kasebut ing nginggil punika,kita asring darbe welas dhateng badan kita pribadi,lajeng rumaos angangkat wijang raga kaliyan nyawa,ing ngriku tanda sampun pare king pejah.Kawistara sakathahing panengeran angajengaken dinten kiyamat,tegesipun kiyamat,jumeneng inggih punika kiyamating badan kita,badhe jumeneng kaliyan pribadinipun(Pejah).Kawistara saking panengeran,kados kasebut ing kitab bayan maot makaten wawarahipun :

1.       KIRANG 3 TAHUN

Kawistara rumaos sayah gesangipun,serta rumaos bosen anguningani sagunging kamulyan,ingkang gumelar ing dunya punapa dene asring nandang sakit mumet,asring supena kesahan purugipun mangaler,serta ical legeanipun salebeting sare.Ing ngriku enggening prayitna,tegesipun kita kedah enget,yen gesang punika boten wande dumugi pejah.

2.       KIRANG 2 TAUN

Kawistara kita asring rumaos darbe kangen dateng kaluearga ingkang sampun sami tilar dunya serta asring ngunek-unek raosing panggalih,elik dhateng sakathahing pakareman,punapa dene asring supena dandos-dandos dalem padaleman.Ing ngriku enggening nastapa.tegesipun cecegah.

3.       KIRANG 1 TAUN

Kawistara asring uninga wujud ikang boten katingal,asring geter senthiling jangga,utawi lajeng nandhang

Sakit,ingkang dadosaken sudaning kikkiyatan,netra pucet,balungan ngeres linu,sudaning pamuring-muring,raosing lidah suda,ing ngriku enggening ambater tapa

4.       KIRANG 9 WULAN

Kawistara asring sumerep netra kita pribadi,asring karaos marlupa,lampahing rah asring kendel,kanepson suda ing ngriku tansah anyiptaa pejah salebeting gesang wonten ing marcapada

5.       KIRANG 6 WULAN

Kawistara asring miring barang ingkang pancen boten kapiyarsa,asring gumrebeg salebeting karna,andadosaken sudaning pamireng,terkadang boten darbe karkat,tanpa pepenginan,asring tanpa kawelasan.ing ngriku nggoning wektu kedah tansah anglampahi pandamel sae,kareksa’a sumehing netya,manising wicara alusing solah bawah.Angecani manah sesamining gesang.

6.       KIRANG 3 WULAN

Kawistara asring mambet gandhaning lelembut kados menyan kobar tuntung amis,utawi mambet gandhaning sesakit,Asring karaos asrep salebeting grana,suda bantering napas,sarwa kasesa sabarang karsa,ing mriku pangenaning karem anyepen,tegesipun kedah asring angedalna ing saniskara,sarta ananamur lampah,punapa dene remen dadana dhateng para sekeng

7.       KIRANG 2WULAN

Kawistara asring cidera paningalipun,kadosta :  Srengenge asring katingal cemeng,langit katingal abrit,latu katingal cemeng,wawayanganipun piyambek katingal kalih,netra katingal tanpa wawayangan.Ing ngriku pangenanging wewarah serta piweling dhateng putra wawayah sasaminipun,amrih anglampahana pandamel sae dhateng saliring kautaman.

8.       KIRANG 40 DINTEN

Kawistara manawi dariji asta dipun pekak pekuk,kapetelaken dhalah epek-epekipun dariji manis ka angkat,yen sampun ka,angkat ajungjung dariji manis wau,utawi darijinipun sekawan sami dipun pekuk,kapetelaken dhalah epek-epekipun,dariji panunggul ingkang boten katekuk ka angkat,manawi sampun ka angkat ajungjung darijinipun panunggul wau,inggih ugi kirang 40 dinten.Punapa dene asring kejeng otot-ototipun,ula-ula kumedhut,asring supenanipun.ing ngriku pangenaning panelangsa,lan ngapuntena dhateng ingkang sampun kalepatan,lan anyuwun pangapunten dhateng sasami sami ingkang kaserikaken.

9.KURANG 10 DINTEN

Manawi mawas asta darijinipun katingal kalong,utawi ugel2ipun katingal pedot.ing ngriku panggenan amatrapaken pikekahing ngelmi kasampunan,inggih punika : Iman,Tokid,ma’ripat,Islam. Tegesipun iman,ngandhel ingkang dipun andhel kodrat kita,inggih kawasa kita pribadi,dumunging wonten ing eneng.tegesipun tohid,muhung satunggal.inggih punika pasrah dhteng irodat kita,inggih karsa kita pribadi,dumunging wonten ing ening.tegesipun ma’ripat,waskita.ingkang dipun waskitani ngelmu kita,inggih punika anguningani dununging dat,sipat,asma,afngal,(khantha,rupa,aran,pakerti utawi panggawe).Anggenipun ngawuningani dumuning ing awas tegesipun islam,wilujeng ingkang wilujeng punapa kayat kita inggih gesang kita pribadi,duunung wonten ing enget,inggih enget dhateng pangeran kita pribadi.punika datipun,dene angliputi ing alam sadaya.tegesipun jamal elok,ingkang elok punika sipatipun,dene dede jaler,dede estri,dede wandu,serta boten jaman makam,boten arah boten enggen,tanpa warna tanpa rupa.tegesipun kahar,misesa,ingkang misesa punika asmanipun.dene boten nama sinten-sinten,anjawi namung asmanipun pribadi kang amiisesa. Tegesipun, sampurna,ingkang sampurna punika apngalipn pandamelipun, dene saged, gumelar sami sanalika saking kawasa tanpa sangsaya.

10.KIRANG 15 DINTEN. Kawistara asring katingal warnanipun piyambak. Ing mriku panggenaning pamuja, aneges, karsaning kang maha kawasa, patrapipun manawi badhe sare mawi angendelna ing saniskara. Pamujanipun makaten : ana pupujaningsun sawiji, date iya datingsun, sipate iya sipatingsun, asmane iya asmaningsun,afngale iya afnglingsun. Ingsun puja ing patemon tunggal saka hananingsun, sampurna kalawan kodratingsun. Ing ngriku nyipta’a amuja tunggal, inggih punika : bapa biyung, kaki nini, garwa putra, wajah lan sasaminipun ingkang dados pelenging sih, sadaya wau nunggila wonten jaman kalanggengan.

11.KIRANG 8 DINTEN. Manawi sampun anandhang gerah, terkadang boten kersa dahar, boten saged sare ing ngriku panggenaning martabat. Patrapipun menawi bade sare utawi mentas wungu sare mawi angendelna ing saniskara,dene. Tobatipun makaten : ingsun nalangsa marandat ingsun dewe, regeding jisimingsun, gorohing atingsun, serenge napsuningsun, laline uripingsun salawase, ing mengko sun ruat sampurna sadosa ingsun kabeh, saka kodtingsun.

12.KIRANG 3 DINTEN. Manawi panggalih bingung, angraosaken gerah uyang, terkadang angedalaken tinja taun, utawi tinja kalong, punapa dene angedalaken cacing kalung utawi tembagi, pucuking purasa katingal karaos asrep, wani terag. Ing ngriku panggenaning anekseni datheng dat kita pribadi, mawi angadelaken saniskara. Anggenipun anekseni makaten : ingsun anekseni ing datingsun dewe, satuhune ora ana pangeran, nanging ingsun, lan anekseni ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang aran alloh iku badan ingsun, rosul iku rasaningsun, iya Muhammad iku cahya ingsun, iya ingsun kang urip ora kena ing pati, iya ingsun kang eling kang kena lali, iya ingsun kang langgeng ora owah gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskita tan kasmaran ing sawiji-wiji, iya ingsun kang amurba amisesa kang kawasa serta wicaksana ora kakurangan ing pangerti, biar sampurna padang trawangan, ora krasa apa-apa amungingsun kang liputi ing alam kabeh kalawan kodratingsun.

13.KIRANG 2 DINTEN. Manawi babahan hawasanga sami karaos medal angin, terkadang darbe welas dateng badan kita pribadi. Ingriku panggenaning anucekaken sakatahing anasir bangsa, inggih punika bangsaning anasir khak ingkang dumuning wonten ing : dat, sipat, asma, afngal, kadosta anasiring badan asal sakinh bumi, latu, angin, lan toya, punika sadya kacipta’a suci mulia mantu datheng asalipun,sampuna’a anunggil kalian anasiring roh, ingkang sukanda wonten kahananing wujud, ngelmu, nur, suhud. Tegesipun wahana inggih punika roh, amargi roh punika dados kanyatahaning roh. Tegespun ngelmu, paninggal, inggih punika paninggaling netra balaka amargi paninggal punika dados pamawasing roh.tegesipun nur, cahya, inggih punika cahya, kang angliputi sarira, amargi cahya punika dados pathandhaning roh. Tegesipun suhud, saksi, inggih punika napas, amargi napas punika dados saksining roh. Dene anggenipun nyuci kaken mawi angandelaken ing sanikara, sarta nyebut ing dalem cipta makaten: ingsun anucekaken saliring anasir ingsun kang bangsa jasmani, suci mulia sampurna nunggal kalawan saliring anasiringsunkang bangsa rohano, nirmala waluyajati ing kahanan jati dening kodratingsun.

14.KIRANG 1 DINTEN. Manawi otot ing ugel-ugel suku kita sampun kendho, utawi sarira kita sampun angedalaken riwe kumyus, punika kita terkadhang darbe rumaos angangkat wijing raga kaliyan sukma. Ing ngriku panggenaning angawinaken badan kaliyan nyawa, mawi angandelaken saniskara, mawi nyebut salebeting cipta makaten : Alloh kinawinake, winalenan dening rosul, pangulune mohammad, saksine malaekat papat, iya ingsun kang angawin badaningsun, sapatemon kalawan sukmaningsun, winalenan dening rahsaningsun, kaunggagahake dening cahyaningsun,sinaksenan dening  malaekatingsun papat, jabarail yaiku pangucapingsun, Mikail pangambuningsun, Isropil paningalingsun, Ngijoil pamirsaningsun,srikawine sampurma saka kodratingsun.

15. LALAMPAH. Manawi kulit sampun boten pera kumrisik, lajeng asrep, keketeg ugel-ugeling asta sampun sirna,andadosaken oncating kanaka tanpa cahyapramananing tinggal sampun sepen,paningal bawur grebeging talingan sirep,andadosaken pinggeng sanalika,lajeng gringgingen saranduning salira,sarta mambet gandaning sawa.ingriku kedah santosa ing panggalih,sampun liya ing pangesti,sebab wektuning badhe kadhatengan rancana ageng saking idajilanat lan panggodaning sadherekipun pribadi sekawan kalmia pancer,mila lajeng karwat salebeting cipta,makaten :

Ingsun angruwat kandang ingsun papat kalmia pancer,marmati kakang kawah adhi ari-ari getih puser,sakehe kadang ingsun kang ora katon lan kang ora karawatan,kadangingsun kang metu saka margaina,sarta kadangingsun kang metu bareng sadina,kabeh padha sampurna’a nirmala waluya jati saka kodratingsun.Lajeng nyipta pangukudan,makaten : Ingsun andadhekake ngalam donya iki saisen-isene kabeh iki yen wis tutug wawangenane,nuli ingsun kukud mulih mulya sampurna dadi sawiji,kalawan kahanan ingsun maneh,saka kodrat ingsun.Lajeng nyipta pamancadan,makaten : Ingsun mancat saka ing alam insane kamil,tumeka marang alam ajean,nuli tumeka marang alam missal,nuli tumeka marang alam arwah,nuli tumeka marang alam akadiyat,nuli tumeka marang alam insane kamil maneh,sampurna padhang trawangan saka kodratingsun.

Sadaya wau muhung kaliyan nyiptakemawon sebab tataning sarengat tarekat,hakekat,makripat,sampun kinukud.Dene sarengat punika lampahing badan,dunungipun ing lesan.Tarekat lampahing manah dunungipun ireng grana.Hakekat lampahing nyawa,dunungipun ing talingan makripat lampahing rahsa,dunungipun ing netra.dene ingkang kinukud rumiyin paningaling netra,kaumpamekaken bawuring kacawirangi,utawi esating toya jamjam.nunten pamiarsaning talingan,kaumpamekaken rentahing godhong sajaratiyomuntaha,utawi kangsrahing kajarswad.nunten panggandaning grana,kaumpamekaken guguring ikrap,utawi rebahing redi tursina punapa dene sugaring wukir jabir,sirahing jurang mukadasituwa.Nunten pamiraosing lesan,kaumpamekaken bibrahing wot siratalmustakim,utawi risaking katbatulloh.

Ing ngriku tan liya namung mangesti nyipta manunggaling kawula gusti,anata sarira,patrapipun makaten : Asta sidhakep,dariji ngapurancang,jempol ka’aben sami jempol,tumumpang ing jaja,suku salonjor,jempol polok dhengkul kiwa tengen ka’abena ingkang rapet,pajaleran palandhungan sampun ngantos kaindihan,nunten mawas pucuking grana kasipat kaliyan jaja,puser,pajaleran dumugi jempol suku waja gathuk,lati mingkem,pucuking lidah madal ing cethak,lajeng ngeremna netra kang alon,sarta lajeng nata lebet wedaling napas,pratingkahipun sampun kasesa,napas lumebet nyipta : HOE,napas medal nyipta : ALLAH,dados : HU-ALLAH.punapa dene dipun santosa ing pangesti,manawi katingal punapa-punapa,poma sampun dipun paelu,punika rencananing pejah,dipun tansah jinem ing cipta.

`           Ing ngriku wiwiting rahsa kita mingsed   saking jempol suku,dumugi ugel-ugel,lajeng dumugi dengkul,kaparengan panariking rahsa kita saking pucuking dariji asta,lajeng dumugi walakang,kaparengan panariking rahsa kita saking pucuking urat,lan saking urat kendel ing puser,kang njaja,kang saking sikut dumugi salang lajeng kempal wonten ing njaja,lajeng minggah dumugi ing tenggak,lajeng dumugi ing utek,sareng sirnaning napas kita,serta sirnaning keketeging jantung,amung kantun keketeging utek,lajeng ngambah alaming nyawa,budi cahya,dumugi alaming pangeran,lajeng kasat mata ing ndalem cipta,kados gebyaring calcret,boten mawi antawis malih paworing kawula gusti anunggil gesang wonten salebeting cahya kita pribadi,ingkang tanpa gesang kita wangsul kados kang rumiyin,tetep gesang ingkang tanpa wiwitan lan tanpa wekasan,inggih gesang ing donya ndhelahan,langgeng ing salami-laminipun.

Ing mangke mratelakaken panengeraning manungsa ingkang badhe dumugi ing janji,ingkang kawistara saking panawaning liyan,kados ing ngandhap punika :

1.       KIRANG 3 TAUN.Terkadhang kados angsal panglulu gesangipun.

2.       KIRANG 2 TAUN.Terkadang ghadhah lageyan ewah saking adat.

3.       KIRANG 1 TAUN.Terkadang angenggal-enggali solah bawanipun.

4.       KIRANG 6 WULAN.Terkadang salin lalabuhanipun,lajeng tanpa hawa kadosta tiyang kereng,dados alim,tiyang remen ing parameyan,dados karem ingasepan,sapanunggalanipun.

5.       KIRANG 3 WULAN.Terkadhang wangsul wawatekanipun kados lare.

6.       KIRANG 1 WULAN.Terkadhang katingal surem cahyanipun,tandha badhe nandhang sakit.

7.       KANTUN NGENSTOSI SANGAT,urubing netra,sampun dhoyong sarta katingal sampun sirep amung kantun gilar-gilar,lajeng kamisawangen,kedhet kendhel,imba tikel.

8.       DUMUGI JANJI.lajeng ical matinipun,netya pucet,karna pengeh,grana mingkup,grayanging badan sampun asrep,keketeg sadaya sepen,lajeng mambet gandaning sawa.

Dene menggah patrapipun pamawas,pucuking grana kita kasipat kaliyan jajanipun ingkang sakit,lajeng winawas kliyan megeng napas,angeningaken cipta,angesti paworing kawula gusti,ing ngriku enggening waspada.

8. WASANA – JATI

Kacarios bilih kita bdhe pejah, keketging jantung sampun sampurna, namung kantun keketeg salebeting utek kemawon lajeng karaos nikmat salir anggota ning sarira sadaya. Wektu sirnaning warana lajeng katingal ing jaman karamaulloh, tegesipun jaman kamulyaning alloh. Pangraosipun ing ndalam ngadanrukini dathengipun sakathaing cahya ingkang ngilmputi dathing karaton, amawa tandha kapiarsa salebeting cipta kados wonten susra rame surak ambal-ambalan. Sampun ngantos kaget, sabab punika kumaraning hawa kita ingkang sirna sampurna, ing ngriku namung amusti pupuntoning tekad kang santosa, kados ngibarating aksara alip kang aljabar jer apes, ungelipun : A,I,O tegesipun : aku iki urip, lajeng anyipta’a branta ingkang dat supados sampun kengetan dhateng ingkang katilar kantun sadaya ing nalika punika boten mawi atawis lajeng byar katingal ing alam kabir,kados wawangsitipun S. kali jaga ingkang badhe kalampahan wonten salebeting jaman karamtulloh kaetosan ing ndalem ngadamrukmi katingal saking pangraos kados ing ngandhap punika :

1.       Ing sakawit katingal alam rokhiyah,tegesipun alaming nyawa, apadhang dede padhaning rahina, tanpa keblat wetan ler kidul kilen tengah miwah ngandhap nginggil. Ing ngriku aningali saganten tanpa peti, punika wahananing manah kawimbuhan cahyaning utek satengahing saganten wonten duryat panca maya, tegesipun sosotya, saking osik gangsal warni, kados teja gumawang cahyanipun. Punika wahananing jantung kawimbuhan cahya ning joharawal, inggih punika manik. Ingkang panca maya lajeng liput jatining manah, dados pangrasaning sarira, jumeneng wonten telenging samudra tanpa tepi wau. Empanipun angawasaken amung dumunung wonten ing cipta, papanipun anyidikaken dumunung wonten ing paningal, pamiarsa, pangganda, pamiraos miwah pangraos saklebeting cipta lajeng asa rupa jalma, dipun wastani mukasipat. Dene kuwasanipun namung anuntun sakaliring sipat sadaya, ing nalika punika sampun ngantos kasamaran dhateng panengeraning rupa sajati, inggih rupa kita pribadi jumeneng alip mutakalimunwakid, tegesipun sipat kang angandika sakecap tanpa lesan. Ing ngriku dipun mantep ing iktekad, sabab wawayanganing roh sampun ngatingali salebeting pramana, inggih roh kita pribadi, sampurnanipun anunggil kahanan dhateng alaming rahsa, inggih rahsa kita pribadi.

2.    Sasirnaning alam rokhiyah,katingal alam siriyah,tegesipun alam ing rahsa,pandhngipun anglangkungi pandanging alam rukiyah,ing ngriku dhateng cahya sekawan warni,cemeng,abrit,jene,pethak,punika wahananing budi amedalaken kahanan ing napsu hawa sekawan prakawis,ingkang sami dados durgamaning rahsaning manah.katingalipun tumaruntun satunggal-tunggal,ingkang wiwit katingal rumiyin cahya cemeng,punika kahananing napsu aluhamah,hawanipun nalika gesang amurugaken dhangga,arip luwe sapanunggalipun,wahananipun ing wadhuk,wahyanipun saking lesan. Kadosanipun salebeting cahya cemeng katingal sakaliring satokewan wah gegemrotan sami angragodha kados anganggep pangeran,prabawanipun bumi gonjing,alaming napsu dipun wastani alam nasut,tegesipun supe. Poma dipun enget sarta santosa,sampun ngantos korup wonten salebeting cahya cemeng,bok manawi lajeng nitis dhateng satokewan utawi gegemrotan.

Boten antawis dangu cahya cemeng sirna,nunten kaingal cahya abrit,punika kahananing napsu amarah,hawanipun ing nalika gesang amurugaken angkara,panasten jail drengki sapanunggilanipun,wahananipun ing ampere,wahyanipun saking karna,kadadosanipun ing salebeting cahya abrit katingal saliring budi srani brekasakan,inggih sami angragodha ang anggep pangeran,prabawanipun latu ageng amurub angalad-alad alaming napsu dipun wastani alam jabarut,tegesipun sereng,ing nalika punika panggenaning rekaos,poma dipun sareh sarta santosa,sampun ngantos korup wonten salebeting cahya abrit,bok mawi anitis dhateng brekasakan.

Boten dangu cahya abrit sirna,nunten katingal cahya jene,punika kahananing napsu supiyah,hawanipun ing nalika gesang amurugaken murka,pepenginan pakereman kabingahan sapanunggilanipun,wahananipun ing limpa,wahyanipun saking netra,kadadosnipun ing salebeting cahya jene sakaliring peksi miwah bangsa iber-iberan,inggih sami angragodha kados anganggep pangeran,prabawanipun angin pancawara ageng,alaming napsu,dipun wastani alam laut,tegesipun gingsir,ing nalika punika panggenaning lenggang saliring anggotaning salira,poma dipun tetep sarta santosa,sampun ngantos korup wontun salebeting cahya jene,bok manawi nitis dhateng peksi miwah iber-iberan.

Boten dangu cahya jene sirna,nunten katingal cahya pethak,punika kahananing napsu mutaminah,hawaning nalika gesang amurugaken lobaning kautaman sapanunggilanipun kadosta anglampahing pujabrata angalantur boten mawi watawis,wahananipun ing babalung,wahyanipun saking brana,kadadosanipun salebeting cahya pethak katingal sakaliring ulam loh,miwah bangsanipun ulam toya wonten saganten rahmat,inggih sami angragodha kados anganggep pangeran,prabawanipun toya wening tanpa sangkan,alaming napsu dipun wastaning alam malakut,tegesipun karaton,ing nalika punika panggenaning uninga ing karaton,poma dipun waspad sarta santosa,sebab dede sajatiningkaraton kang rinakit maha mulya,sampun ngantos korup selebeting cahya pethak,bok manawi nitis dhateng ulam roh miwah bangsanipun bubujengan toya.menggah sampurnanipun sakawan pisan unika sami nunggil kahanan dhateng alaming cahya,inggih cahya pribadi.

3.       Sasirnaning alam siriyah,katingal alam nuriyah,tegesipun alaming cahya,padhangipun anglangkungi padhanging alam siriyah,ing ngriku dhatenging cahya amanca warni,cemeng,abrit,jane,pethak,ijem,gumelar sareng sami katingal karaton sarwa raras sadaya,unikawahananing pancadriya kawimbuhan cahyaning pramana,alaming pancadriya dipun wastani alam idayat,tegesipun pitedah,dene anedahaken panggenanipun gumelaring karaton,ananging dede sajatining karaton kang rinakit maha mulya,punika karatoning panasaran,kadosta karaton ingkang katingal salebeting cahya cemeng,punika karaton dating satokewan miwah gegremetan ingkang katingal wonten salebeting cahya abrit,punika karaton dating brekasakan ingkang katingal wonten salebeting cahya jene,punika karaton dating peksi miwah bangsa iber-iberan. Ingkang katingal wonten salebeting cahya pethak,punika karaton dating ulam loh miwah bangsaning bubujengan toya. Ingkang katingal wonten salebeting cahya ijem,punika karaton dating tutuwuhan.

Anunten ing nalika punika wonten kapiyarsa swara kados tangising bayi kala lahir,lajeng amangsit anedahaken karaton ingkang amahamulya,pomadipun jinem,sarta santosa sampun ngantos anyipta milih salah satunggal,bok manawi kalebet karaton panasaran.menggah sampurnanipun ingkang katingal punika,sami anunggil kahanan dados cahya wening wonten salebeting alam nuriyah,inggih taksih cahya kita pribadi.

4.       Taksih salebeting alam muriyah,ing mriku katingal cahya uning,salebeting cahya wonten huruf satunggal,angadeg sasada lanang agengipun,darbe sorot wolung warni,cemeng,abrit,jene,pethak,ijem,biru,wungu,dhadhu,gumelar sareng sami katingal sowarga sarwa asri sadaya,punika wahananipun warnaning pramana,kawimbuhan dening suksma,alaming pramanadipun wastani alam miskat,tegesipun bira’I,dene panggelanipun rumaos branta dhateng gumelaring swarga,ananging dede sajtining swarga kang maha suci,dede panggenan kang anikmat mafangat rahmat,unika kahyanganing jim sadaya,amung panggenan kamukten kemawon,kadosta ingkang katingal sawarga,sarwa cemeng meles meleng – meleng mindha mustikaning bumi,punika kadadosan saking kanistaning cipta,yen njumeneng wonten ing ngriku,bok manawi dados retuning jim cemeng. Ingkang katingal sawarga sarwa abrit amartaka;mimba soroting sosotya genihara,punika kadadosan saking dustaning cipta,yen jumeneng wonten ing mriku,bok manawi dados retuning jim aprit. Ingkang katingal swarga sarwajene sumunar mimba retnadumilah,punika kadadosan saking doraning cipta,yen jumeneng wonten ing mriku,bok menawi dados retuning jim jene. Ingkang katingal sawarga sarwa pethak maya-maya wenes mimba manik maya punika kadadosan saking setyaning cipta,yen jumeneng wonten ing mriku,bok manawi dados retuning jim pethak. Ingkang katingal swarga sarwa ijem angu nguwung mindha manic tejamaya,punika kadadosan saking kasantosaning cipta,yen jumeneng wonten ing ngriku, bok manawi dados ratuning jim ijem. Ingkang katingal swarga sarwa biru nguyek mindha manik nilapakaja,punika kadadosaning sambawaning cipta,yen jumeneng wonten ing mriku bok manawi dados retuning jim biru. Ingkang katingal sawarga sarwa ungu menges mindha manic pusparaga,punika kadadosan saking sambadaning cipta,yen jumeneng wonten ing mriku bok manawi dados retuning jim ungu. Ingkang katingal sawarga sarwa dhadhu,muncar mimba mirah delima punika kadadosan saking ewah,gingsiring cipta,yen jumeneng wonten ing ngriku,bok manawi dados retuning jim dhadhu. Ing nalika punika mambet gandhanipun sakathahing kahyangan wau amrih angambar-ambar kados anarik rahsa,poma sampun ngantos karaosaken,bok manawikalebet ing sawarga panasaran. Menggah sampurnanipun makaten punika sami nunggil kahanan dados cahya mancur wonten salebeting alam oluhiyah,inggih taksih cahya kita pribadi.

5.       Sasimaning alam nuriyah,katingal alam oluhiyah,inggih punika alam ilahiyah, tegesipun alaming pangeran,padhangipun anglangkungi phadhangipun lam nuriyah,ing ngriku katingal cahya mancur,salebeting cahya katingal rurupan kados tawon gumana,jumeneng ing makam pana,tegesipun panggenan waskita,punika warnaning suksma,kang amimbuhi ing saliring warna sadaya,anglimputi saubenging jagat alit jagat ageng ing saisen-isenipun,ananging gesangipun saking pramananing rahsa,ing nalika punika dhatenging nyarupi bapa, kaki lan sapanunggilanipun luluhur jaler, angaken utusaning dat kang  mahasuci,kinen angirit dhateng kalaratullah, poma dipun santosa sampun ngantos kaimanaken, sabab punika afngaling suksma kita pribadi.menggah sampurnaning ingkang katingal makaten punika sami anunggil kahanan dados cahya mencorong wonten salebeting alam oluhiyah ugi, inggih taksih cahya kita pribadi.

6.       Taksih salebeting alam oluhiyah, sangsaya wewah padhangipun, ing ngriku katingal cahya mencorong, salebeting cahya katingal wonten sipating rurupan kados golek gadhing asawang puputran mutyara,dede jaler dede estri dede wandu, jumeneng ing makam baka, tegesipun, panggenan langgeng, punika pramananing rahsa, ing nailka punika dhatengipun widadari awami biyung nini sapanunggilanipun luluhur estri,angaken utusaning dat kang Amahasuci, kinen angirid dhateng kalaratullah, poma dipun santosa sampun ngantos kaimanaken. Sebab punika afngaling rahsa. Kita pribadi.

Menggah sampurnaning ingkang katingal makaten punika, sami anunggil dados cahya gumilang tanpa wawayangan wonten salebeting alam oluhiyah ugi inggih taksih cahya kita pribadi.

7.       Taksih salebeting alam oluhiyah, tanpa kinten-kinten padhangipun, ing ngriku boten katingal punapa-punapa amung cahya gumilang tanpa wawayangan, punika cahyaning atma sajati, anunggil cahyaning dat kang asipat hesa, boten jaman boten makam, boten arah boten enggan, tanpa kanta rupa warna, sepen saking ganda rasa swara, amung waluya kados kala kadhim ajaliabdi, kakadosanipun atma kita asarupi maha mulya, kang amurba amasesa kang kawasa anitahaken saliring alam, sarta angliputi alam sadaya, apranawa mengku sakaliring makam sampurna, gesang piyambak boten wonten ingkang anggesangi, dipun basakaken kayun bilrokin, tegesipun gesang tanpa hawa, inggih punika dados tajalining gusti kang maha suci sejati, kang agung datipun, kang wisesa asmanipun, kang sampurna afngalipun, dumunung ing gesang kita pribadi, ing ngriku marginipun ibarat konasipun curiga supana, angliputi warangka kajeng gesang ingkang sajati, amawa tandha kasamata ing ndalem cipta kados gebyaring caleret medal saking badan kita pribadi, inggih punika sampurnaning keketeg salebeting. Sareng lakiyan sampurnaning atma dados cipta, sampurnaning cipta dados waskita, lajeng boten mawi antawis paworing kawula gusti, apulangkayun ing ndlaem nur Muhammad hakiki, tegesipun tunggil gesang wonten salebeting cahya sajati ingkang gumilang tanpa wawayangan, inggih punika duryating gesang kita wangsul dhateng duryat mantuk dados sajatining mutlak kang kadhim ajaliabadi, dipun basakaken kayun pidharaheni, tegesipun gesanging kahanan kalih, wonten ing alam sahir kita gesang, wonten ing alam kabir kita inggih gesang, sarta dumunung ing kalarat kita kang sajati, langgeng wonten salebeting kahanan kang amahamulya sarwa nikmat manfangat rahmat tanpa karana, tegesipun punapa kahananing ngriku sadaya ngijil saking kodrat kita sadaya, sami sanalika lajeng rumaos waluya dados dating gusti kang maha suci sajati asipat hesa. Tandhanipun dene kawasa aningali tanpa near mirasa tanpa karna, angganda tanpa grana, angandika tanpa lesan ing temahan sampun sarwa waskita boten mawi kasamaran dhateng ingkang gaig-gaib, sarta enget wewentehan sanes karaning purwa wadiya wasana sadaya, sampun uas sumelang malih.

Punapa ingkang kasebut ing nginggil wau , sadaya punika wawarah tumrap dhateng para ngam, murih sumerep ingkang badhe kalekasanan ing dhelahan,babasan sabecik-sebanipunbecike anglakoni tanpa tuduh prayogi kang sumerep kanthi kang seserepan. Pipindhanipun kados dene tiang badhe seba ing panjenengan Ratu, wonten ingkang tedah margi lumbebet ing kadhaton, winarah awit saking Pangurakan, lajeng angambah ing galadhag, lajeng ngambah ing alun-alun, anglangkungi waringin sengkeran, anjog ing pagelaran, lajeng ing itinggil, anglangkungi kori Brojonala, Kori Khamandhungan, lajeng kori srimanganti,anjog palataran ing Dhatulaya, ing ngriku manawi angsal kanugrahan saged marak ngabiantara Nata. Menggah ingkang kaambah wau sayeti sami katingalan isen-isenipun sarta wonten ingkang dados awisanipun piyambak-piyambak. Dene tumerap tiyang ingkang sampun perak ing panjenengan Ratu,  sebanipun boten perlu mawi pitedahan, sampun saged laju ngabyantara anjujug  medal kori  Kadhaton pengkeran Makaten ugi ing jaman sakaratil maot, manawi tiyang sampun tinitah mukmin kas, inggih ingkang sampun tinarimah saking lampahipun piyambak sg ayekti saged angesti cipta cangcuting amaterapaken panjenengan- ingdat, supados boten wonten punapa-punapa, lan sampun ngantos katingal punapa-punapa ing sawiji-sawijining kahanan tuwin ruruphhen punapa kemawon,ing ngriku kuwasa laju manjing selebeting alam oluhiyah wonten ing ndalem cahya gumilang tanpa wawayangan inggih cahya kita pribadi.

Tutuladhanipun kados ingkang kocap duk ImanRohaniyah Japar Sidhik ing tanah Arab, sampun kalampahan seda ing dalem sadinten lajeng saged gesang malih, punika anyariosaken ingkang  katingalan awit angangkat mingsedinrahsaning atma, ing salajengipun ngantos tutug salebeting alam oluhiyah, sarta dhatengipun para widadari, rahayu lajeng enget, sarta lajeng jinantenan manawasampun andungkap ing kahanan kang maha mulya ing salebeting cahya gumilang tanpa wawayangan, nanging dereng mangsanipun dumugi jng ngriku wekasan Iman Rohaniyah Japar Sidhik kinen wangsul dhateng alam dunya malih.Punapadene lajeng tinedahaken ing dadalan ingkang leres, sarta minarah sajatining sadaya kahanan ingkang sampun dipun sumerepi sadaya boten wonten ingkang kalangkungan.Inggih makaten punika cariosaning Iman Rohaniyah Japar Sidhik anggenipun lajeng wungu saking seda.Panjenenganipun lestantun asma Rohaniyah, tegesipun nyawa kathah………………

SALAM….MUGA BERMANFA’AT KANGGO SING LAGI LAKU KEBATIANAN

Ttd

Djaka tolos / Wong Edan BaGu

Berikan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s